+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 14 Mei 2023 Minggu Paskah VI

L. Para Rasul 17:22-31; Jabur 66:8-20; I Petrus 3:13-22; Yokanan 14:15-21

NULUNG KEPENTHUNG

“jalaran luwih becik nandhang sangsara marga tumindak becik,

manawa iku dikarsakake dening Gusti Allah,

katimbang nandhang sangsara marga tumindak ala.”

 (I Petrus 3:17)

Nalika bubaran pangibadah ning greja, ana salah sijining warga pasamuwan crita, manawa dheweke nembe wae nulungi wong numpak pit motor sing tabrakan, ananging malah dheweke sing diaranai nabrak. Mulane dheweke kanthi rada nesu alok yen ora bakal tetulung maneh yen ana wong kecelakaan katimbang malah diaranai sing ora-ora. Wis nulung malah kepenthung.

Pancen ora gampang kango tumindak becik, manawa ora begja, malah bisa cilaka lan nandang sangsara. Ananging apa ya manawa kaya mangkono ateges kudu mandheg anggone awake dhewe tumindak becik? Mesthine ya ora, nindakake kabecikan kuwi kudune ora ana pedhote, ora entuk mandheg sanadyan sok disalah tampa, sok sing nulung  malah dadi korban. Nindakake kabecikan kuwi ora adhedasar urusane manungsa karo manungsa,  ananging sejatine urusane manungsa karo Gusti Allah. Dadine, sandyan sok kepenthung, tumindak becik kuwi ora kena putung.

Neng ngisor iki ana saduran tulisane biarawati saka Kalkuta India yaiku Maria Teresa Bojaxhiuutawa kang kawentar minangka Bunda Theresa. Kareben gampang, saduran nganggo bahasa Indonesia wae.

Bila engkau berbuat baik, bisa saja orang lain menuduhmu punya pamrih, tapi bagaimanapun, berbaik hatilah

Bila engkau jujur,  mungkin saja orang lain akan menipumu, tapi bagimanapun, berbuat jujurlah

Kebaikan yang engkau lakukan hari ini mungkin saja besok sudah dilupakan orang, tapi bagaimanapun, berbuat baiklah

bagaimanapun berikan yang terbaik dari dirimu,

pada akhirnya, engkau akan tahu bahwa ini adalah urusan antara engkau dan Tuhanmu, ini bukan urusan antara engkau dengan mereka. |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ