+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 15 Mei 2023 Minggu Paskah VI

Purwaning Dumadi 9:8-17; Jabur 93; L. Para Rasul 27:39-44

JANJI MANIS, DUDU JANJI LAMIS

“Ingsun nganakake prasetyaningSun karo sira, yen sabanjure bakal ora kelakon maneh makhluk kang urip katumpes dening banjir, lan bakal ora ana banjir gedhe maneh kang nyirnakake bumi.” (Purwaning Dumadi 9:11)

Aja sok gampang janji, wong-wong manis

Yen to amung lamis, becik aluwung prasaja, nimas

Ora agawe cuwa

Tansah ngugemi janjimu wingi, jebul amung lamis

Kaya ngenteni thukule jamur ing mangsa ketiga

Neng dhuwur kuwi pethikan tembang Aja Lamis, dening Didi Kempot. Ngenteni nyantane janji kang ora teka-teka kaya gagmbaran ngenteni jamur thukul neng mangsa ketiga. Janjine mung lamis.

Manungsa pancen gampang janji, kadhang kala malah tanpa sadhar manawa dheweke jan-jane mung ngumbar janji. Contone, pas aneng greja, pas ngibadah, ngidung KPJ 124 Kula sestu ndherek Gusti, kang jumenneg panutan, tetep setya dugeng janji tan wigih karibedan… lan sak piturute.  Ngidunge makantar-kantar arep tetep setya, ora wedi karibedan, ananging mbasan neng urip saben dina, lali janjine kang dikidungake mau. Kena reribed sithik wis sambat, malah bisa nganti ninggal Gusti.

Beda karo Gusti Allah, nalika Gusti Allah paring janji, janjine mesthi manis, ora bakal lamis. Janjine Gusti Allah mesthi disembadani. Ing kitab Purwaning Dumadi Gusti Allah janji arep mitulungi manungsa nalika manungsa tumiba ing dosa, janjine tinemu manis nalikane Panjenengane rawuh ing Gusti Yesus. Mangono uga ing prastawa Nuh, Gusti Allah janji ora bakal numpes maneh manungsa sakdonya srana banjir gedhe, lan nganti saiki kadadean kaya zaman Nuh durung kalakon. Mula manawa awake dhewe nembe ketaman mawarna-warga masalah urip, elinga marang janjine Gusti, manawa Gusti janji mesthi paring pitulungan. Lan aja lali uga awake dhewe wis janji arep tetep setya ndherek Gusti. Aja lamis ya! |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ