Mikha 7:18-20; Jabur 13; Galati 5:2-6 RENA ING PALIMIRMA “Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka, ingkang ngapunten dosa, saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak: ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun, nanging ingkang rena dhateng sih palimirma?” (Mikha 7:18) Pangucaping juru Mazmur punika minangka wujuding pangocap sokur ingkang ageng, ingkang mijil saking bingahing manah awit sampun ngraosaken bab sih katresnan saha sih piwelasipun Gusti Allah. Sang Yehuwah saestu pancen elok sih piwelasipun, ngeram-eramaken sih palimirmanipun saha ngedap-edapi pakaryanipun. Panjenenganipun kersa ngapunteni dosaning umat saha boten remen menawi dangu-dangu anggenipun duka lan paring paukuman dhateng umat. Penggalihipun kebak ing sih palimirma! Pramila, juru Mazmur lajeng ngendika: “Sinten ilah ingkang saged kabandingaken kaliyan Gusti Allah?” Boten wonten. Awit Gusti Allah punika rena ing palimirma, nresnani umat saha boten salaminipun paring bebendu dhateng umat. Puji Gusti, Gusti Allah kita punika sanes Gusti ingkang kados juru gebuk, ingkang namung ngawasi kita lan cecawis nggebuk menawi kita nggadahi kalepatan. Gusti Allah kita punika pancen duka tumraping panerak kita ananging Panjenenganipun ugi melasi satemah ngentasaken kita saking sedaya duraka kita. Penggalihipun tansah rena ing sih palimirma. Kanthi mekaten, sampun ngantos kita kajiret raos lepat ingkang lebet satemah boten wantun nyenyuwun sih pangapunten dhumateng Panjenenganipun. Sih katresnanipun Gusti Allah punika ugi ngatag gesang kita supados ugi mbabar sih palimirma dhateng tiyang sanes. Awit Gusti kita punika ambek welasan mila kita sami ugi kedah nggadahi asipat ambek welasan dhateng sesami. Awit Gusti kita punika rena ing sih palimirma mila kita sami ugi kadhawuhan supados rena ing sih palimirma! Menawi Gusti sampun paring sih samudra pangaksami dhateng kita mila kita ugi kedah mbabar sih pangapunten dhateng sesami ingkang natoni manah kita. I*OHPN
Rebo, 28 Juni 2023 Minggu Limrah VIII
Yeremia 42:18-22; Jabur 86:11-17; Mateus 10:5-23 BARESA TUR NGATI-NGATIA! “Lah kowe padha daklakokake kayadene gembel menyang ing satengahing asu ajag, mulane sing-ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.” (Mateus 10: 16) Kados pundi sikep ingkang kedah kita wujudaken nalika nglampahi gesang ing antawisipun pra tiyang ingkang boten remen dhateng kita? Langkung-langkung ingkang badhe ngrisak gesang kita? Punapa punika ing pedamelan utawi wonten ing lingkungan sakiwa tengen griya kita? Punapa kita namung mendel kemawon? Punapa kita kedah nglawan dhateng pra tiyang wau? Gusti Yesus maringi seserepan supados kita punika nindakaken gesang ingkang limrah kados dene gesang ing satengah masyarakat. Kita boten ndelik nanging ugi boten nglawan. Kita mbudidaya sesrawungan ingkang limrah. Kita kedah njejegaken gesang ingkang tulus, ingkang jujur, ingkang ‘bares’ kados dene peksi dara. Peksi dara punika nggambaraken asipat ingkang tulus, jujur lan blaka. Boten beda ing antawisipun tetembungan kaliyan tumindak. Ananging Gusti ugi ngemutaken supados kita sami kadhawuhan ngatos-atos kados dene sawer. Sawer punika sato kewan ingkang nggambaraken asipat pinter saha wasis ngendhaleni kawontenan. Kanthi mekaten kita sami kasagedna wasis, landhep ing pamawas supados kita boten dipun jiret kaliyan niating manahipun pra tiyang ingkang mengsahi kita. Kedah waspada! Menawi kita namung tulus kemawon, kita gampil kajiret. Menawi namung wasis, kita boten nggadahi manah ingkang suci. Pramila kita sami kedah mujudaken kalih-kalihipun sacara sesarengan: tulus lan waspada! Kita kedah tansah nyenyuwun kawicaksanan sarta kesagedan saking sang Roh Suci. Gusti Yesus Kristus, Sang Pangen Utami, badhe nunggil kaliyan kita sami ngantos salami-laminipun. I* OHPN
Informasi Lowongan Pekerjaan YPTKSW
Melalui surat ini kami menyampaikan informasi kebutuhan tenaga pendidik(guru) untuk Sekolah Menengah Pertama Kristen Satya Wacana adapun formasi dan persyaratan tenaga yang dibutuhkan adalah sebagai berikut :a. Guru SD b. Guru SMP c. Guru SMA Merujuk pada ketentuan dalam Peraturan Kepegawaian Pegawai Pendidik Yayasan Perguruan Tinggi Kristen Satya Wacana, persyaratan yang harus dipenuhi adalah sebagai berikut: Persyaratan Khusus:Pendidikan terakhir minimal S1 (Strata 1) Linier dengan bidang yang akan diampu IPK minimal 3.00Menguasai MS Office dan Learning Management System (LMS) Surat lamarart walib dilampiri: Surat lamaran ditujukan kepada:Pengurus Yayasan Perguruan Tinggi Kristen Satya WacanaJln. Diponegoro 60 Salatiga Surat lamaran kami terima paling lambat tanggal 27 Juli 2023, dalam bentuk soft file yang diisikanpada formulir elektronik Google Forms yang dapat diakses di alamat: Bagi yang memenuhi ketentuan di atas, akan dipanggil untuk mengikuti tes/seleksi. Waktu danlempat seleksi akan diberitahukan kemudian. Tes terdiri atas tes kesehatan, tes psikologi dan tes yang berhubungan dengan formasi pekeriaanserta wawancara.
Slasa, 27 Juni 2023 Minggu Limrah VIII
Purwaning Dumadi 25:12-18; Jabur 86:11-17; Wahyu 2:8-11 SETYA TUHU NGANTOS PUNGKASAN “Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sun ganjar makuthaning kauripan.” (Wahyu 2: 10c) Nalika semanten, rasul Yokanan ngiyataken manahipun pasamuwanipun Gusti ingkang saweg nandhang panindhesing bangsa Rum saha pra pemimpining bangsa Yahudi. Piyambakipun negesaken bilih sedaya tiyang pitados ingkang setya tuhu ngantos tumekaning pati, bakal kaparingan makuthaning panguripan. Punika nelakaken prasetyaning Gusti kangge pra umat lumantar rasul Yokanan. Kados pundi kawontenanipun pra umat pitados samangke? Pra tiyang diwasa langkung kiyat ngadhepi sedaya kawontenan ingkang boten ngremenaken. Ananging ingkang kedah kita titeni kanthi premati inggih punika bab sesambetanipun para lare alit ing satengahing bangku pasinaon saha ing satengahing lingkungan sakiwa tengen. Menawi ing kompleks perumahan mbok menawi boten patos ketingal awrat. Ananging menawi ing satengah kampung, punika langkung tetela. Upaminipun, wonten lare ingkang rumaos boten dipun tampi dening pra lare sanes karana beda kapitadosanipun. Piyambakipun boten gadhah kanca lan manahipun sangsaya dangu sangsaya sedhih. Punika kawontenan ingkang boten ngremenaken kangge kathah lare kita ing satengahing pergaulanipun. Punika dados timbalan mirunggan supados kita sami ngancani pra lare kanthi tumemen, mirengaken pasambatipun, ndherek ngraosaken kasedhihanipun saha ngiyataken manahipun. Satemah, pra lare saged kalipur saha rumaos nggadahi kanca ingkang sejati inggih punika tiyang sepuhipun saha pra kanca sapatunggilan. Ananging kita sami ugi nuntun supados pra lare tetep nresnani kancanipun sinten kemawon sinaosa sampun nebihi piyambakipun. Kanthi mekaten, pra lare kasagedaken mungel saking manah: “Dhuh Gusti Yesus, kawula badhe setya tuhu!” I* OHPN
Renungan Harian Sadhar Juli 2023
Tema: Sumadya Mapagaken Wekdal Ingkang Badhe Kalampah Kaliyan Gusti Klik Disini Untuk Mengunduh Bahan Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone. untuk Aplikasi Renungan Harian Sadhar
Slasa, 20 Juni 2023 Minggu Biasa VII
Purwaning Dumadi 25:7-11; Jabur 126; II Tesalonika 2:13-3:5 SEDA KANTHI PATRAP INGKANG GESANG “….. Rama Abraham tumuli seda, dene sedane iku nalika wus akeh yuswane, wus tuwuk sugenge, banjur kaklempakake karo para leluhure.” (Purwaning Dumadi 25:8) Mbok menawi, para sepuh adiyuswa sami remen maos waosan ing nginggil. Kenging punapa? Rama Abraham seda kanthi yuswa ingkang sepuh saha sampun tuwuk anggenipun ngraosaken gesang ing alam donya. Tentrem rahayu ing palereman, kasarekaken wonten ing pasareaning pra leluhuripun. Temtu punika ugi dados pepinginan sedaya tiyang langkung-langkung para sedherek adiyuswa kinasih. Ananging sumangga kita titipriksa, punapa ingkang ndadosaken sedanipun rama Abraham punika tentrem rahayu? Temtu kemawon boten namung bab panjangipun yuswa saha amargi kasarakekan ing pasarean kaluwarga. Ananging ugi awit piyambakipun seda kanthi manah ingkang jenjem, ingkang suci, ingkang boten kebak prekawis saha ingkang boten nggadahi memengsahan kaliyan tiyang sanes. Mila pancen leres bilih kathah ingkang mastani piyambakipun boten namung ‘bapa orang beriman’ ananging ugi ‘bapa perdamaian.’ Piyambakipun punika saged kawastanan ‘seda kanthi patrap ingkang gesang’, tegesipun seda kanthi manah tentrem, boten wonten dendam, boten nedya nebih saking Gusti, sampun ikhlas lan sumeleh saha sampun boten nggadahi beban panandhang ing gesangipun nalika kapundhut. Piyambakipun kapundhut kanthi mesem, rerem ing Pangeran. Kados pundi kaliyan kita sami? Sedaya tiyang kepingin sedanipun kados rama Abraham. Pramila, sumangga kita sami sampun nyawisaken saking samangke. Cecawisan kita boten namung bab tata lair kados dene nyawisaken ageman, sepatu, foto, Alkitab, pesen sarean, nyawisaken tata liturgi pelepasan lan pemakaman saha sanesipun malih. Ananging ingkang langkung baken inggih punika nyawisaken manah supados cumadhang sumarah dumateng Gusti tanpa iri drengki, tanpa kapilut dening sedaya raja brana kadonyan ingkang namung sawetawis. I*OHPN
Senen, 19 Juni 2023 Minggu Limrah VII
Purwaning Dumadi 23:1-19; Jabur 126; I Tesalonika 3:1-5 WOHING PANEMBAH BEKTI “Wong kang padha nyebar wiji karo mbrebes mili, bakal ngeneni kambi giyak-giyak.” (Jabur 126:5) Tiyang ingkang saweg nandhang duhkita saha saweg manekung nyenyuwun pitulunganipun Gusti punika kagambaraken kados dene tiyang ingkang nyebar winih kanthi mbrebes milining luh. Punika gegambaran ingkang narik manah. Anggenipun nyebar winih punika kanthi muwun. Luh ingkang tumetes punika mratelakaken awrating momotanipun. Wondene ‘nyebar winih’ punika mratelakaken agenging pengajeng-ajengipun supados prekawisipun enggal sirna, kados dene pengajeng-ngajeng supados winih punika enggal tuwuh lan ngedalaken woh. Setunggal malih, anggenipun nyebar winih punika temtu ugi katindakaken kanthi tekun lan taberi. Punapa ingkang nrenyuhaken manah kita sami? Inggih punika adreng krenteging umat ingkang saestu nyadhong pitulunganipun Gusti. Punika saestu cetha. Punika ugi dados salah satunggal kekidunganing umat nalika ngawontenaken jiyarah tumuju dhateng redi Sion. Punapa malih ingkang nrenyuhaken manah kita sami? Bilih Gusti Allah badhe mitulungi sarta ngentasaken saking sedaya panandhangipun umat! “…bakal ngeneni kambi giyak-giyak.” Pasambat saha panyenyuwunipun umat saestu kasembadan dening Gusti! “…mulihe mesthi kalawan surak-surak karo ngusung gedhengane.” Puji Gusti! Pengalamanipun umatipun Gusti ingkang karonce ing salebeting kidung jiyarah wau ngatag manah kita sami supados boten gampil semplah lan nglokro nalika ngadhepi karibedan. Kita kajurung supados sowan sumarah dhumateng Gusti kanthi tekun lan taberi, ‘nyebar winih kanthi tumetesing luh’……kanthi kebaking pengajeng-ajeng saha kapitadosan bilih Gusti badhe paring pitulungan. Salajengipun kita sami sampun saged ngangen-angen bilih ing tembe, kita mesthi bakal ngeneni kanthi giyak-giyak saha surak-sukak memuji Gusti. I*OHPN
Ahad, 18 Juni 2023 Minggu Limrah VII
Purwaning Dumadi 18:1-15, (21:1-7); Jabur 116:1-2, 12-19; Rum 5: 1-8; Mateus 9:35-10:8, (9-23) NAMPENI DALAH NGATURI “Kowe padha nampani kanthi lelahanan, mulane wenehna kanthi lelahanan uga.” (Mateus 10:8b) Pangandikanipun Gusti Yesus punika ngemu suraos ingkang lebet sanget. Pra sekabat kedah ngumaosi kanthi saestu bilih piyambakipun sami boten gadhah punapa-punapa. Gusti ingkang sampun ngentasaken pra sekabat saking luwenging dosa duraka. Gusti ingkang nimbali piyambakipun sami dados pra sekabatipun. Gusti ingkang ngutus saha njangkepi pra sekabat satemah kasagedna nindakaken maneka warni pakaryan kangge sesami. Estu sedaya punika katampi kanthi lelahanan satemah pra sekabat kedah mbabaraken ugi kanthi lelahanan! Sedaya punika minangka pitedah ingkang luhur sanget sarta kedah kita sami gegilut ing salebeting manah. Jujur kemawon, mbok menawi asring kita ingkang sampun kaparingan manekawarni berkah, boten tumemen leladi ing satengah pasamuwan. Asring kita ingkang sampun kasarasaken dening Gusti, boten purun nuweni warga ingkang saweg nandhang sesakit. Asring kita ingkang sampun kapitulungan sacara enonomi, boten sayektos anggen kita ngancani sesami ingkang mbetahaken pambudidayaning usaha ekonomi. Malah kepara wonten ugi peladosing sabda ingkang, nyuwun sewu, sacara blaka tega nyebutaken reginipun menawi kaundhang ngladosi kotbah utawi ceramah. Temtu kemawon punika saged ndadosaken sedhihing penggalihipun Gusti Yesus. Kita sami punika mligi namung minangka abdi, abdinipun Gusti. Ingkang kedah kita tindakaken inggih punika ngetut wingking saha mbangun turut dhumateng Panjenenganipun. Pramila, nalika kita leladi ing satengahing pasamuwan upaminipun, kita kedah tindakaken kanthi andhap asor saha kanthi ambek welasan. Boten kanthi adigang, adigung, adiguna. Saha boten kanthi pamrihing batos. Awit punapa? “Kowe padha nampani kanthi lelahanan, mulane wenehna kanthi lelahanan uga.” Sumangga kita sami mujudaken gesang peladosan kanthi manah ingkang ngabdi, ‘hati s’bagai hamba’, sumarah kagem Gusti Yesus Kristus. I* OHPN
Setu, 17 Juni 2023 Minggu Limrah VI
Purwaning Dumadi 24:10-52; Jabur 116:1-2, 12-19; Markus 7:1-13 MUNDHI INGKANG SEJATI “…Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kalawan lambe, nanging atine ngedohi Ingsun.” (Markus 7: 6b). Panyaruwenipun Gusti Yesus punika sacara mirunggan katujokaken dhateng saperanganing tiyang Farisi saha ahlining Toret. Para tiyang wau boten remen nalika ningali para sekabatipun Gusti nedha mawi tangan ingkang boten dipun resiki rumiyin. Miturut pemanggihipun pra tiyang wau, punika nerak dhateng angger-anggeripun para leluhur. Gusti Yesus ngemutaken pra tiyang wau bilih piyambakipun sami ngugemi adating kamanungsan ananging nglirwakaken punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti. Namung ketingal ngabekti sacara ritual nanging nglirwakaken dhawuhipun Gusti supados njunjung pri kamanungsan. Ngantos-ngantos malah tega nilar kuwajibanipun saperlu migatosaken, ngreksa lan nyekapi kabetahanipun tiyang sepuhipun piyambak (Markus 7: 10-13)! Tetela sanget bilih Gusti Yesus nelakaken dhateng pra tiyang kathah saha pra sekabatipun babagan kados pundi nitipriksa, nimbang-nimbang, saha milah-milah sedaya prekawis kanthi trampil, landhep lan winasis. Punika mbetahaken kawicaksanaan saking Sang Roh Suci. Kanthi mekaten pra tiyang saha pra sekabatipun Gusti saestu kasagedaken nemtokaken prekawis pundi ingkang penting ingkang kedah dipun tengenaken. Kanthi mekaten piyambakipun ugi sami kasagedaken ngestokaken sabdaning Gusti bab pri kamanungsan tanpa kagubed manekawarni paugeran-paugeraning adat istiadat ingkang malah saged ngalang-alangi pri kamanungsan. Sampun ngantos babagan ingkang tata lair kadosdene bab resik-resik saha tata-tata barang kadonyan ngrisak niating manah ingkang badhe njunjung pri kamanungsan. Gusti Yesus ugi njurung kita sami supados mundhi samubarang ingkang langkung sejati, ingkang mujudaken tataning batos, boten namung bab tata lair kemawon. Temtu kemawon kita boten nilaraken prekawis resik-resik saha tata-tata wonten ing satengahing kaluwarga, gedhung greja saha masyarakat. Ananging Gusti Yesus njurung kita sami supados mundhi jejeging pri kamanungsan. Sampun ngantos tutug kita kadosipun ngabekti ananging sejatosipun nebih saking Gusti! I* OHPN
Jemuwah, 16 Juni 2023 Minggu Limrah VI
Purwaning Dumadi 24:1-9; Jabur 116:1-2, 12-19; Lelakone Para Rasul 7:35-43 PUNAPA PIWALES KITA? “Kang dakgawe piwales apa marang Sang Yehuwah, tumrap ing sakehe sih-kadarmane marang aku?” (Jabur 116: 12) Pangucaping Juru Mazmur punika mijil saking pengalamanipun ingkang kapitulungan rahayu dening Gusti nalika ngraosaken ajrih, ‘kagubed ing talining pati’ awit saking panindhesing tiyang ingkang mengsahi piyambakipun. Gusti Allah myarsakaken pasambatipun saha ngluwari saking panandhangipun. Ing salajengipun, juru Mazmur atur pangucap: “Kang dakgawe piwales apa marang Sang Yehuwah…?” “Aku arep njunjung tuwunging pangentasan…” (ay. 13) punika ingkang badhe katindakaken dening juru Mazmur. Punika minangka pangucap sokur dhumateng Gusti ingkang sampun ngentasaken saking momotanipun. Ananging punika ugi negesaken tekadipun saperlu ngudi pengentasan kangge kathah tiyang sanes ingkang ugi katindhes! Sih kadarmanipun Gusti ingkang dipun tampi kababaraken ugi dhateng tiyang sanes ingkang nandhang kesrakat. Tuwung pangentasan punika minangka tenger ingkang ngemutaken umat supados ugi njejegaken kaadilan. Kangge kita sami ingkang sampun luwar saking gegilutaning gesang, sumangga kita sesarengan atur panuwun dhumateng Gusti. Sumangga kita sami ugi njunjung tuwunging pangentasan kanthi tekading manah saperlu ndherek makarya ngentasaken sesami ingkang saweg katindhes. Pramila, boten namung kita ingkang kapitulungan ananging tiyang sanes ugi mbetahaken pengentasan saking sedaya panandhangipun. Gusti Allah boten namung ngersakaken panembah bekti kita minangka piwales kita dhumateng pakaryanipun. Gusti Allah ugi ngersakaken tindak tanduk kita ingkang migatosaken pra tiyang sanes saha ndherek ngudhari punapa ingkang dados karibedanipun. Sugeng njunjung tuwung pangentasan! Gusti nyagedaken kita sami.I* OHPN


