+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 27 Mei 2023 Minggu Paskah VII

Pangentasan 20:1-21; Jabur 33:12-22; Matius 5:1-12

DUWEA ERING

“… lan supaya kowe padha duwea ering marang Panjenengane,

 aja nganti padha gawe dosa

(Pangentasan 20:20b)

Apa iku dosa? Pokok-Pokok Piwulangipun GKJ (PPA-GKJ) kuwi nerangake manawa dosa kuwi tegese:

  1. Dosa punika lelampahan brontakipun manungsa ingkang jejeripun titah dateng Allah ingkang nitahaken.
  2. Sagedipun kelampahan mekaten karana kamardikanipun manungsa ingkang dipun paringaken dening Allah.

Ngener marang PPA GKJ ing dhuwur mau, kang aran dosa sakjane minangka tumindake manungsa kang sengaja mbrontak  marang Gustine, sengaja ora nurut dhawuhe Gusti. Dadi sakjane ora ana dosa kok ora disengaja, ora ana dosa kok khilaf. Kena apa kok kaya mangkono, awit kanggone awake dhwe kang wus mangerteni dhawuhe Gusti lan ora ditindakake, ateges pancen sengaja ora gelem nindakake, ora duwe rasa ering marang Gusti, wani marang Gusti.

Kitab Pangentasan 20 wis dadi wacan wajib kanggone wong Kristen, awit ing Pangentasan 20 iki katulis Angger-angger 10 prakara. Angger-angger kang nuntun awake dhewe supaya bisa ngilo lan mangerteni, uripe awake dhewe kuwi wis cundhuk karo sadba dalem Gusti apa durung. Angger-angger nomer 1 tekan 4 nelakake kepriye kudune sesambungan uripe awake dhewe marang Gusti Allah, dene angger-angger nomer 5 tekan 10 nelakake urip kang kudu ditindake babagan sesambungan karo manungsa liyane.

Angger-angger iku pancen diparingake dening Gusti Allah kanggo njaga supaya uripe umat kagungane ering marang Panjennegane, ora njarag gawe dosa,  lan ora njarag nerak angger-anggere Gusti, tansah mbudi daya urip suci. Muga awake dhewe minangka umate Gusti uga tansah ering marang Gusti Allah, tansah eling dhawuhe Gusti, lan ora nerak angger-anggere Gusti. Eling ingelingake ya lur…!  |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ