Lelakone Para Rasul 1:1-11; Jabur 47; Efesus 1:15-23; Lukas 24:44-53
DADI SEKSI
“Pangandikane: “Ana kang katulisan mangkene: Sang Kristus pinasthi
nandhang sangsara lan ing telung dinane wungu saka ing antarane wong mati. Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa
kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane,
wiwit saka ing Yerusalem. Dene kowe kang padha dadi seksine
bab iku mau kabeh.” (Lukas 24:48)
Lembaga Perlindungan Saksi dan Korban (LPSK), nate aweh katrangan manawa akeh masyarakat Indonesia kang padha wegah dadi seksi nalika mangerteni prastawa kang nerak tatanan hukum. Rancake padha wedi dadi seksi amarga wedi malah dadi kang kadakwa apa dene wegah ngetutke proses hukum sing sok ribet ora rampung-rampung. Kamangka seksi kuwi minangka babagan kang wigati banget kanggo proses hukum kang nembe mlaku.
Bab dadi seksi pancen ora gampang, awit dadi seksi kuwi kudu ngerti temenan apa kang bakal disekseni, kudu wani ngomong jujur, kudu kendel. Manawa ora mangerteni tenan, manawa ora jujur, manawa jirih ora kendel, mesthi gampang kether manawa manawa di pojokke nganggo pitakonan sing angel, lan tembe mburine malah wirang.
Sabda Delem Gusti dina ini ngandikaake manawa para muride Gusti Yesus kuwi dadi seksi bab Gusti Yesus, bab gesange, bab sangsarane, bab sedane lan bab wungune. Mangkono uga bab pamratobat lan pangapurane dosa ana ing Asmane Gusti Yesus, kudu diundhangke ana ing ngendi-endi papan.
Kapriye tumrap awake dhewe? Awake dhewe uga kadhawuhan dadi seksi bab Gusti Yesus, martakake manawa Gusti Yesus kuwi pancen Gusti Allah kang rawuh dadi manungsa, kang seda sinalib lan wungu saka antarane wong mati. Manawa ana kang nyaruwe, Gusti Allah kok dadi manungsa, mokal kuwi… Ora sah wedi, jawab kanthi jujur lan semanak, jawabane kepenak wae: “Gusti Allahku hebat, maha besar, maha kuwasa, nek mung dadi manungsa kuwi bab entheng lan sepele kanggone Gusti Allah. Gusti Allahmu apa ora bisa dadi manungsa?” |*NT