+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 10 Mei 2023 Minggu Paskah V

Wulang Bebasan 3:13-18; Jabur 102:1-17; Yokanan 8:31-38

BATHI GEDHE

“awitdene oleh-olehane kawicaksanan iku ngluwihi oleh-olehane salaka,

lan pikolehe ngungkuli emas..”

(Wulang Bebasan 3:14)

Zaman saiki bisa sinebu zaman milenial, zaman digital, zaman kang apa apa sarwa nganggo teknologi. Mangkono uga bab bisnis utawa dagang, wis rancake kabeh online. Kari mencet hape mbukak aplikasi e-commerce, milah milih barang sing dipengini, anggere isih duwe saldo e-money (duwit elektronik), apa mobile banking, kari transfer, lunas. Beres, kari nunggu barang dikirim tekan omah. Kanggone sing blanja penak kepenak, kanggone sing dodolan ya bisa bathi luwih akeh amarga tebane dodolan luwih amba, malah isa tekan manca nagara. Bab bisnis pancen golek bathi, nek bisa modal sak cilik-cilike bathi sak gedhe gedhene.

Mangkono uga sejatine manungsa urip neng donya, manawa dipikir-pikir ya kabeh padha pingin bathi gedhe. Nganti ana unen-unen geguyonan, kecil bahagia, muda foya-foya, tua kaya raya, mati masuk surga. Pepinginane urip neng donya kuwi sarwa bathi, sarwa kepenak, mbasan mati ya oleh-olehane pingine kepenak, bleng mlebu swarga.

Ana ing kitab Wulang Bebasan, mirunggan bab 3, ngandharake bab berkahing kawicaksanan. Wong kang tampa kawicaksanan, kang oleh kapinteran, bakal bathi gehdhe, awit oleh-olehane ngluwihi salaka lan emas, ajine ngluwihi raja peni. Kanthi mangkono, urip neng donya iki sejatine ora mung mburu bathi  bandha kadonyan, ananging uga kudu mbudidaya kareben oleh kawicaksanan. Kawicaksanan kanggo ngerti apa kang bener lan pener, kang kudu katindakaake cundhuk karo apa sing dikarsakake Gusti. Kawicaksanan nganggo nglakoni urip sing maedahi lan dadi berkah kanggo wong liya.  Lan sumber kawicaksanan ora liya yaiku Sabda Dalem Gusti kang ana ing Kitab Suci. Mula manawa pingin oleh bathi gethe neng donya lan neng swarga, aja nglalekake sabdane Gusti.  |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ