+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 5 September 2026 Minggu Limrah

Yehezkiel 33:1-6; Jabur 119:33-40; Mateus 23:29-36

KANGEN PEPAKENIPUN GUSTI
“saestu ingkang kawula kangeni punika pepaken Paduka…”
(Jabur 119:40a)

Begjane nyambut gawe neng Perpustakaan Kampus sing sepisan,
Trisno bisa luwih dhisik ngreti buku-buku sing dienggo para dosen mulang.
Dene sing kapindho; dheweke bisa luwih tekun sinau amarga kahanan
Perpustakaan iku sepi, ora kaya neng kos sing biasane rame kanca-kanca
padha teka-lunga. Mula ora gumun yen Trisno bisa kanthi becik nggarap
sakehe ayahan sing diwenehke para dosene sanadyan dheweke ora bisa
seneng dolan mrana-mrene kaya kanca-kancane.
Yehuwah netepakan Nabi Yehezkiel minangka penjaga tumrap turunipun
Israel. Prajurit jaga punika tanggel jawabipun inggih punika paring pawartos
dhateng tiyang-tiyang menawi wonten bebaya supados sami enggal siyaga.
Menawi sampun ngungelaken slompret nanging dipun kendelaken dening
tiyang-tiyang saktemah sami ketaman bilai, prajurit jaga sampun nindakaken
ayahanipun. Nanging menawi prajurit jaga mendel kemawon nalika mangertos
wonten bebaya saktemah kathah tiyang sami pejah ketaman pedhang,
Gusti Allah badhe mundhut tanggel jawab bab nyawanipun tiyang-tiyang
ingkang pejah punika dhateng prajurit jaga.
Ing jamanipun Gusti Yesus, para ahli Toret lan tiyang Farisi minangka
pangarsaning agami Yahudi nglajengaken tanggel jawabipun nabi Yehezkiel.
Nanging eman, para prajurit jaga punika sami boten nindakaken ayahanipun
kanthi temen; kepara nguja kemareman pribadhi lan nebihaken umat saking
Gusti Allah. Para nabi ingkang kautus dening Gusti Allah kangge ngemutaken
bangsa Israel dipun sedani. Mila para pangarsaning agami Yahudi punika
badhe sami kaukum.
Kejawi kedah tansah jumaga migatosaken kahanan ing sakiwa-tengenipun,
prajurit jaga ugi kedah njagi sesambetan ingkang rumaket kaliyan Gusti
Allah lan tengen mirengaken sabdanipun supados saged ngemutaken umat
nalika lampahipun nasar. Mila prajurit jaga kedah tansah kangen kaliyan
pepakening Allah saktemah saged nebih saking patrap nguja kemaremaning
dhiri lan ngudi kapentingan pribadhi. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *