+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 4 September 2026 Minggu Limrah

Yehezkiel 24:15-27; Jabur 119:33-40; Rum 10:15b-21

PRACAYA LAN SETYA
“Kawula mugi Paduka lampahaken wonten ing marginipun pepaken
Paduka, awit punika ingkang kula remeni.”
(Jabur 119:35)

Sore iku, Trisno nampa transfer saka wongtuwane. Ora krasa luh tumetes
nelesi pipine. Dheweke mbayangake anggone wongtuwane ngrekasa
nyambutgawe lan ngempet anggone padha duwe kebutuhan. Kepara wohing
panyambutgawene wongtuwa dibyukake kanggo dheweke. Merga trenyuh
lan rumangsa yen dipercaya dening wongtuwane, Trisno gawe sedya arep
temen anggone kuliah supaya rampung bisa gageyan rampung lan nyambutgawe.
Angkahe yen uwis nyambutgawe, dheweke bisa nyeneng-nyengengake wongtuwa.
Nalika Gusti Allah ngandika bilih semahipun badhe katimbalan, Yehezkiel
saged kamawon kuciwa lan semplah. Yehezkiel saged kemawon semaya
saking timbalanipun lan nyuwun supados semahipun saged lestantun
gesangipun. Nanging piyambakipun kanthi tatag ngestokaken dhawuh,
dipun agem dening Gusti Allah paring pepenget bab badhe jugrugipun
Yerusalem minangka paukuman awit saking sakathahing panerak ingkang
katindakaken. Menawi kedah nglampahi kados dene Yehezkiel, limrahipun
manungsa dados semplah, kecalan pangajeng-ajeng lan kendho ing kapitadosan
dhateng Gusti Allah. Nanging awit pitados, Yehezkiel tetep tatag nglampahi
lan kanthi temen meca karsanipun Gusti Allah dhateng bangsanipun.
Gesangipun tiyang pitados ing jagad punika tansah kaaben-ajengaken
kaliyan pacoban ingkang wujudipun mawarni-warni; sae punika awujud
kawontenan ingkang nengsemaken utawi panandhang. Menawi tiyang
ngantepi pitados bilih Gusti Allah nggadhahi rancangan ingkang sae,
piyambakipun boten badhe semplah lan saged netepi timbalanipun Gusti
Allah. Nanging menawi boten pitados, manungsa boten namung semplah,
ugi boten saged netepi timbalanipun Gusti Allah lan kepara saged dhawah
ing dosa. Kahananing gesang punika pancen solan-salin, nanging kathah
manungsa ingkang semplah nalika kaaben-ajengaken kaliyan panandhang.
Mila sumangga mbudidaya mangertos karsaning Allah lumantar panyuraosing
sabda suci supados saged tansah pitados lan setya. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *