+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 5 Mei 2023 Minggu Paskah IV

Pangentasan 3:1-12; Jabur 31:2-6, 16-17; Para Rasul 7:1-16

KAWULA PUNIKA SINTEN TA?

“Ing kono unjuke Sang Musa marang Gusti Allah:

“Kawula punika sinten ta, dene kadhawuhan sowan dhateng Sang Prabu Pringon sarta mbekta medal tiyang Israel saking tanah Mesir?”

(Pangentasan 3:11)

Ing taun 1998 ana film bioskop kanthi judul Who Am I, dibintangi dening Jackie Chan, sutradara lan aktor moncer saka Hong Kong. Film iku nyaritaake salah siji agen polisi kang aran Jackie, antuk tugas kanggo nangkep ilmuwan telu kang nembe eksperimen tambang mineral. Nalika nembe numpak pesawat, pesawate tiba, lan Jackie nemahi amnesia utawa kelangandaya kanggo ngeling-eling bab-bab sing wis dialami. Jackie ora eling maneh sapa sejatine dheweke. Mula judul filme Who Am I – Sapa ta Aku iki? Crita sakbanjure film iku, nyaritakake pambudidaya Jackie mulihake daya pangeling-elinge.

Who Am I mung crita film, bab manungsa kang ora eling, ora wanuh sapa sejatine dheweke, mula njur takon Sapa ta Aku Iki? Beda karo Musa ing wacan kitab suci dina iki. Nalika Musa kautus dening Gusti Allah dadi pirantine Gusti supaya ngluwari bangsa Israel saka tanah Mesir (ayat 10 “Kang iku ing samengko sira mangkata, sira Sunutus nemoni Pringon, supaya umatingSun Israel iku sira irida metu saka ing tanah Mesir.”), Musa arep selak, ora sumadya kautus, kanthi matur marang Gusti “Kawula punika sinten ta” (ayat 11).  Ing kene, ora ateges Musa kelangan daya pangeling-eling sapa sejatine dheweke, ananging karana Musa rumangsa ora bisa, ora duwe kapinteran, ora pinter omong, wedi ora dipercaya bangsa Israel. Ana wae alesane kareben bisa nolak dhawuhe Gusti Allah.

Kadang kala awake dhewe uga kerep nolak nalika kajibah leladi ing pasamuwan, kanthi alesan maneka warna, sing ora pinter lah, sing ora duwe wektu lah, wedi dipaido, wedi ora dipercaya lan alesan liya-liyane kareben ora usah leladi.  Gusti Allah ora golek wong sing pinter lan sing sampurna, ananging Gusti Allah golek wong sing kanthi bungah gelem nampa apa kang dadi dhawuhe. Dadi manawa ana timbalan leladi, aja selak ya, ditampa wae, mengko Gusti Allah kang bakal nganthi lan paring pitulungan.|*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ