+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 17 Mei 2023 Minggu Paskah VI

Pangandharing Toret 31:1-13;  Jabur 93;  Yokanan 16:16-24

AJA WEDI, AJA GIRIS

“Disantosa lan ditatag atimu, aja wedi lan aja giris ana ing ngarepe,

marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang nunggil ing salaku-lakumu. Panjenengane ora bakal negakake kowe lan kowe ora bakal ditilar.” (Pangandharing Toret 31:6)

Manungsa kuwi ora bisa ngerti apa kang bakal kelakon. Sejam mengarep, sadina mengarep, sewulan apadene setahun lan sakpiturute. Awit kabeh pancen sumimpen ana ing panguwaose Gusti Allah. Sanadyan kaya mangkono, awake dhewe ora entuk wedi nglakoni urip. Pancen urip kuwi ora gampang, wiwit saka lair manungsa wis kudu berjuang supaya bisa urip. Berjuang metu saka guwa garba biyunge; berjuang saka mbrangkang nganti bisa ngadeg lan bisa mlayu; Berjuang nalika sekolah; berjuang anggone golet pagawean lan nyambut gawe; berjuang nalika omah-omah. Pancen urip iku perjuangan, urip kuwi ora mandheg, urip kuwi dinamis, kaya dinamo manawa muter ateges urip, nek mandheg ateges mati.

Nalikane manungsa urip, nalikane berjuang, masthi ngadhepi maneka warna masalah. Ana unen-unen “aneng kabeh masalah mesthi ana dalan kanggo metu”, mula aja wedi, aja giris nalika nglakoni urip sing kudu dilakoni. Awit sejatine, kaya ngapa abote masalah urip, ora bakal gawe pati, malah ndadekake awake dhwe sangsaya bakuh. Sabda dalem Gusti ing dina ini paring pepeling lan paring panglipur kanggo kita. Awake dhewe dielingake aja wedi, aja giris urip neng donya iki. Gusti paring panglipur, Panjenengan bakal nunggil ing salaku, ora bakal negaake, ora bakal ninggal awake dhewe. Mulane nalika awake dhewe ngrasakke kuwatir, nalika digencet maneka warna kasusahan, nalika cilik ati, atine kudu ditatag lan disantosakake, aja wedi, aja giris, ana Gusti Allah kang nunggil lan nganthi. Anggere awake dhewe pracaya, mesthi antuk kaendahan lan dalan padhang. |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ