+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 08 Mei 2023 Minggu Paskah V

Pangentasan 13:17-22;   Jabur 102:1-17; L. Para Rasul 7:17-40

SAMBAT

“Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,

anggen kawula sesambat nyuwun pitulungan mugi sageda dumugi

ing ngarsa Paduka.” (Jabur 102:2)

Para sadulur, mbok manawi panjenengan nate midhanget lagu kang unine kaya iki:

Meh sambat kalih sinten,

yen sampun mekaten merana uripku

aku welasna kangmas, aku mesakna aku

aku nangis nganti metu eluh getih putih

Kuwi mau pethikan lagu Sayang dening Via Vallen (https://www.youtube.com/watch?v=UtjFu8c_goE).  Lagu kang isine rasa nalangsaning ati kenya kang ditinggal lunga dening kekasihe, dipedhot katresnane,  ditinggal lunga karo wong wadon liya, kamangka dheweke isih tresna kepati. Mula bingung arep sambat karo sapa.

Sambat, miturut bausastra jawa tegese njaluk tulung, ngesah dening rasa lara lsp. Manungsa kuwi ora kalis ing nir sambilaka, manungsa bisa ngrasake lara raga apa dene lara ati, bisa ngrasake sedhih, ngrasakke nalangsa, lan sakpanunggalane. Nalika wis ora bisa ngatasi dhewe, wis ora kuwat, banjur biasane sambat.  Biasane sambat marang sing katon blegere, sing katon nyata,  marang bapa biyung, marang sadulur, utawa marang kanca lan liyane kang dianggep bisa ngenthengi-ngenthengi panandhange.  Endi sing dianggep bisa enggal aweh pitulungan, iku kang sepisanan diparani, disambati, dijaluki tulung.

Sang Juru Mazmur ing Jabur 102, nalika lesu-lesah anggone sambat ora marang manungsa, ananging marang Gusti Allah. Apa kang dirasake diluntakke ana ngarsane Gusti kanthi pandonga. Awit dheweke pracaya manawa Gusti Allah iku tuking pitulungan, lan bisa aweh pitulungan lumantar cara apa wae miturut karsane. Mangkono uga kudune awake dhewe, nalika rumangsa kabotan ing panandhang, sambat marang Gusti Allah, pracaya Gusti Allah mesthi aweh dalan padhang, Gusti Allah mesthi aweh pitulungan. Aja ngempengke sambat marang manungsa apadene malah marang iblis lan setan. |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ