+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 18 Januari 2026 Minggu Limrah

Yesaya 49:1-7; Jabur 40:1-11; I Korinta 1:1-9; Yokanan 1:29-42

KANDHAKNA
“Dhisiki Andreas ketemu karo Simon, sadulure, banjur dikandhani:
“Aku wus padha ketemu karo Sang Mesih (tegese: Kristus).”
(Yokanan 1:41)

Kados ingkang kaserat ing Injil Yokanan, Andreas punika satunggaling
murid ingkang wiwitan tinimbalan dening Gusti Yesus. Saksampunipun
pepanggihan kaliyan Gusti Yesus lan mangertos bilih Gusti Yesus punika
Sang Mesih, Andreas sanget bingahipun. Saklajengipun ingkang dipun
lampahi dening Andreas inggih punika manggihi Simon lan matur: “Aku wus
padha ketemu karo Sang Mesih”. Manah ingkang bingah sanget awit sampun
manggihaken Sang Juruwilujeng njalari kabereg atur paseksi ngaturaken
kabar kabingahan dhateng tiyang sanes.
Asring kita ngalami perkawis ingkang sami, nalikanipun kita manggihaken
bab utawi ngraosaken kawontenan ingkang endah lan aji saha kepingin
nyariosaken dhateng tiyang sanes. Kadosdene ingkang katindakaken ing
lampahing gesangipun Andrew Carnegie, satunggaling pengusaha ingkang
sukses ingkang kawentar minangka Raja Baja ing Amerika Serikat.
Saksampunipun nggayuh sedaya ingkang dipunpingini, Carniege rumaos
tinimbalan ngginakaken raja brananipun dados berkah tumrap tiyang sanes.
Piyambakipun lajeng mbangun perpustakaan, Universitas lan lembaga
pendidikan ing saindeing jagad, awit piyambakipun pitados bilih ilmu punika
dados raja brana ingkang perlu kabagekaken.
Semanten ugi bab punika ngengetaken dhateng kita ingkang sampun
dherek Gusti Yesus, nampi sih kanugrahan, kabingahan lan kawilujengan.
Peparingipun Gusti sampun ngantos kita sidhem lan kaginakaken piyambak.
Kuwajiban kita nyariosaken pakaryanipun Gusti dhateng sinten kemawon.
Kabingahan ingkang saking Gusti boten namung kangge dhiri kita pribadi,
ananging ugi kedah kawartosaken lan kaparingaken dhateng sesami. Andreas
kanthi bingah mbekta Simon dhumateng Gusti Yesus supados Simon ugi
ngraosaken karahayon kados ingkang sampun karaosaken. Kita sami kebereg
martosaken kabar kabingahan lan nyariosaken dhateng sesami bab Gusti
kita Yesus Kristus. Kawilujengan sampun kebabar ing gesang kita, mila kita
ugi kedah mbabaraken kawilujengan dhateng sesami. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *