+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 11 Mei 2023 Minggu Paskah V

Purwaning Dumadi 6:5-22;  Jabur 66:8-20; Para Rasul 27:1-12

SENDIKA DHAWUH

“Rama Nuh tumuli nglampahi, ngestokake apa sadhawuhe Gusti Allah mau kabeh.” (Purwaning Dumadi 6:22)

Nindaake dhawuh kuwi gampang-gampang angel. Gampang manawa kang didhawuhake iku prakara kan katon sepele, katon entheng. Angel, manawa kang didhawuhake kuwi kawawas abot sanggane, akeh risikone, ora bisa ditandangi dhewe. 

Coba dibayangke apa kang kudu ditindakake dening Nuh nalikane nampa dhawuhe Gusti. Iki dhawuh entheng apa angel?

Nuh diparingi dhawuh dening Gusti Allah kanggo nggawe prau gedhe. Dawane prau telung atus asta, ambane seket asta, dhuwure telung puluh asta. Manawa ing Alkitab terjemahan Bahasa Indonesia Sehari-hari (BIS) katulis mangkene: Kapal itu harus 133 meter panjangnya, 22 meter lebarnya, dan 13 meter tingginya. Buatlah atap pada kapal itu, dan berilah jarak sebesar 44 sentimeter di antara atap dan dinding-dindingnya. Buatlah kapal itu bertingkat tiga, dan pasanglah sebuah pintu di sisinya.

Dawane 133 meter, ambane 22 meter, dhuwure 13 meter, duwure payon 44 centimeter.  Digawe saka kayu gofir, kayu kang atos lan kuat, mbokmawa kaya kayu jati  manawa ing Indonesia.  Bisa dibayangke, golek kayune wae ora gampang, kudu negor wit gofir sing wis gedhe lan tuwa, kudu golek neng ngalas, durung maneh ora gampang uga anggone mbelah kayu dari balok apadene blabak. Isih kudu nggawa kayu-kayu mau tekan papan kanggo nggawwe praune.  Mbokmenawa uga diece lan di semoni tanggga teparo, ora ana udan, ora cedhak segara kok gawe prau gedhe. Gek-gek Nuh uga liyane wis owah pikirane, ora waras maneh.

Ananging kabeh mau ora ndadekake Nuh surut lan mundur, Nuh tetep sendika dhawuh, ngestokake dhawuhe Gusti. Iki dadi tuladha kanggo kita, kaya ngapa angele, kaya ngapa abot sanggane, dhawuhe Gusti kudu ditindakaake. Temahan pungkasane oleh kaslametan. Kaya Nuh sak brayat slamet marga nindakake kabeh dhawuhe Gusti|*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ