Zakharia 9:9-12; Jabur 145:8-14; Rum 7:15-25a; Mateus 11:16-19; 25-30
PADHA MRENEA, AKU BAKAL GAWE AYEMMU
”He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal
gawe ayemmu. Pasanganku padha tampanana ing pundhakmu lan padha
nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe
bakal padha oleh ayeming nyawamu. Amarga pasanganKu iku kapenak
lan momotanKu iku entheng.” (Mateus 11:28-30)
Gusti Yesus paring pangandika kanthi kebak ing sih kawelasan, nimbali
para manungsa ingkang ngraosaken kesayahan lan kamomotan ing gesang
ipun: “He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku
bakal gaeé ayemmu.” Pangandikan punika mboten namung timbalan, ananging
ngemu setunggaling pawartos kabingahan ingkang kebak sih-rahmat. Gusti
pirsa raos sangsara ing manah, momotaning gesang ingkang dipun alami
dening manungsa. Panjenenganipun nyawisaken pangayoman kang tulus,
sarta panglipur ingkang sejati tumrap saben tiyang ingkang marek sowan
kanthi manah nglentih, andhap asor, lan nyadhong pitulunganipun Gusti.
Panjenenganipun ugi paring dhawuh: “Pasanganku padha tampanana
ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lan lembah-
manah, satemah kowe bakal padha olèh ayeming nyawamu.” Pasangan/
Kuk punika pralambang nunggil lan mbangun sesambetan kaliyan Gusti,
ingkang boten damel sayah nanging paring kakiyatan.
Sedaya punika ngemu teges, sinten kemawon ingkang kersa marek
wonten ngarsanipun Gusti kanthi manah ingkang tulus, badhe nampi katentreman.
Katentreman ingkang boten namung wonten ing sak njawining gesang, nanging
nyantosakaké jiwanipun manungsa sakwetahipun. Pramila, sumangga kita
sami tumungkul, ndedonga lan nampi kekiyatan sejati saking Gusti Yesus,
supados gesang kita saged lumampah miturut pitedahing Panjenenganipun,
lan kawelasanipun saged kita raosaken ing salebeting gesang saben dinten.
Amin. |*SP
