+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 23 April 2026 Minggu Paskah III

Pangentasan 2:15b-25; Jabur 23; 1 Petrus 2:9-12

MITULUNGI INGKANG RINGKIH
“… nanging Sang Musa banjur jumeneng nulungi
sarta ngombeni wedhus-wedhuse”
(Pangentasan 2:17b)

Saksampunipun mejahi tiyang Mesir, Musa mlajar saking ngarsanipun
Sang Prabu Pringon awit badhe dipun sedani. Musa lajeng dumugi ing tanah
Midian, lenggah ing sapinggiring belik. Boten dangu, dhateng para pawestri,
putrinipun imam ing Midian, pitu cacahipun. Para pawestri punika dhateng
belik saprelu ngangsu kangge ngombeni menda-mendaning ramanipun.
Lajeng wonten para pangen dhateng ingkang lajeng ngunduraken utawi
nundhung para pawestri wau. Ing papan ngriku toya pancen winates, mila
kedah kaginakaken kanthi trep. Tumindakipun para pangen jaler punika
boten sae. Tiyang jaler mesthi langkung rosa. Para pawestri punika mesthi
ringkih, kawon yen nglawan para pangen punika. Musa lajeng menyat
nulungi (milujengaken) pra pawestri punika saking tingkah-polahipun para
pangen. Musa mawas bilih tingkahipun para pangen punika boten leres,
mboten adil, ngganggu lan ngawonaken ingkang ringkih.
Ing sakiwa tengen kita kathah patrap lan tumindak ingkang boten adil,
ingkang rosa nyilakani ingkang ringkih, ingkang kiyat nindhes ingkang
ringkih. Ingkang pinter mbodhoni ingkang kirang pinter, ingkang sugih
ngremehaken ingkang miskin. Punapa ingkang sampun lan badhe kita
tindakaken secara pribadi, brayat, pasamuwan dhateng tiyang-tiyang
ingkang ringkih punika?
Pancen saben-saben secara ajeg punapa kadhangkala (insidental) kita
secara pribadi lan minangka pasamuwan ngawontenaken bakti sosial
kangge tiyang-tiyang ingkang kaanggep mbetahaken kawigatosan,
upaminipun dhateng lare-lare ing Panti Asuhan. Bab punika temtu
tumindak ingkang sae lan prelu. Nanging temtu ugi prelu pambiyantu
ingkang boten namung awujud materi. Mitulungi ingkang ateges
milujengaken ugi saged katindakaken awujud tambahing seserepan lan
kakendelan ingkang gegayutan kaliyan nglawan lan merangi tumindak
ingkang mboten adil lan damel sangsara, tumindak ingkang ngremehaken
tiyang sanes, tumindak ingkang ngasoraken sesami. Gusti mberkahi lan
madhangi kita kangge mitulungi ingkang ringkih. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *