Pangandaring Toret 17:14-20; Jabur 96:1-9; 1 Petrus 5:1-5 KUDU NYANDHING ANGGER-ANGGER“Samangsa wus kelakon lenggah ing dhamparing keprabon,banjur gawea layang turunane angger-angger iki, miturut kitabkang kadarbe dening para imam lan wong Lewi”(Pangandharing Toret 17:18) Punapa kuwajibanipun pangarsa ingkang sampun kapiji nalika pemilulegislatif ing Indonesia? Temtu kedah nindakaken ayahan lan tanggeljawabipun kanthi saestu. Nalika dipun kekahaken ing kalenggahan minangkapangarsaning negari, tiyang-tiyang punika ugi kedah ngucapaken sumpah/janji ing ngarsanipun Gusti srana janji ing sangajengipun Kitab Suci. Ananging,sasampunipun lenggah ing panggenan ingkang inggil, lajeng kathah ingkangkesupen babagan lelados dumateng masyarakat.Kasus korupsi ing Indonesia kalebet inggil, lan sinaosa gadhah KomisiPemberantasan Korupsi (KPK), emanipun malah wonten peranganing KPKpiyambak ingkang nindakaken korupsi. Mila lajeng wonten tiyang ingkang matur“Lha karo Gusti Allah wae ora wedi, apamaneh karo padha-padha manungsane?”Waosan Kitab Suci wonten ing Pangandharing Toret 17:14-20 nelakakensatunggaling perangan ingkang wigatos. Para ratu ingkang kapiji mimpinnagari punika wajib nyandhing angger-angger ingkang saking Gusti lankedah dipun waos saben dinten. Kenging punapa wonten kuwajiban kadosmakaten? Supados ingkang jumeneng nata punika tansah enget bilihkalenggahan minangka ratu punika peparing saking Gusti Allah, lan angger-angger saking Gusti Allah punika ingkang nuntun lan paring kawicaksanananggenipun mranata lampahipun negari.Mbok menawi perangan ingkang sami saged dipun trepaken dhatengpangarsa ing nagari kita. Sasampunipun nampi kalenggahan, wontenwekdal mirunggan saben dinten kangge nyuraos bab kapitadosanipun sranaKitab Suci. Ananging, temtu sedaya punika tanpa gina menawi pangarsapunika namung migatosaken kapentinganipun piyambak. Kamangka, kalenggahaningkang inggil ngemu tanggel jawab ingkang langkung inggil ugi. Punapawonten ingkang sagah nindakaken ingkang kados makaten? |*WAS
Kemis, 15 Oktober 2026 Minggu Limrah
Para Hakim 17:1-6; Jabur 96:1-9; 3 Yokanan 1:9-12 NULAD KANG BECIK”He, sadulurku kang kekasih, aja nulad marang kang ala,nanging nulada kang becik. Sapa kang gawe becik, iku asale saka Allah,nanging sapa kang gawe ala, iku ora tau weruh marang Allah”(3 Yokanan 1:11) “Tuntunan dadi tontonan, tontonan dadi tuntunan”. Tetembunganpunika ateges bilih ingkang kedahipun dados pranatan kepara namungkawaos kemawon tanpa katindakaken. Kosokwangsulipun, ingkang sejatosipunnamung tontonan kepara malah katampi minangka tuntunan gesang. Kengingpunapa tontonan saged malik dados tuntunan? Amargi kathah tiyang ingkangkepengin ketingal kekinian piyambak utawi majeng piyambak babagan treningkang nembe viral. Sangsaya cepet anggenipun niru tren ingkang nembemoncer, langkung kathah pangalembana ingkang katampi. Kamangka,ingkang moncer punika dereng tamtu sae lan maedahi tumrap gesang kitaminangka tiyang pitados.Pangandikanipun Gusti wonten ing Serat 3 Yokanan 1:11 ngemutakenkita supados nulad dhateng perangan ingkang becik. Ing kasunyatan, pancinulad ingkang becik punika langkung awrat tinimbang nulad ingkang awon.Nulad ingkang becik punika kalamangsanipun mbetahaken pangurbanan,mbetahaken manah ingkang kiyat anggenipun nindakaken. Sinaosa awrat,ananging ingkang becik punika ingkang badhe nuntun dhateng Gusti Allah,awit ingkang sae punika pinangkanipun saking Gusti Allah piyambak. Baliksinten ingkang nindakaken perangan ingkang awon, tiyang punikakadosdene ingkang boten wanuh kaliyan Gusti Allah.Minangka umat kagunganipun Gusti, kita tinimbalan nindakakensamubarang ingkang becik sinaosa ngemu resiko lan kapitunan. Bilih miturutetangan kadonyan, nindakaken kabecikan ngantos wonten pangurbananpunika tumindak ingkang bodho. Ananging ingkang pitados saestu dhatengGusti mesthi ngugemi bilih ingkang kaanggep bodho tumrap jagad punikaminangka ingkang sae ing ngarsanipun Allah. Sumangga nulad ingkangbecik, ampun ingkang awon. |*WAS
Rebo, 14 Oktober 2026 Minggu Limrah
Musthikaning Kidung 7:10-8:4; Jabur 34; Yokanan 6:25-35 KANG ORA KENA ING RUSAK“Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak,nanging supaya kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kangbisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marangkowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wusdisahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.” (Yokanan 6:27) Ing jaman punika manungsa gesangipun sangsaya gampil amargikemajengan teknologi. Prekawis punika njalari manungsa ugi langkung remennindakaken pakaryan kanthi pambiyantu teknologi (utawi kawastanan kerjacerdas) tinimbang nindakaken pakaryan kanthi mempeng (utawi kerjakeras). Sikep gesangipun manungsa ugi wiwit ngalami ewah-ewahan. Ingkangsuwaunipun sami migatosaken liyan, samangke dados boten preduli amarginamung migatosaken gesangipun piyambak. Tiyang-tiyang sami pamerkaunggulan dhirinipun ing media sosial kanthi tujuan nggunggung dhiri.Lare enem sami ngupaya dados misuwur tanpa migatosaken malih babagantata krama. Sedaya punika katindakaken supados angsal pakurmatan ingpasrawungan.Yokanan 6:27 ngemutaken kita supados enget bilih boten sadayatumindak ingkang kados makaten nglaha lan mboten sae. Sedaya raja-brana,pakurmatan, lan kaunggulan punika kadosdene perangan ingkang gampil risak,amargi namung wonten ing alam donya punika. Ing wancinipun mangke,ingkang ketingal wah punika namung dados pangenget kemawon. Tiyangpitados langkung prayogi ugi migatosaken prekawis-prekawis ingkang ngarahdhateng gesang langgeng. Sinaosa pancen kabetahan padintenan punikakedah dipun upadi, ananging perangan ingkang sipatipun langgeng sampunngantos kita lirwakaken, mumpung taksih kaparingan wewengan gesang.Punapa kemawon perangan ingkang boten saged risak punika?Perangan kadosdene katresnan, setya tuhu, panggulawentah ingkang sae,lan taksih kathah malih. Sedaya punika saged dados perangan ingkangsaestu aji. Tiyang pitados kedah enget kaliyan ingkang boten badhe risak,sinaosa ing tembe wingking raga kita piyambak badhe risak. Sampunngantos ingkang sipatipun kadonyan punika ngawonaken pambudidaya kitaingkang asipat langgeng. |*WAS
Slasa, 13 Oktober 2026 Minggu Limrah
Amos 9:5-15; Jabur 34; Filipi 3:13-4:1 ”INGKANG SAMPUN KALAMPAHAN SANES PAMBENGAN” ”nanging iki kang daklakoni: kalawan nglalekake apa kang wus ana ingburiku lan manglung marang apa kang ana ing ngarepku, aku mburumarang tujuan supaya oleh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kangsaka ing Gusti Allah ing sajrone Sang Kristus Yesus” (Fil 3:14) Sinten ingkang saged ngambali malih wekdal ingkang sampun kalampahan?Boten wonten manungsa ingkang saged. Boten wonten titah ing jagad punikaingkang saged wangsul malih ing wekdal ingkang sampun kalampahan. Milapunika, wonten tetembungan ingkang mratelakaken supados nggemeni wekdal,utawi ngginakaken wekdal kanthi prayogi mumpung taksih kaparinganwewengan. Asring manungsa rumaos kuciwa amargi wonten prekawisingkang kalampahan lan boten laras kaliyan pepenginanipun. Nalika ngalamiingkang kados makaten, kita gampil nglepataken dhiri pribadi, ugi sagednglepataken tiyang sanes. Kamangka, punika namung babagan raos getunamargi boten saged ngambali wekdal malih.Filipi 3:14 ngemutaken kita sedaya bilih saben tiyang temtu kagunganbab-bab ingkang dereng sampurna ing wekdal ingkang sampun kalampahan.Ananging Rasul Paulus memulang supados kita boten ndadosaken babpunika minangka pambengan ngestokaken timbalan gesang saking Gusti.Rasul Paulus pitados bilih Gusti Allah nimbali manungsa ndherek wontening pakaryan kawilujengan punika boten adhedhasar bab-bab ingkangsampun kalampahan, ananging babagan sinten ingkang samekta. RasulPaulus piyambak ing wiwitan nggadahi peranganing gesang ingkang botenmranani ing Gusti. Pranyata, punika mboten mambengi Gusti Allahanggenipun kepareng nimbali Rasul Paulus dados sarana Injil KratoningAllah sumrambah ing bumi.Saben tiyang temtu gadah bab-bab ingkang dereng rampung ing wekdalkepengker. Ananging sampun ngantos bab punika dados pambengan tumrapkita. Ingkang wigati inggih punika, sanes menapa ingkang sampun kelampahaning wekdal kepengker, ananging punapa kita samekta ngowahi dhiri kanggewekdal ingkang badhe kelampahan. |*WAS
Senen, 12 Oktober 2026 Minggu Limrah
Pangentasan 19:7-20; Jabur 34; Yudas 1:17-25 ”KAWIGATOSAN DHATENG SESAMI””Welasana wong-wong kang isih mangu-mangu.Wong iku padha entasna srana karebut saka ing geni”(Yudas 1:22-23a) Jaman punika sangsaya majeng ananging manungsa karaosaken sangsayaboten preduli (cuek) dumateng sesaminipun. Kedahipun teknologi punikasaged ngraketaken pasedherekan lan mbiyantu kangge sesambetan kaliyaningkang mapan ing katebihan. Ing kasunyatanipun, media sosial botendados sarana mangun pasrawungan malih, ananging dados sarana kanggepamer lan ngagul-agulaken kawontenanipun piyambak. Kawigatosan dhatengtiyang sanes kaanggep minangka “pelanggaran privasi”. Menawi kadosmakaten, kadospundi kita saged nelakaken katresnan kita dhateng sesami?Yudas 1:22-23a mbereg kita sadaya supados purun migatosaken sesamikita. Perkawis punika wigatos awit kawontenaning donya wekdal samangkendadosaken tiyang gampil kapilut dening rohing kadonyan ingkangnebihaken saking Gusti Allah. Timbalan tiyang pitados inggih punika ngiyatakensesami ingkang taksih mangu-mangu lan ngemutaken ingkang nindakakenkalepatan. Ngemutaken ingkang nindakaken kalepatan ateges kita sampunngemutaken tiyang punika supados nebih saking paukuman langgeng ingtembe wingking.Tiyang pitados tinimbalan supados andum katresnan srana migatosakenkawontenaning sesami. Menawi ita namung mendel kemawon kepara malahmboten perduli dhateng kawontenan sesami- ateges kita boten andumkatresnan. Kita saged kemawon ngaturaken maneka warni pawadan supadosboten prelu migatosaken sesami kita. Ananging punapa katresnan punikasaged kalampahan tanpa kawigatosan? Taksih kathah tiyang ingkanglumampah ing marginipun kadurakan, lan kita ingkang kedah ngemutakenbab punika. Taksih kathah tiyang ingkang mangu-mangu lan mbetahakenkatuntun dhateng margi ingkang sejati. Taksih kathah malih tiyang ingkangmbetahaken pitulungan, lan kita boten saged mitulungi tanpa paringkawigatosan dhateng sesami kita. | WAS
Ahad, 11 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yesaya 25:1-9 ; Jabur ; Filipi 4:1-9; Mateus 22:1-14 SITHIK KANG PINILIH“Sabab akeh kang tinimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih”(Mateus 22:14) Dados pandhita punika tamtu pilihan gesang ingkang boten gampil.Sinaosa pandhita asring kawastanan minangka abdinipun Allah ingkangsaking lesanipun mijil pangandikanipun Allah, ananging pranyata botenkathah ingkang nyamektakaken dhiri dados pandhita. Wonten ing sekolahTeologia kemawon, boten sedaya lulusanipun lajeng dados pandhita sinaosa ingpawiyatan punika sampun sinau sedaya babagan mranata gesang peladosan inggereja. Panci leres bilih kathah ingkang nampi timbalan, ananging namungsakedhik ingkang saestu pinilih.Injil Mateus 22:1-14 nyariyosaken pasemon bab pahargyan mantensatunggaling ratu. Ananging pranyata ingkang dipun ulemi boten wonteningkang rawuh kanthi pawadanipun piyambak-piyambak. Lajeng sang natadhawuh supados madosi tiyang-tiyang ing margi lan dipun aturi nderek ingpahargyan punika. Ingkang suwaunipun dipun ulemi malah boten sagedndherek mlebet suka bingah ing pahargyan punika. Kepara malah ingkangsuwau boten nampi uleman ananging sumadya rawuh nyengkuyung ingkangndherek suka bingah ing pahargyan punika. Ingkang nampi timbalan anangingsuwala lan boten samekta boten badhe nampi kanugrahan kapiji minangkapeladosipun Gusti.Bab punika boten namung tumrap peladosan minangka pandhita, anangingsedaya peladosan ing jagad punika. Saben tiyang Kristen katimbalan kanggendherek lelados miturut kesagedanipun piyambak-piyambak. Anangingpranyata boten sedaya tiyang Kristen sumadya ngestokaken timbalanpunika kanthi maneka warni pawadan. Boten preduli kapan lan wontenpundi kita tinimbalan, wusananipun ingkang ndherek ing kamulyanipunSang Nata namung ingkang samekta. |*WAS
Setu, 10 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yesaya 24:17-23 ; Jabur 23; Markus 2:18-22 INTERGENERASIONAL”Mangkono uga ora ana wong kang ngisekake anggur anyar ing impeslawas, amarga yen mangkono anggure bakal ngamohake impes mau,satemah anggure lan impese loro-lorone bakal tanpa guna”(Markus 2:22) Wonten ing gesang pasamuwan gereja, satunggal prekawis ingkangasring awrat katindakaken, inggih punika: pados pradata ingkang anyar.Nalika dumugi wancinipun wonten pradata ingkang lereh lan kedah padosgantosipun, langkung kathah ingkang suwala tinimbang sumadya. Kengingpunapa kalampahan kados makaten? Awit wonten pamanggih ingkangkirang trep antawisipun ingkang sepuh lan ingkang enem. Ingkang sepuhngandika “golek sing enom, ben regenerasi”, dene ingkang enem matur “ingkangsepuh mawon, ingkang langkung wasis anggenipun mranata peladosan”.Wusananipun, pradata ngadhepi kangelan kangge pados gantos Pinisepuhlan Diaken.Punapa ingkang sepuh lan ingkang enem punika boten saged leladisesarengan? Temtu kemawon saged katindakaken tanpa ngicali peranganingkang sipatipun wigatos tumrap generasi punika. Patrap punika kawastananpeladosan intergenerasional, inggih punika peladosan lintas generasi. Tuladhakemawon, ingkang enem ngginakaken tenaga lan teknologi kangge lelados,dene ingkang sepuh ngginakaken pengalaman lan kawicaksanan anggenipunlelados. Boten wonten ingkang langkung inggil utawi asor amargi sedayajumbuh kaliyan kawontenanipun.Markus 2:22 negesaken bilih panci ingkang sepuh lan enem punikaboten saged nunggil menawi kawontenanipun dipeksa kedah sami. Anangingingkang enem lan sepuh saged nunggil ing peladosan intergenerasionalkanthi migatosaken kawontenan lan kabetahan ingkang enem lan ingkangsepuh kanthi premati. Sinode GKJ sampun wiwit ngatag gereja-gerejasupados nindakaken peladosan intergenerasional punika. Ingkang enem lansepuh saged nunggil sesarengan ing peladosan ingkang gayeng! |*WAS
Jemuwah, 9 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yesaya 22:8b-14 ; Jabur 23; Yakobus 4:4-10 NGASORAKEN DHIRI“Asorna badanmu ana ing ngarsane Pangeran,sarta Panjenengane bakal ngluhurake kowe”(Yakobus 4:10) Kita tamtu sarujuk kaliyan pamanggih bilih gumunggung punika sipatingkang boten prayogi. Nalika satunggaling tiyang gadhah sikep gumunggung,tiyang punika badhe dipun tebihi kaliyan rencangipun. Sikep gumunggungpunika boten prayogi amargi gumunggung punika sengaja ngagul-agulakendhirinipun lan ngasoraken tiyang sanes ingkang boten sami kaliyan piyambakipun.Satemah perkawis punika ndadosaken pasrawungan karaos boten sekeca.Emanipun, wonten kemawon manungsa ingkang taksih remen tumindakkados mekaten namung kangge mbujeng kemaremanipun piyambak.Serat Yakobus 4:10 kanthi cetha paring piwucal bab wigatosipun sikeplan tumindak ngasoraken dhiri. Kenging punapa tiyang ingkang ngasorakendhiri punika badhe kaluhuraken dening Allah? Awit tiyang ingkang kanthisadhar ngasoraken dhiri punika boten nggadahi pepenginan kangge ngasorakentiyang sanes. Tiyang ingkang purun ngasoraken dhiri punika ugi boten gadahpepenginan kangge ngagul-agulaken dhirinipun. Kajawi punika, ngasorakendhiri punika minangka wujud pakurmatan kita dumateng dhateng tiyangsanes. Kita sinau kangge ngajeni tiyang sanes wonten ing kawontenaningkang asor punika.Saking lelampahan punika kita saged ngugemi bilih “menang tanpangasorake” panci saged kalampahan kanthi prayogi ing gesang kita. Ingkangmenang punika sanes ingkang unggul piyambak lan saged ngawonakentiyang sanes. Ananging ingkang menang punika tiyang ingkang saestu pinunjulananging ngasoraken dhiri supados tiyang sanes boten rumaos asor lanlingsem. Kanthi mekaten badhe saged mitulungi tiyang sanes ingkangmbetahaken pitulungan. Mugi tinebihna sikep gumunggung punika sakinggesang kita. |*WAS
Kemis, 8 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yesaya 22:1-8a ; Jabur 23; 1 Petrus 5:1-5, 12-14 PANGARSA KANG ORA CIDRA“Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen,aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaningAllah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawanrasa leladi”(1 Petrus 5:2) Wonten ing salebeting mangsa kampanye, asring sanget tiyang ingkangdados calon anggota legislatif utawi calon pemimpin punika nelakaken janji-janji ingkang manis, ingkang saged mendhet simpati saking masyarakat.Janji-janji punika kadosdene magnet ingkang njalari tiyang kathah lajengmilih tiyang punika minangka pangarsa. Ananging saksampunipun Pemilu lannampi kalenggahan, kathah ingkang mblenjani janji. Mila kathah ingkangboten pitados kaliyan janjinipun para calon anggota legislatif punika, awitlimrahipun manungsa gampil mblenjani janji.1 Petrus 5 punika mujudaken piwucalipun Petrus bab kadospundikedahipun madeg minangka pangarsaning umat. Tiyang-tiyang ingkang kapijiminangka pangarsa punika kedah mapanaken dhiri kadosdene pangen lanumat mendanipun, sanes kadosdene pangarsa lan kawula. Sauger pangarsapunika mapanaken dhiri minangka pangen, temtu ngeman lan kanthi prayogingrimat para menda kagunganipun. Makaten ugi ingkang dipun reh, botenbadhe rumaos ajrih lan sumelang amargi mangertos menawi pangarsanipunboten sulaya lan cidra.Perangan punika dados pepenget tumraping kita ingkang madegminangka para pelados ing gereja. Minangka tiyang-tiyang ingkang nampiayahan mirunggan wonten ing pasamuwan, kalenggahan punika kedah kagemlelados dhateng Gusti Allah srana ngrimati menda kagunganipun. Gereja sampunngantos namung menggalih babagan pisungsung ingkang kathah, gedunggreja ingkang endah, ananging kesupen ngrimat gesang karohanen parakagunganipun Gusti Allah.Sumangga sami lelados kanthi tulusing manah, sanes amargi padospakurmatan punapa malih pados keuntungan saking peladosan ingkang kitatindakaken. |*WAS
Rebo, 7 Oktober 2026 Minggu Limrah
Musthikaning Kidung 8:5-14 ; Jabur 144; Yokanan 11:45-57 KATRESNAN INGKANG NYANTOSAKAKEN”Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka,kados cap wonten ing asta Paduka, amargi katresnan punika santosakadosdene pejah, asmara punika mempengipun kadya jagading pejah…”(Musthikaning Kidung 8: 6a) Limrahipun tiyang punika rumaos remen nalika dipun tresnani. Awitkatresnan punika kajawi ndadosaken bingah, ugi ndadosaken gesang kitawonten grengsengipun. Katresnan punika nuwuhaken semangat lan paringdaya kakiyatan ingkang ageng tumraping manungsa. Awit saking punikatiyang Kristen kedah ngudi murih katresnan saged ngrasuk wonten inggesangipun lan dados perkawis ingkang utami.Waosan Musthikaning Kidung 8:6a punika asring kita panggihi ingpahargyan-pahargyan manten, awit panci nyariyosaken babagan katresnaningkang kiyat lan santosa kadosdene pepejah. Kenging punapa ngginakakenpasemon katresnan punika kadosdene pepejah? Awit boten wonteningkang saged nglawan dayaning pejah. Mila begja tiyang ingkang kagungankatresnan wonten ing gesangipun, awit tiyang punika mesthi kagungankasantosan lan daya gesang.Amargi katresnan punika nggadahi daya ingkang ageng, kita ugi kedahwaspada kaliyan jinising katresnan ingkang saged damel cilaka. Katresnaningkang kados makaten punika katresnan dhateng dhiri pribadi (egois).Tiyang ingkang egois punika boten maelu dumateng kawontenaning asanes,ingkang baken punapa ingkang dados kapentinganipun saged kasembadan.Kamangka, minangka tiyang Kristen kita boten kepareng tumindak kadosmakaten. Kita kedah nandukaken katresnan ingkang sumadya kanggengurbananken diri murih kasaenaning sesami. Katresnan ingkang dameltatu, punika sanes katresnan. Katresnan ingkang namung nengenakenkapentinganipun pribadi, punika sanes katresnan. Katresnan ingkang sejatipunika nyantosakaken lan ngiyataken gesangipun manungsa. |*WAS
