+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 25 Januari 2026 Minggu Limrah (Hari Literasi TPK)

Yesaya 9:1-4; Jabur 27:1, 4-9; I Korinta 1:10-18; Mateus 4:12-23

AJA ANA PASULAYAN
“… marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha
saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe
padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.”
(1 Korinta 1:10)

Wonten bebasan Jawi ingkang mekaten: “Rukun agawe santosa, crah
agawe bubrah.” Tegesipun, pirukun badhe dhatengaken kekiyatan, dene
crah badhe njalari bubrah. Saben tiyang ingkang gesang mesthi kepengin
gesangipun tansah rukun lan tentrem. Kados bebasan punika, rasul Paulus
paring pitedah ingkang sami ing 1 Korinta 1:10. Rasul Paulus paring
pepenget dhateng pasamuwan ing Korinta supados saged gesang ing
salebeting tetunggilan ingkang rukun lan nyingkiri tumindak ingkang
dhatengaken pasulayan saha njalari bubrahing pasamuwan. Awit Gusti
Yesus nimbali pasamuwan saged mujudaken katresnanipun.
Nalika semanten, pasamuwan ing kitha Korinta kapisah-pisah dados
pinten-pinten kelompok ingkang sami ngakeni ngetut pimpinaning
pasamuwan ingkang beda-beda kados Paulus, Apolos, Kefas (Petrus) lan ugi
Sang Kristus (1 Korinta 1:12). Kapisah-pisahipun golongan punika lajeng
njalari tuwuhing crah ing satengahing pasamuwan. Ningali kawontenan
ingkang mekaten rasul Paulus ngemutaken bilih gegelitaning badanipun
Sang Kristus punika boten saged kabagi-bagi. Mila kedahipun, sedaya sami
saiyeg sampun ngantos regejegan, malah kepara sami raket rukun, tunggal
budi sarta tunggal pangraos.
Bebasan “Rukun agawe santosa” punika ngemutaken bilih kekiyataning
pasamuwan punika manawi sami saiyeg lan mujudaken patunggilan
ingkang nengsemaken. Nalika pasamuwan sami nunggil sesarengan
mujudaken katresnanipun Gusti lan nindakaken timbalanipun; sanadyan
ngadhepi rubeda lan bilai boten badhe gampil kawon lan semplah.
Kosokwangsul, menawi pasamuwan lampahipun namung regejegan, kebak
ing pasulayan, pasamuwan boten badhe tentrem lan majeng ing
peladosanipun.
Pramila menawi wekdal punika, pasamuwan-pasamuwanipun Gusti
remen regejegan, prelu panjenengan emutaken kanthi katresnan. Supados
wangsul malih ing katresnanipun Gusti Yesus ingkang sejati. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *