+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 4 Juli 2026 Minggu Limrah

Zakharia 4:1-7; Jabur 145:8-14; Lukas 10:21-24

KABEGJAN TUMRAP WONG KANG SUMARAH
“Ing nalika iku Yésus sukarena ing sajroning Roh Suci banjur matur, “Dhuh,
Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawula ngunjukaken genging
panuwun, déné prakawis punika sadaya Paduka damel wados tumrap
para tiyang wicaksana lan winasis, nanging Paduka lairaken dhateng laré
alit. Inggih, Rama, Kawula
saos panuwun wonten ing ngarsa Paduka, déné punika ingkang dados
keparenging panggalih Paduka.” (Lukas 10:21)

Ing wekdal punika, Gusti Yesus ngluhuraken Sang Rama kanthi kabingahan
ing Roh Suci. Panjenenganipun ngaturaken panuwun awit Sang Rama maringi
pangertosan bab Kratoning Allah mboten dhateng tiyang wicaksana lan pinter,
nanging malah dipun wahyokake dhumateng tiyang alit. Punika maringi
piwucal dhumateng kita bilih sih-rahmat lan kawruh bab karahayon boten
gumantung marang kapinteran, nanging gumantung marang kasucèning
atiné tiyang ingkang andhap asor sarta sumarah.
Gusti Yesus ngandharaken bilih sedaya perkawis dipun pasrahaké dhumateng
Panjenenganipun dening Sang Rama. Namung Gusti Yesus piyambak ingkang
saged paring pangertosan bab Sang Rama, lan menawi wonten ingkang
badhé mangertos Sang Rama, punika namung saged lantaran Sang Putra.
Piwucal punika maringi kawruh bilih kita kedah nyawiji kaliyan Gusti Yesus
kanthi iman lan katresnan, awit namung Panjenenganipun margi ingkang
saged tumuju dhateng karahayon lan pitepangan ingkang sejati dhumateng
Gusti Allah, boten wonten sanesipun malih.
Ing pungkasanipun, Gusti Yesus ngandika dhumateng para sakabat, bilih
kabegjanipun tiyang ingkang saged nyumurupi lan mireng pangandikané
Gusti punika ageng sanget. Kathah nabi lan raja ing jaman kepengker kepengin
perkawis punika, nanging boten kelampahan. Kita ugi kalebet tiyang ingkang
begja, awit kita saged ndedonga, maos Kitab Suci, lan ngraosaken kabar
kabungahan saking Gusti Yesus saben dinten. Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *