+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 9 Mei 2023 Minggu Paskah V

Wulang Bebasan 3:5-12;  Jabur 102:1-17; L. Para Rasul 7:44-56

TUWA LAN TENTREM

“amarga umur dawa lan urip nganti tuwa, apadene katentreman bakal kawuwuhake marang kowe.” (Wulang Bebasan 3:2)

Selamat ulang tahun,kami ucapkan.

Selamat panjang umur! Kita ‘kan doakan.

Selamat sejahtera, sehat sentosa!

Selamat panjang umur dan bahagia!

Panjang umurnya panjang umurnya

Panjang umurnya serta mulia

Serta mulia serta mulia

Ing dhuwur iku tembang Selamat Ulang Tahun. Ora bakal ing tembang iku tembung Selamat panjang umur diganti Selamat pendek umur.  Biasane syaire disambung kanthi tembung Panjang  Umurnya Serta Mulia, ora bakal uga tembung Panjang umurnya serta mulia diganti Pendek umurnya serta sengsara. Bisa nesu lan mencak-mencak sing ulang tahun manawa syaire diganti.  Awit iku wujud pandonga tumrap kang ulang tahun supaya dawa umure aneng donya. Awit pancen bab iku dadi pepinginane akeh wong neng donya iki.

Ing kitab Wulang Bebasan bab 3, dingandikakke manawa awake dhewe ora lali marang piwulange Gusti lan ngopeni sakehing pepakone Gusti (Wulang Bebasan 3:1), temahan bakal kawuwuhan ganjaran umur dawa, urip nganti tuwa lan katentreman (ayat 2). Telung prakara iku kang dipengini kabeh wong.   Manawa mung loro, umur dawa lan urip nganti tuwa thok ya durung bisa maremake manungsa, meshi padha wegah yen dawa umure, urip nganti tuwa nanging  pijer lara-laranen, atine ya ora ayem, sangsara lan nalangsa.  Pengine ya kaparingan umur dawa, urip nganti tuwa lan ngrasakake tentrem atine.  Mula sapa sing pengin ginanjar  dawa umure, urip nganti tuwa lan ngrasakke ayem tentrem, ora kena  lali marang piwulange Gusti lan marang sakehing pepakone. Kudu dieling-eling lan dilakoni.  |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ