L. Para Rasul 17:22-31; Jabur 66:8-20; I Petrus 3:13-22; Yokanan 14:15-21 NULUNG KEPENTHUNG “jalaran luwih becik nandhang sangsara marga tumindak becik, manawa iku dikarsakake dening Gusti Allah, katimbang nandhang sangsara marga tumindak ala.” (I Petrus 3:17) Nalika bubaran pangibadah ning greja, ana salah sijining warga pasamuwan crita, manawa dheweke nembe wae nulungi wong numpak pit motor sing tabrakan, ananging malah dheweke sing diaranai nabrak. Mulane dheweke kanthi rada nesu alok yen ora bakal tetulung maneh yen ana wong kecelakaan katimbang malah diaranai sing ora-ora. Wis nulung malah kepenthung. Pancen ora gampang kango tumindak becik, manawa ora begja, malah bisa cilaka lan nandang sangsara. Ananging apa ya manawa kaya mangkono ateges kudu mandheg anggone awake dhewe tumindak becik? Mesthine ya ora, nindakake kabecikan kuwi kudune ora ana pedhote, ora entuk mandheg sanadyan sok disalah tampa, sok sing nulung malah dadi korban. Nindakake kabecikan kuwi ora adhedasar urusane manungsa karo manungsa, ananging sejatine urusane manungsa karo Gusti Allah. Dadine, sandyan sok kepenthung, tumindak becik kuwi ora kena putung. Neng ngisor iki ana saduran tulisane biarawati saka Kalkuta India yaiku Maria Teresa Bojaxhiuutawa kang kawentar minangka Bunda Theresa. Kareben gampang, saduran nganggo bahasa Indonesia wae. Bila engkau berbuat baik, bisa saja orang lain menuduhmu punya pamrih, tapi bagaimanapun, berbaik hatilah Bila engkau jujur, mungkin saja orang lain akan menipumu, tapi bagimanapun, berbuat jujurlah Kebaikan yang engkau lakukan hari ini mungkin saja besok sudah dilupakan orang, tapi bagaimanapun, berbuat baiklah bagaimanapun berikan yang terbaik dari dirimu, pada akhirnya, engkau akan tahu bahwa ini adalah urusan antara engkau dan Tuhanmu, ini bukan urusan antara engkau dengan mereka. |*NT
Setu, 13 Mei 2023 Minggu Paskah V
Purwaning Dumadi 8:13-19; Jabur 66:8-20; Yokanan 14:27-29 RUNGOKNA CRITAKU! “He kowe kabeh kang padha ngabekti marang Gusti Allah padha ngrungokna, aku arep nyritakake apa kang katandukake Pangeran marang aku.” (Jabur 66:16) Aku kelingan nalika cilik, isih sekolah SD lan wis bisa maca, karemanku maca majalah anak-anak nyilih duweke Paklik sing duwe duwit kanggo langganan. Aku trima nyempil saben minggu dolan nggone Paklik kareben bisa melu maca. Wacan sing daksenengi babagan dongeng, utawa cernak, cerita kanak-kanak. Manawa aku wis rampung le maca, sesuke cernak mau dakcritake maneh marang kanca-kanca neng sekolahan. Seneng atiku, manawa kanca-kanca uga melu seneng ngrungokake apa kang dakcritake. Kadang ana sing alok, ndak tenan kuwi, kadang uga nek dongenge lucu kabeh padha ngguyu bareng. Pancen amarga kahanan ndhisik ora kabeh bisa langganan majalah anak-anak, dadine ya crita gethok tular wis bisa njalari marem lan bungah bareng. Awake dhewe kuwi sejatine wis luwih ndhisik nampani crita bab Gusti Allah sing rawuh dadi manungsa ing Gusti Yesus kanggo mitulungi wong dosa murih antuk urip langgeng. Iki kabegjane awake dhewe, awit isih akeh kanca-kanca, sadulur, tangga teparo sing durung nate krungu crita bab Gusti Yesus sing sakbenere miturut Kitab Suci. Lhah, apa awake dhewe ora duwe krenteg, ora duwe semangat, kanggo nyritakake? Awake dhewe wis nampa maneka warna kabegjan ing urip saben dina, saben dina ora kurang pangan, ora kurang sandhang, duwe papan kanggo ngeyup, duwe sanak kadang, manawa dirasak-rasake ya luwih akeh seger warase katimbanng lunkgkrah apa dene nandhang lelara, lan liya-liyane. Lha apa awake dhewe uga duwe krenteg aweh paseksi bab kaelokane Gusti Allah murih kabeh sing ngrungokake uga melu bungah lan memuji Gusti Allah. Nyritaake kaelokane Gusti kuwi ora teges pamer, anggere sing dicritaake kuwi ora mung ngegungake bab entuk-entukan bandha, ananging kang diegungake kuwi Gusti lan pakaryane. Dadine Gusti Allah kang diluhurake. |*NT
Jemuwah, 12 Mei 2023 Minggu Paskah V
Purwaning Dumadi 7:1-24; Jabur 66:8-20; L. Para Rasul 27:13-38 MLEBUA PRAU “Sawuse mangkono Sang Yehuwah nuli ngandika marang Rama Nuh: “Sira lan sabrayatira kabeh padha lumebua ing prau, amarga sira iku Sunpirsani tinemu resik ana ing antarane jinis iki.” (Purwaning Dumadi 7:1) Waosan dina iki isih nerusake lelakone Nuh sak brayat. Bareng Nuh rampung anggone gawe prau gedhe. Isih ana dhawuh kang uga ora gampang katindaake dening Nuh, yaiku ngumpule kewan kewan sakjinis sakpasang, lanang wadon. Bisa dibayangke kepiye angle nuntun kewan saka sing paling cilik (tengu, tuma, semut lsp) nganti kewan gedhe (gajah, bantheng, jerapah lsp), durung anggone nyawisake pakan kanggo kewan kewan sing arep dileboke prau… byuh…kanggoku angel banget le mbayangke kerepotane Nuh sak brayat. Nalikane kabeh kewan wus padha mlebu, nembe Nuh lsak brayat didhawuhi mlebu prau. Saka ing kene katon manawa pracayane Nuh tumrap Gusti Allah kuwi gedhe lan kandel. Sanadyan durung kelakon udan deres, Nuh lan brayate gelem mlebu prau. Kenangapa Nuh sak brayat kok gelem mlebu prau? Ya amarga Nuh kepingin slamet saka prahara banjir bandang kaya kang dingandikaake Gusti Allah. Prau dadi sarana kaslametane Nuh sak brayat. Bareng udan deres kaya disokke saka langit nganti pungkasane bajir gedhe, prau mesti uga dikendhaleni supaya ora kerem nalika nempuh prahara. Iki uga ora gampang. Uriping manungsa mesthi ngadepi maneka warna pepalang lan bebaya, manawa kepingin slamet kudu gelem lumebu ing praune Gusti, yaiku Sihrahmate Gusti. Pracaya manawa Gusti paring pitulungan, sanadyan kadangkala pitulungane Gusti kuwi angel ditampa nalar. Sing baku pracaya disik, dhawuhe Gusti ditindakake, lumebu ing prau Sih Rahmate Gusti, mesthi slamet, mesthi kapitulungan. Aja sambat ndhisik, aja semaya ndhisik. |*NT
Kemis, 11 Mei 2023 Minggu Paskah V
Purwaning Dumadi 6:5-22; Jabur 66:8-20; Para Rasul 27:1-12 SENDIKA DHAWUH “Rama Nuh tumuli nglampahi, ngestokake apa sadhawuhe Gusti Allah mau kabeh.” (Purwaning Dumadi 6:22) Nindaake dhawuh kuwi gampang-gampang angel. Gampang manawa kang didhawuhake iku prakara kan katon sepele, katon entheng. Angel, manawa kang didhawuhake kuwi kawawas abot sanggane, akeh risikone, ora bisa ditandangi dhewe. Coba dibayangke apa kang kudu ditindakake dening Nuh nalikane nampa dhawuhe Gusti. Iki dhawuh entheng apa angel? Nuh diparingi dhawuh dening Gusti Allah kanggo nggawe prau gedhe. Dawane prau telung atus asta, ambane seket asta, dhuwure telung puluh asta. Manawa ing Alkitab terjemahan Bahasa Indonesia Sehari-hari (BIS) katulis mangkene: Kapal itu harus 133 meter panjangnya, 22 meter lebarnya, dan 13 meter tingginya. Buatlah atap pada kapal itu, dan berilah jarak sebesar 44 sentimeter di antara atap dan dinding-dindingnya. Buatlah kapal itu bertingkat tiga, dan pasanglah sebuah pintu di sisinya. Dawane 133 meter, ambane 22 meter, dhuwure 13 meter, duwure payon 44 centimeter. Digawe saka kayu gofir, kayu kang atos lan kuat, mbokmawa kaya kayu jati manawa ing Indonesia. Bisa dibayangke, golek kayune wae ora gampang, kudu negor wit gofir sing wis gedhe lan tuwa, kudu golek neng ngalas, durung maneh ora gampang uga anggone mbelah kayu dari balok apadene blabak. Isih kudu nggawa kayu-kayu mau tekan papan kanggo nggawwe praune. Mbokmenawa uga diece lan di semoni tanggga teparo, ora ana udan, ora cedhak segara kok gawe prau gedhe. Gek-gek Nuh uga liyane wis owah pikirane, ora waras maneh. Ananging kabeh mau ora ndadekake Nuh surut lan mundur, Nuh tetep sendika dhawuh, ngestokake dhawuhe Gusti. Iki dadi tuladha kanggo kita, kaya ngapa angele, kaya ngapa abot sanggane, dhawuhe Gusti kudu ditindakaake. Temahan pungkasane oleh kaslametan. Kaya Nuh sak brayat slamet marga nindakake kabeh dhawuhe Gusti|*NT
Rebo, 10 Mei 2023 Minggu Paskah V
Wulang Bebasan 3:13-18; Jabur 102:1-17; Yokanan 8:31-38 BATHI GEDHE “awitdene oleh-olehane kawicaksanan iku ngluwihi oleh-olehane salaka, lan pikolehe ngungkuli emas..” (Wulang Bebasan 3:14) Zaman saiki bisa sinebu zaman milenial, zaman digital, zaman kang apa apa sarwa nganggo teknologi. Mangkono uga bab bisnis utawa dagang, wis rancake kabeh online. Kari mencet hape mbukak aplikasi e-commerce, milah milih barang sing dipengini, anggere isih duwe saldo e-money (duwit elektronik), apa mobile banking, kari transfer, lunas. Beres, kari nunggu barang dikirim tekan omah. Kanggone sing blanja penak kepenak, kanggone sing dodolan ya bisa bathi luwih akeh amarga tebane dodolan luwih amba, malah isa tekan manca nagara. Bab bisnis pancen golek bathi, nek bisa modal sak cilik-cilike bathi sak gedhe gedhene. Mangkono uga sejatine manungsa urip neng donya, manawa dipikir-pikir ya kabeh padha pingin bathi gedhe. Nganti ana unen-unen geguyonan, kecil bahagia, muda foya-foya, tua kaya raya, mati masuk surga. Pepinginane urip neng donya kuwi sarwa bathi, sarwa kepenak, mbasan mati ya oleh-olehane pingine kepenak, bleng mlebu swarga. Ana ing kitab Wulang Bebasan, mirunggan bab 3, ngandharake bab berkahing kawicaksanan. Wong kang tampa kawicaksanan, kang oleh kapinteran, bakal bathi gehdhe, awit oleh-olehane ngluwihi salaka lan emas, ajine ngluwihi raja peni. Kanthi mangkono, urip neng donya iki sejatine ora mung mburu bathi bandha kadonyan, ananging uga kudu mbudidaya kareben oleh kawicaksanan. Kawicaksanan kanggo ngerti apa kang bener lan pener, kang kudu katindakaake cundhuk karo apa sing dikarsakake Gusti. Kawicaksanan nganggo nglakoni urip sing maedahi lan dadi berkah kanggo wong liya. Lan sumber kawicaksanan ora liya yaiku Sabda Dalem Gusti kang ana ing Kitab Suci. Mula manawa pingin oleh bathi gethe neng donya lan neng swarga, aja nglalekake sabdane Gusti. |*NT
Slasa, 9 Mei 2023 Minggu Paskah V
Wulang Bebasan 3:5-12; Jabur 102:1-17; L. Para Rasul 7:44-56 TUWA LAN TENTREM “amarga umur dawa lan urip nganti tuwa, apadene katentreman bakal kawuwuhake marang kowe.” (Wulang Bebasan 3:2) Selamat ulang tahun,kami ucapkan. Selamat panjang umur! Kita ‘kan doakan. Selamat sejahtera, sehat sentosa! Selamat panjang umur dan bahagia! Panjang umurnya panjang umurnya Panjang umurnya serta mulia Serta mulia serta mulia Ing dhuwur iku tembang Selamat Ulang Tahun. Ora bakal ing tembang iku tembung Selamat panjang umur diganti Selamat pendek umur. Biasane syaire disambung kanthi tembung Panjang Umurnya Serta Mulia, ora bakal uga tembung Panjang umurnya serta mulia diganti Pendek umurnya serta sengsara. Bisa nesu lan mencak-mencak sing ulang tahun manawa syaire diganti. Awit iku wujud pandonga tumrap kang ulang tahun supaya dawa umure aneng donya. Awit pancen bab iku dadi pepinginane akeh wong neng donya iki. Ing kitab Wulang Bebasan bab 3, dingandikakke manawa awake dhewe ora lali marang piwulange Gusti lan ngopeni sakehing pepakone Gusti (Wulang Bebasan 3:1), temahan bakal kawuwuhan ganjaran umur dawa, urip nganti tuwa lan katentreman (ayat 2). Telung prakara iku kang dipengini kabeh wong. Manawa mung loro, umur dawa lan urip nganti tuwa thok ya durung bisa maremake manungsa, meshi padha wegah yen dawa umure, urip nganti tuwa nanging pijer lara-laranen, atine ya ora ayem, sangsara lan nalangsa. Pengine ya kaparingan umur dawa, urip nganti tuwa lan ngrasakake tentrem atine. Mula sapa sing pengin ginanjar dawa umure, urip nganti tuwa lan ngrasakke ayem tentrem, ora kena lali marang piwulange Gusti lan marang sakehing pepakone. Kudu dieling-eling lan dilakoni. |*NT
Senen, 08 Mei 2023 Minggu Paskah V
Pangentasan 13:17-22; Jabur 102:1-17; L. Para Rasul 7:17-40 SAMBAT “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, anggen kawula sesambat nyuwun pitulungan mugi sageda dumugi ing ngarsa Paduka.” (Jabur 102:2) Para sadulur, mbok manawi panjenengan nate midhanget lagu kang unine kaya iki: Meh sambat kalih sinten, yen sampun mekaten merana uripku aku welasna kangmas, aku mesakna aku aku nangis nganti metu eluh getih putih Kuwi mau pethikan lagu Sayang dening Via Vallen (https://www.youtube.com/watch?v=UtjFu8c_goE). Lagu kang isine rasa nalangsaning ati kenya kang ditinggal lunga dening kekasihe, dipedhot katresnane, ditinggal lunga karo wong wadon liya, kamangka dheweke isih tresna kepati. Mula bingung arep sambat karo sapa. Sambat, miturut bausastra jawa tegese njaluk tulung, ngesah dening rasa lara lsp. Manungsa kuwi ora kalis ing nir sambilaka, manungsa bisa ngrasake lara raga apa dene lara ati, bisa ngrasake sedhih, ngrasakke nalangsa, lan sakpanunggalane. Nalika wis ora bisa ngatasi dhewe, wis ora kuwat, banjur biasane sambat. Biasane sambat marang sing katon blegere, sing katon nyata, marang bapa biyung, marang sadulur, utawa marang kanca lan liyane kang dianggep bisa ngenthengi-ngenthengi panandhange. Endi sing dianggep bisa enggal aweh pitulungan, iku kang sepisanan diparani, disambati, dijaluki tulung. Sang Juru Mazmur ing Jabur 102, nalika lesu-lesah anggone sambat ora marang manungsa, ananging marang Gusti Allah. Apa kang dirasake diluntakke ana ngarsane Gusti kanthi pandonga. Awit dheweke pracaya manawa Gusti Allah iku tuking pitulungan, lan bisa aweh pitulungan lumantar cara apa wae miturut karsane. Mangkono uga kudune awake dhewe, nalika rumangsa kabotan ing panandhang, sambat marang Gusti Allah, pracaya Gusti Allah mesthi aweh dalan padhang, Gusti Allah mesthi aweh pitulungan. Aja ngempengke sambat marang manungsa apadene malah marang iblis lan setan. |*NT
Ahad, 07 Mei 2023 Minggu Paskah V
Lelakone Para Rasul 7:55-60; Jabur 31:2-6,16-17; I Petrus 2:2-10; Yokanan 14:1-14 NDONGAKKE MUNGSUH. BISA ORA? “Kalawan jengkeng nuli nguwuh seru: “Dhuh Gusti, dosa punika mugi sampun Paduka tempahaken dhateng tiyang-tiyang punika.” Sajrone munjuk mangkono iku banjur seda.” (Lelakone Para Rasul 7:60) Urip neng donya iku bebarengan karo wong liya, kang maneka warna sipat lan tingkah polahe. Ana kang dirasa nyenengake, suwalike ana uga wong kang dirasa njengkelke. Kadang kala urip bebarengan kuwi bisa nemahi benthik ing atarane wong siji lan sijine mirunggan trumrap kang sipat lan polahe dianggep ora nyengake mau. Benthik dadi bisa njalari tatu lan tuwuh rasa serik apa dene sengit. Temahan, wong bisa duwe kang dianggep kanca, bisa uga duwe kang dianggep mungsuh. Kanggone awake dhewe kadang kala uga bisa rumangsa disengiti dening wong liya, banjur tatu, lara ati. Lha manawa nemahi kahanan kaya ngono kuwi, apa kang kudu ditindakake? Paling penak ya mbales nyengiti, mbales serik, wegah pethuk, manawa ora njarak pethuk ya wegah sapa aruh apa neh mesem. Ananging apa ya ngono iku dhawuhe Gusti? Kanyata ora mangkono. Saka wacan dina iki, kita antuk patuladhan saka Stefanus, kang kaaniyaya dening para pradata agama Yahudi, diglandhang menyang njaba kutha lan dibenturi watu nganti tiwas. Ananging sakdurunge tiwas, Stefanus nguwuh ndedonga supaya wong kang nganiyaya aja ditempuhke dosane dening Gusti Allah. Ateges Stefanus ngunjukake pandonga kanggo mungsuhe, supaya antuk slamet, ora kaukum dening Gusti. Kita pancen ora bisa disenengi dening kabeh wong, ing antarane beda agama wae asring bisa ndadekake ora disenengi lan disengiti dening liyan. Lha manawa ndilalah nemoni kaanan kaya mangkono iku, apa bisa awake dhewe dongakake wong iku supaya slamet, supaya antuk berkah lan ora nampa paukuman saka Gusti? Angel? Lha ya jelas angel. Sanajan angel Gusti dhawuh kudu nresnani mungsuh. Bisa ora? Kaya Stefanus, kudu bisa! |*NT
Setu, 6 Mei 2023 Minggu Paskah IV
Yeremia 26:20-24; Jabur 31:2-6, 16-17; Yokanan 8:48-59 ORA BAKAL MATI “Satemene pituturKu marang kowe: Sapa kang netepi ing pituturKu iku bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.” (Yokanan 8:51) Manungsa kuwi rancake wedi marang pati. Mula menawa lara enggal enggal padha golek tamba, kareben enggal saras lan ora nemahi pati. Manawa larane kawawas nemen, golek maneka warna usada saka sing nalar nganti cara alternatif kang kadang ora tinemu nalar. Ora peduli larang ragate, sing baku bisa mari lan ora mati. Pati pancen dadi bab kang wadi, misteri, angel dijajagi, mula pengine nek isa aja nganti mati. Nganti ana pambudi daya dening manungsa piye carane ben ora bisa mati, utawa menawa wis mati mbesuk isa diuripake maneh lumantar ilmu pengetahuan lan teknologi. Akeh tulisan ngenani bab iki kang bisa digoleki lumantar internet. Bisa nganggo situs pencarian, sing kawentar biasane nganggo mbah Google, ketik wae hidupkan kembali orang mati, mengko bakal metu tulisan-tulisan utawa pawarta magepokan pambudi dayaning manungsa supaya bisa urip maneh sanajan wus mati. Kanggone awake dhewe, ing babagan kajasmanen pati iku pepesthen, manawa teka titi wancine Gusti nimbali, ora bisa ditolak. Ananging ing babagan karohanen, awake dhewe iku bisa ora mati ing salawase. Sabda dalem Gusti ngandikaake: Sapa kang netepi ing pituturKu iku bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase. Wow, bungah banget, awit awake dhewe bisa urip langgeng salawase. Carane, gelem nampa Gusti Yesus minangka juru slamet lan sabanjure netepi pepakone Gusti. Ora ana cara liyane kajaba cara iku. Samangsa pancen awake dhewe kudu pinesthi mati raga, kelangan urip ing donya, ora usah sumelang, awake dhewe isa urip salawase ana ing Gusti Yesus. Dadi ora usah golek cara neka-neka kang ora cetha. Kanggo raga, cukup panganan lan omben omben sing sehat sarta olah raga. Kanggo karohanen setya tuhu netepi dhawuhe Gusti Yesus. Waras wiris slamet salawase. Amin |*NT
Jemuwah, 5 Mei 2023 Minggu Paskah IV
Pangentasan 3:1-12; Jabur 31:2-6, 16-17; Para Rasul 7:1-16 KAWULA PUNIKA SINTEN TA? “Ing kono unjuke Sang Musa marang Gusti Allah: “Kawula punika sinten ta, dene kadhawuhan sowan dhateng Sang Prabu Pringon sarta mbekta medal tiyang Israel saking tanah Mesir?” (Pangentasan 3:11) Ing taun 1998 ana film bioskop kanthi judul Who Am I, dibintangi dening Jackie Chan, sutradara lan aktor moncer saka Hong Kong. Film iku nyaritaake salah siji agen polisi kang aran Jackie, antuk tugas kanggo nangkep ilmuwan telu kang nembe eksperimen tambang mineral. Nalika nembe numpak pesawat, pesawate tiba, lan Jackie nemahi amnesia utawa kelangandaya kanggo ngeling-eling bab-bab sing wis dialami. Jackie ora eling maneh sapa sejatine dheweke. Mula judul filme Who Am I – Sapa ta Aku iki? Crita sakbanjure film iku, nyaritakake pambudidaya Jackie mulihake daya pangeling-elinge. Who Am I mung crita film, bab manungsa kang ora eling, ora wanuh sapa sejatine dheweke, mula njur takon Sapa ta Aku Iki? Beda karo Musa ing wacan kitab suci dina iki. Nalika Musa kautus dening Gusti Allah dadi pirantine Gusti supaya ngluwari bangsa Israel saka tanah Mesir (ayat 10 “Kang iku ing samengko sira mangkata, sira Sunutus nemoni Pringon, supaya umatingSun Israel iku sira irida metu saka ing tanah Mesir.”), Musa arep selak, ora sumadya kautus, kanthi matur marang Gusti “Kawula punika sinten ta” (ayat 11). Ing kene, ora ateges Musa kelangan daya pangeling-eling sapa sejatine dheweke, ananging karana Musa rumangsa ora bisa, ora duwe kapinteran, ora pinter omong, wedi ora dipercaya bangsa Israel. Ana wae alesane kareben bisa nolak dhawuhe Gusti Allah. Kadang kala awake dhewe uga kerep nolak nalika kajibah leladi ing pasamuwan, kanthi alesan maneka warna, sing ora pinter lah, sing ora duwe wektu lah, wedi dipaido, wedi ora dipercaya lan alesan liya-liyane kareben ora usah leladi. Gusti Allah ora golek wong sing pinter lan sing sampurna, ananging Gusti Allah golek wong sing kanthi bungah gelem nampa apa kang dadi dhawuhe. Dadi manawa ana timbalan leladi, aja selak ya, ditampa wae, mengko Gusti Allah kang bakal nganthi lan paring pitulungan.|*NT
