+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 6 Mei 2023 Minggu Paskah IV

Yeremia 26:20-24;  Jabur 31:2-6, 16-17; Yokanan 8:48-59

ORA BAKAL MATI

“Satemene pituturKu marang kowe: Sapa kang netepi ing pituturKu

iku bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.”

(Yokanan 8:51)

Manungsa kuwi rancake wedi marang pati. Mula menawa lara enggal enggal padha golek tamba,  kareben enggal saras lan ora nemahi pati. Manawa larane kawawas nemen, golek maneka warna usada saka sing nalar nganti cara alternatif kang kadang ora tinemu nalar.  Ora peduli larang ragate, sing baku bisa mari lan ora mati.

Pati pancen dadi bab kang wadi, misteri, angel dijajagi, mula pengine nek isa aja nganti mati. Nganti ana pambudi daya dening manungsa piye carane ben ora bisa mati, utawa menawa wis mati mbesuk isa diuripake maneh lumantar ilmu pengetahuan lan teknologi. Akeh tulisan ngenani bab iki kang bisa digoleki lumantar internet. Bisa nganggo situs pencarian, sing kawentar biasane nganggo mbah Google, ketik wae hidupkan kembali orang mati, mengko bakal metu tulisan-tulisan utawa pawarta magepokan pambudi dayaning manungsa supaya bisa urip maneh sanajan wus mati.

Kanggone awake dhewe, ing babagan kajasmanen pati iku pepesthen, manawa teka titi wancine Gusti nimbali, ora bisa ditolak. Ananging ing babagan karohanen, awake dhewe iku bisa ora mati ing salawase.  Sabda dalem Gusti ngandikaake: Sapa kang netepi ing pituturKu iku bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase. Wow, bungah banget, awit awake dhewe bisa urip langgeng salawase. Carane, gelem nampa Gusti Yesus minangka juru slamet lan sabanjure netepi pepakone Gusti. Ora ana cara liyane kajaba cara iku. Samangsa pancen awake dhewe kudu pinesthi mati raga, kelangan urip ing donya, ora usah sumelang, awake dhewe isa urip salawase ana ing Gusti Yesus.

Dadi ora usah golek cara neka-neka kang ora cetha. Kanggo raga, cukup panganan lan omben omben sing sehat sarta olah raga. Kanggo karohanen setya tuhu netepi dhawuhe Gusti Yesus. Waras wiris slamet salawase. Amin  |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ