Pangentasan 19:16-25; Jabur 33:12-22; Rum 8:14-17
ABBA
“… nanging kowe wis padha nampani Sang Roh kang njalari
kowe dadi putrane Gusti Allah. Marga saka Roh iku kita banjur
padha nyebut: “Abba, Rama!”
(Rum 8:15b)
Kabeh wong ing donya iku duwe bapak kandung, kajaba Adam lan Kawa lan Gusti Yesus. Saka pengalaman uripe manungsa, ng donya iki akeh gegambaran babagan bapak, bapak sing apik lan bapak sing ala. Gegambaran mau gumantung saka pangeling-elinge wong iku nalika urip bebarengan karo bapake. Ana sing duwe pangeling-eling utawa kenangan apik, ana sing duwe kenangan sing ala. Kenangan sing apik manawa wong iku nalikane urip karo bapake, digulawenthah dening bapake kanthi kebak katresnan, kosok baline, yen dirumat lan digedhekake kanthi gething, malah ngalami KDRT, lan jalari trauma, gegambaran tokoh bapak kang dieling-eling mesthi bapak kang ala.
Ing Kitab Suci, Gusti Allah asring sinebut minangka Bapak. Malah ing pandonga kang diwulangake dening Gusti Yesus, yaiku Donga Rama kawula, pandonga marang Gusti Allah uga diunjukake kanthi nyebut Panjenengane minangka Rama utawa Bapak
Tembung Rama iku ing kitab suci siinebut mawi tembung basa Aram yaiku abba. Tembung abba iku, minangka sebutan saka bocah kang nyeluk marang bapak kandhunge dhewe. Karana iku, Gusti Yesus paring piwulang marang awake dhewe, yen Gusti Allah kuwi cedhak, ora adoh. Ana ing sakjroning donga lan pamuji kang awake dhewe unjukke, awake dhewe bisa ngrasakke manawa Gusti Allah kuwi kaya ramane awake dhewe, Rama kang nggatekke marang apa kang awake dhewe aturake, Rama kang mangerteni apa kang awake dhewe butuhke, Rama kang pirsa kabeh masalah uripe awake dhewe, lan Rama kang wus nyawisake berkah-berkah kang paling apik kanggo wakhe dhewe minangka para putrane. Mulane aja kendhat-kendhat ing pandonga lan pamuji marang Gusti Allah Rama kita. Ya Abba, ya Rama. |*NT