+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 6 Juli 2026 Minggu Limrah

Yeremia 27:1-11; Jabur 131; Rum 1:18-25

NANGING ATINE DADI PETENG
“Amarga sanadyan padha mangerti marang Allah, wong-wong mau
ora padha ngluhurake Panjenengane kang jumeneng Allah, utawa ora padha
saos sokur marang Panjenengane. Nanging pangangen-angene dadi
padha tanpa guna, lan atiné kang bodho padha dadi peteng.”
(Rum 1:21)

Amargi kawicaksananipun Gusti Allah, manungsa nampi kabingahan
lumantar pakaryan lan sedaya titahipun ing donya punika; alam raya, langit,
bumi, segara, lan samukawis kang katitahaken kanthi rahayu, punika
minangka pawartos bilih Gusti Allah punika saestu wonten, Maha Kuwasa,
saha Maha Wicaksana. Nanging sayektosipun kathah manungsa ingkang
nglirwakaken kawontenanipun. Sinaosa sampun nyumurupi panguwaos lan
kamulyaning Gusti Allah lumantar pakaryanipun, nanging manungsa boten
nggadahi manah pitados lan purun ngluhuraken Panjenenganipun.
Ayat nats punika nyariosaken bilih sanadyan manungsa sampun mangertosi
bab sinten Allah punika, nanging boten ngluhuraken Panjenenganipun minangka
Pangeran. Atinipun malah dipun isi pepeteng, boten purun memuji lan
matur nuwun syukur. Pikiranipun kecalan pitedah gesang ingkang leres,
malah milih nyembah sesamining titah, kewan, utawi barang kasat netra
sanesipun – tinimbang nyembah Gusti Allah ingkang nitahaken punika sedaya.
Punika nedahaken bilih pangangen-angen lan manahipun manungsa badhe
muspra menawi boten ngandelaken kuwaos lan kawelasaning Gusti Allah.
Miturut pawartos punika, kita sami dipun emutaken supados tansah
emut, muji, lan ngluhuraken Gusti Allah ing salebeting gesang padintenan.
Sampun ngantos gesang kita katutup petenging jagad, nanging kita kedah
dados tiyang ingkang tansah matur nuwun, nresnani kamulyanipun Gusti
Allah, saha manembah dumateng Panjenenganipun kanthi tulus. Srana
mekaten kita badhe tansah kaparingan pepadhang saking Gusti Allah, supados
saged misuwuraken asmanipun saha lumampah manut pitedahipun. Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *