Purwaning Dumadi 7:1-24; Jabur 66:8-20; L. Para Rasul 27:13-38
MLEBUA PRAU
“Sawuse mangkono Sang Yehuwah nuli ngandika marang Rama Nuh:
“Sira lan sabrayatira kabeh padha lumebua ing prau, amarga sira iku
Sunpirsani tinemu resik ana ing antarane jinis iki.”
(Purwaning Dumadi 7:1)
Waosan dina iki isih nerusake lelakone Nuh sak brayat. Bareng Nuh rampung anggone gawe prau gedhe. Isih ana dhawuh kang uga ora gampang katindaake dening Nuh, yaiku ngumpule kewan kewan sakjinis sakpasang, lanang wadon. Bisa dibayangke kepiye angle nuntun kewan saka sing paling cilik (tengu, tuma, semut lsp) nganti kewan gedhe (gajah, bantheng, jerapah lsp), durung anggone nyawisake pakan kanggo kewan kewan sing arep dileboke prau… byuh…kanggoku angel banget le mbayangke kerepotane Nuh sak brayat.
Nalikane kabeh kewan wus padha mlebu, nembe Nuh lsak brayat didhawuhi mlebu prau. Saka ing kene katon manawa pracayane Nuh tumrap Gusti Allah kuwi gedhe lan kandel. Sanadyan durung kelakon udan deres, Nuh lan brayate gelem mlebu prau. Kenangapa Nuh sak brayat kok gelem mlebu prau? Ya amarga Nuh kepingin slamet saka prahara banjir bandang kaya kang dingandikaake Gusti Allah. Prau dadi sarana kaslametane Nuh sak brayat. Bareng udan deres kaya disokke saka langit nganti pungkasane bajir gedhe, prau mesti uga dikendhaleni supaya ora kerem nalika nempuh prahara. Iki uga ora gampang.
Uriping manungsa mesthi ngadepi maneka warna pepalang lan bebaya, manawa kepingin slamet kudu gelem lumebu ing praune Gusti, yaiku Sihrahmate Gusti. Pracaya manawa Gusti paring pitulungan, sanadyan kadangkala pitulungane Gusti kuwi angel ditampa nalar. Sing baku pracaya disik, dhawuhe Gusti ditindakake, lumebu ing prau Sih Rahmate Gusti, mesthi slamet, mesthi kapitulungan. Aja sambat ndhisik, aja semaya ndhisik. |*NT