I Para Raja 19:19-21; Jabur 40:1-11; Lukas 5:1-11
NILAR JAGAD LAN NDHEREK GUSTI
“Elisa banjur ninggal sapine lan mlayu nututi Nabi Elia, kalawan matur:
Keparenga kula badhe ujung dhateng bapak saha ibu kula rumiyin…”
(1 Para Raja 19:20)
Nalikanipun nabi Elia paring dhawuh supados Elisa ndherek panjenenganipun,
nalika semanten, Elisa nembe mluku kalawan lembu kalih welas rakit lan
nglampahaken ingkang kaping kalih welas punika. Awit dhawuhipun nabi
Elia punika, Elisa lajeng nilar mluku, lembu lan sabinipun lan kepareng badhe
pamit dhateng tiyang sepuhipun. Tumindakipun Elisa ingkang mekaten
nelakaken manahipun ingkang adreng nuhoni timbalanipun Gusti. Ugi
anggenipun netepi gesang ingkang kebak ing raos urmat dhumateng tiyang
sepuhipun. Sedaya katedahaken supados saged nindakaken timbalanipun
Gusti kanthi sae lan binerkahan dening Gusti.
Cariyos punika ngengetaken kita dhateng pilihanipun Hudson Taylor
satunggaling misionaris ingkang kawentar, ingkang kautus ing tanah
Tiongkok. Nalikanipun Hudson Taylor ngraosaken bilih piyambakipun dipun
timbali Gusti nindakaken peladosan, piyambakipun kedah nilar kawontenan
ingkang tentrem ing Inggris, nilar brayatipun, lan nilar gesangipun ingkang
sampun mapan. Hudson Taylor boten mangu-mangu nindaken timbalanipun
Gusti awit piyambakipun pitados bilih Gusti badhe tansah nganthi lan kebak
ing kasetyan dhateng abdi pilihanipun. Sanadyan kasunyatanipun, timbalan
punika boten gampil, ngraosaken sakit, ngraosaken kekirangan, kepara
malah kecalan tiyang ingkang dipuntresnani. Ananging Hudson tetep kukuh
nindakaken timbalanipun Gusti martosaken kabar kabingahan ngantos
kasagedaken ngedegaken China Inland Mission (CIM) (sakpunika kasebat
OMF International).
Kadosdene kula lan panjenengan ingkang tinimbalan dening Gusti. Kita
sampun nampi sih rahmat kawilujengan saking Gusti lumantar pakaryanipun
Sang Kristus. Ananging Panjenenganipun ugi ngersakaken supados kita saged
martosaken Injil dhateng sedaya tiyang. Ingkang dados kawigatosan, kita
kedah sumadya nglampahi dhawuh punika, sae punapa boten wekdalipun.
Awit saking kesagahan nindakaken timbalanipun Gusti punika ingkang badhe
dhatengaken berkah dhateng sesami. |* IAS
