Purwaning Dumadi 21:1-7; Jabur 116:1-2, 12-19; Ibrani 3:1-6 LUWAR SAKING WAS SUMELANG “Nanging aku nyebut asmaning Pangeran Yehuwah: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa ngluwari kawula.” (Jabur 116:4) Nalika juru Mazmur ngraosaken panindhesing para tiyang ingkang mengsahi piyambakipun, wonten kalih prekawis ingkang gemuleng ing manahipun. Ingkang sepisan, piyambakipun rumaos ajrih sanget awit kados-kados saweg methukaken dumugining pati. Piyambakipun ngraosaken karupekan lan kasisahan ingkang awrat. “Aku digubed ing talining pati, sarta ditempuh ing rasa wedi marang jagading wong mati, tuwin ngrasakake karupekan lan kasusahan.” (ay. 3). Kita sami temtu saged mangertosi kados pundi awrating momotanipun sang juru Mazmur! Ananging wonten prekawis ingkang kaping kalih, bilih piyambakipun taksih saged nyebut asmanipun Gusti Allah saha nyenyuwun supados paring pitulungan tumrap piyambakipun. “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa ngluwari kawula.” (ay. 4). Piyambakipun sesora dhumateng Gusti kanthi kapitadosan bilih Panjenenganipun punika asih mirma, adil saha ambek welasan. Pramila piyambakipun pitados bilih Gusti badhe mitulungi piyambakipun. Panci, mbok menawi panandhangipun dereng enggal sirna ananging raosipun manah ingkang kebak was sumelang wau mugi kaparingan pulih lejar rumiyin. Kanthi manah ingkang tentrem awit sampun kaluwaraken saking raos ajrih, piyambakipun badhe langkung tatag lan tanggon ngrampungaken prekawis ingkang sawed dipun adhepi. Pancen leres. Ingkang paling kita betahaken rumiyin inggih punika saged luwar saking raos ajrih saha was sumelang. Kita sami sacara pribadi utawi sesarengan kaluwarga saged nulad punapa ingkang juru Mazmur tindakaken. Sinaosa kagubed dening gegelitaning prekawis nanging piyambakipun tetep setya tuhu sumarah, sumendhe lan sumeleh ing ngarsanipun Gusti. Sumangga kita sami ugi kasagedna sesora : “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa ngluwari kawula.” I*OHPN
Rebo, 14 Juni 2023 Minggu Limrah VI
Purwaning Dumadi 18:16-33; Jabur 119:41-48; Mateus 12:1-8 NGUDI KAMURSIDAN “Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal ora Suntumpes marga saka wong sepuluh iku.” (Purwaning Dumadi 18: 32b) Raosing penggalihipun rama Abraham trenyuh nalika mireng bilih tlatah Sodom badhe kasirnakaken dening Gusti karana durakaning tiyang-tiyang ing mriku. Rama Abraham ngeman brayatipun Lut, penakanipun, ing salebeting tlatah Sodom. “Punapa Paduka badhe numpes tiyang mursid sesarengan kaliyan tiyang duraka?” kados mekaten pasambatipun rama Abraham dhumateng Gusti. Ing salajengipun, rama Abraham nyuwun supados Gusti boten siyos nyirnakaken tlatah Sodom menawi wonten sawetawis tiyang mursid ing mriku. Saking cacah 50 tiyang ngantos cacah 10 tiyang! Gusti Allah paring prajanji boten badhe numpes menawi wonten paling boten 10 tiyang mursid ing tlatah Sodom. Punapa seserepan ingkang narik manah kita sami saking pirembaganipun rama Abraham kaliyan Gusti Allah wau? Tiyang mursid! Inggih, tiyang mursid! Mendahnea wontenipun tiyang mursid punika saestu ndayani tumraping kawilujengan saha karaharjanipun komunitas. Punapa punika griya kita, papan pedamelan kita, pasamuwan kita, lingkungan sakiwa tengen kita, saha komunitas sanesipun. Kita sami kemutan menawi wontenipun nabi Yusuf ing dalemipun Potifar ndayani tumrap karaharjanipun Potifar saha brayatipun. Awit saking kamursidanipun Yusuf, Gusti Allah kepareng mberkahi griyanipun Potifar, tiyang Mesir ingkang boten pitados kaliyan Gusti. Elok sanget! Kados mekaten agengipun sih kamirahaning Gusti tumrap ing manungsa! Sumangga kita sami ngudi kamursidan supados kawontenan kita ing papan pundi kemawon saestu mberkahi saha ndayani tumraping karaharjanipun komunitas-komunitas ingkang kita dhereki. Kita sami kajurung supados ndongakaken bangsa saha mujudaken kaadilan. Sangsaya kathah tiyang mursid, sangsaya kita sumendhe ing Gusti, sangsaya punika mranani penggalihipun Gusti Allah! I*OHPN
Pendaftaran HLUN Diperpanjang
Mengundang segenap Adiyuswa diGereja-gereja Kristen Jawa di lingkungan Sinode GKJ untuk bersama memberikan pengaruh dan peranan dalam mewariskan iman dan semangat juang untuk generasi muda Indonesia Ibadah Syukur & PerayaanHarian Lanjut Usia nasionalSinode GKJ 2023 Tema : Tinta Emas Adiyuswa untuk Indonesia Menampilkan kesenian Budaya Jawa :Sendratari kolosal, Gamelan Jawa, Gejog Lesung, Sinden Elisha Orcarus, Punakawan 20 Juli 2023pukul 09.00 – 12.00 WIBdi Stadion Manahan Solo Pendaftaran secara Kolektif melalui gereja masing-masing Link Form Pendaftaran :https://s.id/FormDaftarAdiyuswaPaling lambat 20 Juni 2023 Contact Person :Pdt. Nugroho Hadiwibowo(0817-7578-5257)Devita(0813-9381-7498) Emaill : infoadiyuswa@gmail.com
Slasa, 13 Juni 2023 Minggu Limrah VI
Purwaning Dumadi 17:1-27; Jabur 119:41-48; Ibrani 13:1-16 NGATURI MALAEKAT “Kowe aja padha lali aweh pamondhokan marang wong, jalaran saka mangkono iku ana sawenehing wong sing padha ora sumurup manawa wus ngaturi pasugatan marang para malaekat.” (Ibrani 13: 2) Punapa Panjenengan nate nampeni tamu ingkang ‘nunut ngiyup’, kepingin ngaso saha nyipeng ing dalem Panjenengan? Punapa kita ugi nyuguhaken tetedhan utawi pacitan kangge piyambakipun? Punapa malah kosokwangsulipun, Panjenengan rumaos awrat nampeni piyambakipun? Panci boten gampil! Limrahipun kita rumaos repot, punapa malih menawi kita dereng tepang kaliyan piyambakipun! Limrah menawi kita rumaos was sumelang! Sinaosa angel, ananging wonten setunggal prekawis ingkang ngeram-eramaken menawi kita purun nampeni tiyang sanes wau. Menawi kita nampeni tiyang sanes ing griya kita, sejatosipun kita saweg ngaturi para malaekatipun Gusti! Punika prekawis ingkang endah lan elok sanget! Gusti ngersakaken supados kita nggadhahi sikap ingkang grapyak lan semanak. Istilah monceripun, kita nggadhahi ‘hospitalitas’, inggih punika sikap ingkang tinarbuka nampeni sesami. Menawi korining griya kita tinarbuka, punika sejatosipun nulad dhateng pakaryanipun Gusti ingkang tansah tinarbuka nampeni sedaya tiyang ingkang sowan ing ngarsanipun. Kadosdene penggalihipun Gusti ingkang luber ing pangrengkuh, mekaten ugi kedahipun manah kita sami: luber ing panarima! Sumangga kita wiwiti kanthi nampeni sedaya anggotaning kaluwarga kita kanthi tulusing manah. Kalajengaken nampeni pra tetanggi, pra kanca, para sedherek sapatunggilan saha pra tiyang ingkang mbetahaken pitulungan kita. Manah kita kebak ing panarima satemah kita sami kasagedaken nampeni kanthi grapyak semanak, nyedulur, saha agenging katresnan. Awit, sepisan malih, nalika kita nggadhahi sikap tinarbuka saha purun nampeni sesami, sejatosipun kita sami saweg ngaturi para malaekat! Sugeng ngaturi pra malaekatipun Gusti! I*OHPN
Senen, 12 Juni 2023 Minggu Limrah VI
Purwaning Dumadi 16:1-15; Jabur 119:41-48; II Korinta 6:14-7:2 NRESNANI PEPAKENING ALLAH “Tangan kawula nyadhong dhateng pepaken Paduka ingkang kawula tresnani; kawula badhe ngraos-ngraosaken pranatan-pranatan Paduka.” (Jabur 119: 48) Punapa ingkang kedah kita tindakaken supados nggadhahi sesambetan ingkang caket kaliyan Gusti? Wonten kathah wujuding oleh karohanen ingkang saged kita tindakaken supados caket kaliyan Gusti. Ing antawisipun inggih punika : pandonga, pangidung, saha pamaosing Kitab Suci. Magepokan kaliyan bab pamaosing Kitab Suci, kita kasagedaken nyumerepi punapa ingkang dados pepaken saha pranataning Gusti saking Kitab Suci. Kita badhe kasagedaken mangertosi punapa ingkang dados kersanipun Gusti nalika nggegilut sabda pangandikanipun Gusti ing Kitab Suci. Pitakenanipun, punapa kita nindakaken kanthi kapeksa punapa boten? Punapa kita tindakaken minangka rutinitas kemawon? Juru Mazmur ngemutaken kita sami supados kita saestu nggadahi krenteg lan adreng ingkang ageng anggen kita nyadhong pepaken-pepakenipun Gusti. Boten amargi kewajiban ananging amargi raos tresna kita! Kanthi mekaten, kita sami nggadahi pepinginan ageng saperlu ngraos-raosaken pangandikanipun Gusti kanthi tumemen. Awit saking raos tresna, boten amargi kapeksa! Wekdal-wekdal wancinipun maos Kitab Suci saestu dados wekdal-wekdal ingkang ngremenaken, wekdal-wekdal ingkang kita sami rantos kanthi bingah sukarena! “Tangan kawula nyadhong pepaken Paduka ingkang kawula tresnani …” “Tak kenal maka tak sayang!” Punika unen-unen ingkang asring kita pireng. Kados pundi supados saged sayang lan tresna kaliyan Kitab Suci? Mesthinipun kawiwitan kanthi ‘kenalan’ rumiyin, inggih punika sacara ajeg nyawisaken wekdal mirunggan saperlu maos Kitab Suci. Menawi sampun telatos, mugi kasagedna kita sami sangsaya sayang lan nresnani Kitab Suci. Tembenipun, menawi sedinten kemawon boten mbikak Kitab Suci, raosipun wonten ingkang kirang ing gesang kita. Sugeng nresnani Kitab Suci! I*OHPN
Informasi Pepenkris (Pekan Pendidikan Kristen) 2023
Pepenkris (Pekan Pendidikan Kristen)pepenkris merupakan momen khusus yang dicetuskan dan disepakati bersama oleh segenap pemangku kepentingan Pendidikan Kristen di lingkungan Sinode GKJ dan GKI Sinode Wilayah Jawa Tengah.kegiatan Pepenkris tahun ini akan kita laksanakan dengan tema “MENEBAR DAMAI DI TENGAH KONTESTASI” kami informasikan beberapa hal : Pengurus LP3S. unduh materi pepen kris disini
Ahad, 11 Juni 2023 Minggu Limrah VI
Purwaning Dumadi 12:1-9; Jabur 33:1-12; Rum 4:13-25; Mateus 9:9-13, 18-26 KAWELASANING MANAH “Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan.” (Mateus 9:13a) Punapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus pancen ngagetaken para tiyang Farisi. Juru mupu beya punika kawentar minangka tiyang ingkang kebak dosa awit asring mundhuti iuran/pajek, langkung saking salimrahipun. Pramila, miturut pemanggih para tiyang Farisi, juru mupu beya saha tiyang-tiyang dosa sanesipun kedah dipun tebihi supados boten nularaken kenajisan. Lajeng, kenging punapa Gusti Yesus kersa sesambetan kaliyan juru mupu beya saha tiyang dosa sanesipun? Punapa punika boten methukaken kenajisan? Gusti Yesus nelakaken bilih para tiyang wau kedah dipun welasi saha dipun tresnani. Tiyang-tiyang wau kedah dipun rengkuh saha dipun rangkul. Menawi badhe nulungi, kedahipun boten nebihi saha moyoki, ananging malah nyaketi tiyang-tiyang wau. Punika nelakaken bilih raos kawelasaning manah kedah dados prinsip ingkang utami. Kanthi mekaten, anggen kita mawas tiyang-tiyang mau boten karana manah ingkang ngadili ananging kanthi manah ingkang melasi. Para tiyang Farisi rumaos bilih ingkang ndamel keprananing penggalihipun Gusti Allah inggih punika cecaosan kurban minangka pisungsung. Ananging, Gusti Yesus negesaken bilih kawelasaning manah dhateng sesami punika langkung wigatos. Awit Gusti Allah punika Mahaasih, pramila kita sami minangka pandherekipun ugi kedah njejegaken bab kawelasaning manah minangka prinsip ingkang utami. Pisungsung kita kagem Gusti boten namung awujud yatra, barang, saha raja brana sanesipun. Ananging, kita ugi kadhawuhan supados nggadahi kawelasaning manah dhateng sesami ingkang mbetahaken pitulungan. Punika minangka wujuding pisungsung ingkang elok, ingkang mranani ing ngarsanipun Gusti. Sumangga, kita sami kajurung supados nggadhahi krenteg, migatosaken sesami ingkang kacingkrangan, ingkang kesrakatan saha ingkang ketriwal! Gusti mitulungi! I*OHPN
Setu, 10 Juni 2023 Minggu Trinitas
Purwaning Dumadi 15:1-20; Jabur 33:1-12; Mateus 9:27-34 PANGANDEL DHUMATENG GUSTI “Banjur padha didumuki mripate sarta dipangandikani: ”Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.” (Mateus 9: 29) Wonten ingkang narik manah nalika kita maos cariyos bab kalih tiyang wuta ingkang kasarasaken dening Gusti Yesus ing waosan kita. Sasampunipun tiyang kekalih wau nyuwun sih piwelasipun Gusti supados kersa paring kesarasan, Gusti Yesus boten lajeng tumindak ananging Panjenenganipun paring pandangu rumiyin dhateng tiyang kekalih wau. “Apa kowe padha ngandel yen Aku bisa nindakake mangkono?” mekaten pandangunipun Gusti. Panjenenganipun badhe mirsani sepinten angenging pangandelipun tiyang kekalih wau. Kanthi mekaten, tiyang kekalih wau ugi nindakaken peranganipun supados kasarasaken, inggih punika nggadahi pangandel ingkang sayektos dhumateng Gusti Yesus. Nalika Gusti Yesus ndemok netranipun tiyang kekalih wau, Panjenenganipun ngendika,”Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.” Puji Gusti! Punapa ingkang dados pepinginanipun tiyang kekalih wau estu kasembadan. Punika nelakaken bilih Gusti Yesus kepranan tumrap pangandelipun tiyang kekalih wau. Kapitadosan ingkang prasaja lan satuhu, mligi konjuk dhumateng Gusti Yesus! Gusti Yesus ugi kepranan tumrap pambudidaya tiyang kekalih wau anggenipun ngetut wingking saha nguwuh-uwuh dhumateng Panjenenganipun. Punika estu nrenyuhaken penggalihipun Gusti Yesus. Pitakenan kangge kita sami, punapa kita ugi nggadahi pangandel dhumateng Gusti Yesus wonten ing sedaya kawontenan? Punapa kita saestu sampun ngeneraken manah kita, madhep mantep ndherek Gusti Yesus kanthi pangandel ingkang ageng? Punapa kita sami nggadahi keyakinan bilih talinganipun Gusti Yesus mirengaken panguwuh-uwuh kita? Punapa kita ugi pitados bilih astanipun Gusti Yesus saestu badhe kaulungaken saperlu nulungi kita saking sedaya prekasiwing gesang? Punapa kita saestu nggadahi piandel bilih Gusti badhe campur asta wonten ing gesang kita? Sumangga kita sami sinau saking tiyang kekalih ing nginggil: “Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu!” I*OHPN
Jemuwah, 9 Juni 2023 Minggu Trinitas
Purwaning Dumadi 14:17-24; Jabur 33:1-12; Lelakone Para Rasul 28: 1-10 BENER, ADIL, LAN AMBEK WELASAN “Panjenengane karenan marang kang bener lan adil; bumi kebak ing sih-kamurahaning Yehuwah.” (Jabur 33: 5) Wonten unen-unen mekaten: ”Dari Altar Menuju Pasar!” Tegesipun, panembah bekti kita sami ing gedhung greja kedah kalajengaken kanthi tumindak sae ing satengahing masyarakat. Pamuji sokur lan pangalembana kita dhumateng Gusti Allah kedah tetela ugi wonten ing gesang kita sapadintenan. Kenging punapa mekaten? Awit Gusti Allah remen kaliyan babagan sedaya ingkang leres, ingkang adil saha ingkang mratelakaken asipat ambek welasan. Kanthi mekaten, pangibadah kita sami saestu jangkep lan mranani penggalihipun Gusti Allah. Dhawuhipun Gusti Allah minangka angger-angger katresnan sampun cetha sanget. Kita sami kadhawuhan nresnani Gusti Allah saha nresnani sesami kita. Katresnan kita dhumateng Gusti kita pratelakaken kanthi mitulungi sesami kita ingkang mbetahaken pitulungan. Pramila sampun ngantos sasampunipun kita medal saking pangibadah ing gedhung greja, kita lajeng moyoki juru parkir utawi misuh-misuh ing satengah margi nalika tumuju wangsul dhateng griya kita piyambak. Utawi sampun ngantos ugi kita nindhes kanca ing pedamelan. Awit Gusti ngersakaken supados tumindaking gesang kita saestu cundhuk kaliyan punapa ingkang kita sinau nalika ngibadah ing gedhung greja. “Dari altar menuju pasar!” Saking gedhung gereja tumuju satengahing masyarakat! Sumangga kita sami giyak-giyak memuji asmanipun Gusti ing satengahing pasamuwan. Sumangga ugi kita sami njejegaken kabeneran, ngudi kaadilan saha mujudaken asipat ambek welasan dhateng tiyang sanes. Lumantar pitutur, tetembungan saha tindak tanduk kita ingkang nyondhongi kaliyan kersanipun Gusti. Awit, sepisan malih, Gusti Allah kepranan tumrap sedaya ingkang leres, ingkang adil saha sedaya wujuding asipat ambek welasan. “Rahayu wong kang ambek welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas.” (Mateus 5: 7).I*OHPN
Kemis, 8 Juni 2023 Minggu Trinitas
Purwaning Dumadi 13:1-18; Jabur 33:1-12; II Petrus 2:17-22 KITA PUNIKA SEDHEREK “Mulane Rama Abram banjur ngandika marang Lut: Bok aja ana grejegan ing antarane pangonku lan pangonmu, kita rak padha sadulur.” (Purwaning Dumadi 13:8) Miris sanget menawi mireng cariyos bab rebutan warisan raja brana ing satengahing kaluwarga. Ing antawisipun sedherek setunggal lan setunggalipun saged dados regejegan lan dados mengsah karana sami rebutan raja brana. Kenging punapa saged wonten kedadosan ingkang mekaten? Pancen kathah jalaranipun. Ananging salah satunggaling sebab mbok menawi karana ukuranipun kanugrahaning gesang ing masyarakat gumantung saking kathah sekedhikipun raja brana. Utawi mbok menawi awit saking raos was sumelang menawi kekirangan raja brana satemah sedaya pambudidaya katujokaken supados pikantuk sakathahipun, kepara menawi saged kangge pitung turunan. Beda sanget kaliyan kawontenan ing nginggil wau, rama Abraham kagungan watek lan asipat ingkang kosokwangsulanipun. Para tiyang ingkang angen sato kewanipun rama Abraham saha para tiyang ingkang angen sato kewanipun Lut asring regejegan awit sami rebutan panggenan. Jalaranipun, papan panggenan kangge angen sato kewan rama Abraham saha Lut, penakanipun, winates lan boten wiyar. Pramila, rama Abraham lajeng ndhawuhi Lut supados miji panggenan ingkang dipun remeni. Alusing budi rama Abraham ngedalaken woh ingkang mranani. Piyambakipun ingkang kagungan asipat ambek welasan kersa ngalah sarta njurung Lut supados nemtokaken rumiyin panggenan ingkang dipun remeni. Kenging punapa mekaten? Rama Abraham ngendika bilih piyambakipun saha Lut punika sedherek! Kautamaning asipatipun rama Abraham punika saged dados seserepan kangge kita sami supados ngrumaosi bilih ing antawisipun sedherek kedahipun sami angen-inangen, sangkul sinangkul, boten malah sami regejegan. Sedaya prekawis saged dipun rembag kanthi wening sesarengan minangka sedherek.I*OHPN


