+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 13 Mei 2023 Minggu Paskah V

Purwaning Dumadi 8:13-19; Jabur 66:8-20; Yokanan 14:27-29

RUNGOKNA CRITAKU!

“He kowe kabeh kang padha ngabekti marang Gusti Allah padha ngrungokna,

 aku arep nyritakake apa kang katandukake Pangeran marang aku.”

 (Jabur 66:16)

Aku kelingan nalika cilik, isih sekolah SD lan wis bisa maca, karemanku maca majalah anak-anak nyilih duweke Paklik sing duwe duwit kanggo langganan. Aku trima nyempil saben minggu dolan nggone Paklik kareben bisa melu maca. Wacan sing daksenengi babagan dongeng, utawa cernak, cerita kanak-kanak. Manawa aku wis rampung le maca, sesuke cernak mau dakcritake maneh marang kanca-kanca neng sekolahan. Seneng atiku, manawa kanca-kanca uga melu seneng ngrungokake apa kang dakcritake. Kadang ana sing alok, ndak tenan kuwi, kadang uga nek dongenge lucu kabeh padha ngguyu bareng. Pancen amarga kahanan ndhisik ora kabeh bisa langganan majalah anak-anak, dadine ya crita gethok tular wis bisa njalari marem lan bungah bareng.

Awake dhewe kuwi sejatine wis luwih ndhisik nampani crita bab Gusti Allah sing rawuh dadi manungsa ing Gusti Yesus kanggo mitulungi wong dosa murih antuk urip langgeng.  Iki kabegjane awake dhewe, awit isih akeh kanca-kanca, sadulur, tangga teparo sing durung nate krungu crita bab Gusti Yesus sing sakbenere miturut Kitab Suci. Lhah, apa awake dhewe ora duwe krenteg, ora duwe semangat, kanggo nyritakake?

Awake dhewe wis nampa maneka warna kabegjan ing urip saben dina, saben dina ora kurang pangan, ora kurang sandhang, duwe papan kanggo ngeyup, duwe sanak kadang, manawa dirasak-rasake ya luwih akeh seger warase katimbanng lunkgkrah apa dene nandhang lelara, lan liya-liyane. Lha apa awake dhewe uga duwe krenteg aweh paseksi bab kaelokane Gusti Allah murih kabeh sing ngrungokake uga melu bungah lan memuji Gusti Allah. Nyritaake kaelokane Gusti kuwi ora teges pamer, anggere sing dicritaake kuwi ora mung ngegungake bab entuk-entukan bandha, ananging kang diegungake kuwi Gusti lan pakaryane. Dadine Gusti Allah kang diluhurake. |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ