+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 20 Februari 2026 Minggu Transfigurasi

Yunus 4:1-11; Jabur 51; Rum 1:8-17

NINIWE PINARINGAN PANGAKSAMI
“Apa iya Ingsun ora kudu ngeman marang Niniwe, kutha kang gedhe iku,
kang pendhudhuke luwih saka satus rongpuluh ewu, kang durung weruh
bedane tangan tengen karo tangan kiwa, sarta kang kewane
luwih dening akeh iku?”
(Yunus 4:11)

Wonten ing Kitab Yunus, dipun cariyosaken satunggaling kitha ingkang
naminipun Niniwe (sapunika kalebet wilayah Irak). Tiyang ing Niniwe punika
sami nglampahi gesang ingkang boten prayogi. Bab awonipun tiyang Niniwe
punika sampun kawentar ngantos nabi Yunus ingkang manggen wonten ing
Gat-Hefer (2 Para Raja 14:25) ing tlatah Galilea mawon mangertosi
kawontenanipun punika.
Nabi Yunus dipun utus dening Gusti kangge melehaken tiyang Niniwe
bab dosa-dosanipun. Ing sakawit nabi Yunus punika boten purun netepi
timbalanipun Gusti, piyambakipun kesah tumuju dhateng ing Tarsis. Ananging
piyambakipun boten saged enda saking panguwaosipun Gusti. Purun boten
purun, kedah netepi dhawuhipun Gusti. Pramila saklajengipun nabi Yunus
punika mangkat dhateng Niniwe lan martosaken paukumanipun Gusti. Nalika
mireng bab paukumanipun Gusti, tiyang Niniwe sami nelangsani dosa lan
mratobat. Bab punika dados renaning penggalihipun Gusti satemah
Panjenenganipun boten estu ndawahaken paukuman tumrap Niniwe
(Yunus 3:10). Nabi Yunus pranyata boten lila legawa manawi tiyang Niniwe
punika nampi pangaksami, mila piyambakipun kesuh, jengkel lan protes
dhumateng Gusti. Ananging Gusti Allah kanthi sabar nelakaken bilih
Panjenenganipun punika saestu tresna dhateng sadaya titahipun, kalebet
tiyang Niniwe ingkang sampun mratobat.
Para sadherek, punapa kita ugi rumaos boten lila legawa manawi
ningali tiyang ingkang kita anggep awon nampi kagurahanipun Gusti? Sikep
punika boten jumbuh kaliyan karsanipun Gusti. Saestu, Gusti Allah punika
kebak ing katresnan, Panjenenganipun ngersakaken sadaya tiyang nampi sih
rahmat kawilujengan. Mila, sumangga masrahaken gesang dados pirantosipun
Gusti ing salebeting mbabaraken kawilujengan sejati. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *