2 Para Raja 23:1-8, 21-25; Jabur 119:105-112; 2 Korinta 4:1-12
SABDA INGKANG NGEWAHI GESANG
“Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajengipun suku kawula,
sarta pepadhanging margi kawula”
(Jabur 119:105)
Sakperangan saking kita temtu nate kekesahan ing wanci dalu kanthi
ngginakaken pesawat. Nalika pesawat badhe mendarat, ketinggal kerlap-
kerlip cahya saking dharatan. Lampu-lampu punika sanget anggenipun
mbiyantu bapak Pilot ngarahaken pesawatipun supados saged mendarat
kanthi wilujeng. Boten gampil kita mbayangaken kadospundi pilot pesawat
saged mangertos landhasan kangge mudhun ing bandaea manawi boten
wonten lampu-lampu punika awit kawontenanipun peteng. Cahya lampu
punika nggadahi fungsi kangge madhangi lan nedahaken landasan ingkang
leres kangge mudhunipun pesawat.
Juru Masmur ngendikakaken bilih sabda pangandikanipun Gusti punika
kadosdene cahya ingkang madhangi margi ingkang badhe tinempuh. Kanhti
mekaten Juru Masmur badhe mangertos pundhi margi ingkang kedah dipun
lampahi, lan kadospundi kawontenaning margi punika satemah piyambakipun
saged tansah waspada lan tinebihaken saking memala.
Inggih mekaten ugi Sabdanipun Gusti dados dilah kangge para kagunganipun
Gusti. Sinaosa jagad punika peteng karada dosa, ananging Sabdanipun Gusti
madhangi lampahing para kagunganipun. Sabdanipun Gusti dados panuntun ing
margi ingkang kedah dipun lampahi satemah umat kagunganipun Gusti
saged dumugi ing tujuaning gesangipun, inggih punika pinanggih tentrem
raharja tetunggilan kaliyan Sang Rama ing swarga.
Wonten wekdalipun margi ingkang kita lampahi punika peteng. Kita
boten mangertos margi ing ngajeng kita punika kadospundi kawontenipun.
Ing ngriku kita saestu betahaken cahya ingkang madhangi. Sabdanipun
Gusti punika badhe mbiyantu kita, paring pitedah punapa ingkang prayogi
kita lampahi. Ing ngriku sabdanipun Gusti paring raos tentrem lan ayem.
Sabdanipun Gusti punika kadosdene lampu-lampu alit ingkang mitulungi
pilot ndarataken pesawat kanthi slamet. |*EW
