+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 07 Mei 2023 Minggu Paskah V

Lelakone Para Rasul 7:55-60; Jabur 31:2-6,16-17; I Petrus 2:2-10;

Yokanan 14:1-14

NDONGAKKE MUNGSUH. BISA ORA?

“Kalawan jengkeng nuli nguwuh seru: “Dhuh Gusti, dosa punika mugi

sampun Paduka tempahaken dhateng tiyang-tiyang punika.”

Sajrone munjuk mangkono iku banjur seda.”

(Lelakone Para Rasul 7:60)

Urip neng donya iku bebarengan karo wong liya, kang maneka warna sipat lan tingkah polahe. Ana kang dirasa nyenengake, suwalike ana uga wong kang dirasa njengkelke. Kadang kala urip bebarengan kuwi bisa nemahi benthik ing atarane wong siji lan sijine mirunggan trumrap kang sipat lan polahe dianggep ora nyengake mau.  Benthik dadi bisa njalari tatu lan tuwuh rasa serik apa dene sengit. Temahan, wong bisa duwe kang  dianggep kanca, bisa uga duwe kang dianggep mungsuh.

Kanggone awake dhewe kadang kala uga bisa rumangsa disengiti dening wong liya, banjur tatu, lara ati. Lha manawa nemahi kahanan kaya ngono kuwi, apa kang kudu ditindakake? Paling penak ya mbales nyengiti, mbales serik, wegah pethuk, manawa ora njarak pethuk ya wegah sapa aruh apa neh mesem.  Ananging apa ya ngono iku dhawuhe Gusti? Kanyata ora mangkono.

Saka wacan dina iki, kita antuk patuladhan saka Stefanus, kang kaaniyaya dening para pradata agama Yahudi, diglandhang menyang njaba kutha lan dibenturi watu nganti tiwas. Ananging sakdurunge tiwas, Stefanus nguwuh ndedonga supaya wong kang nganiyaya aja ditempuhke dosane dening Gusti Allah. Ateges Stefanus ngunjukake pandonga kanggo mungsuhe, supaya antuk slamet, ora kaukum dening Gusti. 

Kita pancen ora bisa disenengi dening kabeh wong, ing antarane beda agama wae asring bisa ndadekake ora disenengi lan disengiti dening liyan. Lha manawa ndilalah nemoni kaanan kaya mangkono iku, apa bisa awake dhewe dongakake wong iku supaya slamet, supaya antuk berkah lan ora nampa paukuman saka Gusti? Angel? Lha ya jelas angel. Sanajan angel Gusti dhawuh kudu nresnani mungsuh. Bisa ora? Kaya Stefanus, kudu bisa!   |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ