+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 27 Januari 2026 Minggu Limrah

Para Hakim 7:12-22; Jabur 27:7-14; Filipi 2:12-18

LAKONANA TANPA PANGGRUNDEL
“Lakonana samubarang kabeh kalawan tanpa panggrundel lan suwala”
(Filipi 2:14)

“Narima ing pandum,” punika satunggaling bebasan Jawa ingkang
nggadhahi teges nampi punapa kemawon kanthi ekhlas lan kebak ing pangucap
sokur. Narima ing pandum punika sikep purun nampi punapa kemawon
ingkang sampun kaparingaken dening Gusti. Bebasan punika memulang
supados kita boten gampil nggresula utawi ngundhamana nalika ngadhepi
kawontenan ingkang awrat, ananging saged nampi kanthi manah ingkang
wiyar lan pitados bilih Gusti badhe tansah nyawisi ingkang linangkung sae
ing gesang punika.
Bebasan punika trep kados ingkang kapangandikakaken ing serat Filipi
2:14. Ayat punika minangka perangan pituturipun rasul Paulus dhateng
pasamuwan ing Filipi kadospundi prayoginipun gesang minangka
pepadhanging jagad. Ing ngriku rasul Paulus nandhesaken sikeping manah
lan tataning gesang ing salebeting nglampahi gesang minangka tiyang
Kristen. Ingkang sepisan, “lakonana samubarang kabeh”, punika nelakaken
bab nindakaken tanggel jawab ing sadhengah kawontenan, sae punika ing
sesambetan kaliyan tiyang sanes, ing salebeting nyambut damel lan nalika
nindakaken paladosan. Pasamuwan kedah saged nedahaken tanpa pilih-
pilih ing salebeting pambangun-turut lan paladosan. Sedaya ingkang
katindakaken adhedhasar kasetyan nuhoni timbalanipun Gusti.
Kaping kalih, “tanpa panggrundel”. Tembung panggrundel ing basa Yunani
kasebat goggusmos ingkang tegesipun nggresula, sambat utawi boten saged
nampi kanthi bingah tumrap sadhengah kawontenan ingkang dipun adhepi.
Panggrundel punika asring dados tandha bilih tiyang punika dereng saged
nelakaken agenging kapitadosan lan panampinipun tumrap kersanipun
Gusti, kadosdene ingkang dipun lampahi dening bangsa Israel ing ara-ara
samun (Wilangan 14:27).
Manawi kita gesang lan nindakaken samukawis kanthi tanpa pilih-pilih
lan tanpa panggrundel, mesthi sedaya badhe karaosaken langkung entheng
lan sekeca dadosa tumrap gesang pribadi punapa dene dhateng sesami. Pramila,
sumangga sami nglampahi gesang lan nindakaken ayahan tanpa nggrundel.
Gusti amberkahi. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *