+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 4 Mei 2023 Minggu Paskah IV

Purwaning Dumadi 12:1-3; Jabur 31:2-6, 16-17; L. Para Rasul 6:8-15

PASRAH NYAWA

“Nyawa kawula, kawula pasrahaken wonten ing asta Paduka;

dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu,

Paduka ingkang ngluwari kawula.”

 (Jabur 31:6)

Milih urip apa milih mati? Mangkono kang dikandhake dening perampok ing film-film nalika ngrampok. Kang dirampok, biasane milih urip lan rila kelangan bandha katimbang mbelani bandha ananging malah bisa kelangan nyawa.

Lumrahe manungsa milih urip, nanging ana uga sing milih mati timbangane urip sangsara, mulane banjur nglalu/bunuh diri.  Babagan urip lan pati mesthi sesambungan karo sing diarani nyawa, awit nyawa iku sing njalari manungsa urip. Menawa nyawane oncat saka raga, ateges manungsa ngalami pati.

Wus dadi panggilut-nggiluting manungsa wiwit jaman mbiyen, sapa ta kang akarya urip, sapa ta kang wenang nemtokake patine manungsa? Sapa kang menehi nyawa, sapa kang njabut nyawa? Kitab suci aweh paseksi, kang akarya jagad raya kalebu manungsa iku Gusti Allah, lan iku tegese Gusti Allah uga kang paring nyawa marang manungsa, mula manungsa bisa urip neng alam donya iki. Gusti Allah uga kang wenang mundhut nyawaning manungsa lan manungsa dadi mati.

Karana Gusti Allah kang nguwasani urip lan patining manungsa, mulane awake dhewe kudu pasrah nyawa ing ngarsane Gusti Allah, supaya urip lan pati kita direksa dening Gusti Allah. Nalikane rumangsa ribet, lungkrah, akeh momotan, ketaman lara, pasrah sumarah marang Gusti Allah, Gusti Allah kang bakal ngluwari. Pasrah nyawa marang Gusti kuwi ora ateges banjur ora tumindak apa apa, ananging sumarah marang karsane Gusti, kanthi pandonga kang kebak pangandel, nyuwun dituntun nalika mbudidaya nglakoni urip aneng donya. Dene kok Gusti ngersake nyawane awake dhewe dipundhut, iku ya begja, awit awake dhewe bali marang kang agawe urip. Yuk, pasrah nyawa saben dina  marang Gusti Allah |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ