+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 16 Mei 2023 Minggu Paskah VI

Pangandharing Toret 5:22-33; Jabur 93; I Petrus 3:8-12

AJA NYIMPANG NGIWA NENGEN

“Kang iku kowe padha nglakonana apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah,

Gusti Allahmu, marang kowe iku kalawan tumemen, sarta aja nyimpang

mangiwa utawa manengen.”

(Pangandharing Toret 5:32)

Kadang kala menawa arep lelungan ananging durung ngerti papan kang arep dituju, banjur nganggo aplikasi peta kang nuduhake arah neng hape, kareben gampang ora perlu mondhag-mandheg takon marang wong liya. Ananging kuwi wae sok isih isa keblasuk, manawa tekan prapatan utawa pertelon kudu ngiwa apa nengen, apa lempeng, kamangka asring malah banjur diliwatke dalan sing ciut, dadi bingung, dalan sing bener sing endi. Apa maneh manwa tekal papan kang ora ana sinyal hape, tambah sangsaya bingung. Aneng donya kuwi pancen ora ana dalan sing lempeng terus. Arepa kuwi galengan sawah, dalan aspal, apa dene dalan sepur, kabeh ana menggoke, ngiwa apa nengen.

Kepiye manawa dalan kang tumuju marang Gusti Allah? Pangandharing Toret 5:32 ngandikaake, kanggone awake dhewe, kudu lempeng anggone nindakke dhawuhe Gusti, ora entuk nyimpang ngiwa apa nengen. Tegese kudu tansa ngener marang Gusti Allah, ora entuk kepencut marang liyane sing bisa njalari awake dhewe nyimpang saka Gusti Allah. Ora kena nyimpang mangiwa kepencut bandha, ora kena nyimpang manengen kepencut wedokan apa lanangan liya kang njlari rumah tanggane bubrah, ora entuk nyimpang mangiwa mburu drajat pangkat, ora kena nyimpang manengen mburu kalungguhan, ora kena nyimpang ngiwa apa nengen kepencut babagan sing njalari banjur ninggal Gusti Yesus lan melu agama liyane. Manawa nembe ketaman sakit penyakit, nembe ora duwe duwit, nembe susah akeh masalah, tumemen ing pandonga marang Gusti, donga marang Gusti kuwi bisa inga kahanan apa wae, anaa ing ngendi wae,ora gumantung sinyal.

Pokokmen kudu lempeng, lurus, ngener marang Gusti Yesus, sanadyan dalan tumuju marang Gusti kuwi ciut, akeh pepalang, ora jembar lan ora mulus,  ananging kudu tetep dilakoni. |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ