Para Hakim 6:11-24; Jabur 27:7-14; Efesus 5:6-14
PUTRANING PEPADHANG
“Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe
dadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumu
dikaya putra-putraning pepadhang,”
(Efesus 5:8)
Wonten satunggaling paseksi saking artis musik Country inggih punika
Johny Cash (1932-2003). Johny Cash kawentar minangka penyanyi ingkang
nggadhahi bakat ing jagading musik Country. Ananging amargi kawentar
punika ingkang njalari Johny Cash kedlarung ing Narkoba, remen mendem,
lan gesang ingkang pepeteng sanesipun. Raos gumantung dhateng alkohol
lan Narkoba ngrisak gesangipun, padamelanipun lan sesambetaning
brayatipun. Awit boten saged uwal, ngantos Johny Cash kepengin mungkasi
gesangipun. Ing guwa Nickajack ing celaking lepen Tennessee,
piyambakipun sengaja mlebet lan milih kesasar supados kerapan saha
dangu-dangu pejah. Ing guwa ingkang sangsaya peteng punika, Johny Cash
ngraosaken Gusti Allah rawuh lan nuntun piyambakipun medal saking
guwa. Wiwit saking punika, piyambakipun nilar sedaya tumindak ingkang
mblasar; piyambakipun ngandika: “kula kinten kula sampun nilar
Panjenenganipun, nyatanipun Gusti boten nilar kula.” Saking pengalaman
punika Johny Cash lajeng nyerat nyanyian rohani kados “I Walk the Line” lan
“The Man Comes Around”.
Ing serat Efesus 5:8 rasul Paulus ngengetaken dhumateng kita bab
ewahaning gesang ingkang langkung sae saksampunipun kita nampi Sang
Kristus. “… biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadi
pepadhang ana ing Gusti. mulane lakumu dikaya putra-putraning
pepadhang.” Rumiyin kita gesang ing pepeteng, lan kawengku ing dosa lan
pratingkahe jagad ingkang ngrisak. Ananging saksampunipun nampi Sang
Kristus, gesang kita kawengku ing pepadhang. Sedaya karaosaken
bingahaken lan nentremaken. Ewahaning gesang ingkang mekaten boten
namung kita tampi ing manah kita ananging ugi ing lampahing gesang kita.
Pramila kados ingkang kapangandikakaken dening rasul Paulus, minangka
umatipun Gusti, kita tansah nglampahi gesang kados putra-putraning
pepadang. Inggih putraning Allah ingkang tansah nyunaraken kamulyanipun
Gusti tumrap sesami. |*IAS
