+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 28 Mei 2023 Minggu Pentakosta

Wilangan 11:24-30; Jabur 104:24-34, 35b; L. Para Rasul 2:1-21;

               Yokanan 7:37-39

DADI NABI

“Sokur manawa umate Sang Yehuwah kabeh padha dadi nabi,

marga padha kaparingan Rohe Pangeran Yehuwah!

(Wilangan 11:29b)

Tahun 1997 Lia Aminuddin gawe geger ing Indonesia awit ngaku manawa dheweke wis ketemu laikat Jibril lan ngangkat dheweke minangka Nabi.  Lia Aminuddin sabanjure kawertar aran Lia Eden, ngadegake aliran kepercaraan yaiku Salamullah, lan kratone sinebut Tahta Suci Eden. Nate ngramal manawa ing Mei 2015 kiamat bakal, dheweke uga ngaku minangka titisane Perawan Suci Maria, lan anake lanang yaiku Ahmad Mukti minangka titisane Nabi Isa. Lumrahe saben ana kang ngaku-ngaku dheweke Nabi mesthi bakal gawe geger Indonesia.

 Apa ta sakjane tegese nabi? Miturut Kamus Alkitab, Nabi yaiku wong kang kapilh dening Gusti Allah kanggo ngandharake Sabdane Gusti marang umate Gusti. Mesthine kang dikarepake ing kene Nabi kang bener, dudu Nabi palsu kang nyimpangake Sabdane Gusti. Manawa mangkono apa awake dhewe ya kalebu nabi? Iya, kabeh wong kristen kuwi sakjane ya minangka nabi, awit kabeh awake dhewe iki kautus dening Gusti Allah supaya tansah mbabarake Sabdane Gusti. Kautus ngelingake para sadulur kang uripe durung bener supaya dadi bener nurut Sabdane Gusti, kautus martaake kabar kabungahan supaya wong-wong kang uripe ana ing pepeteng bisa antuk pepadhang, kautus supaya dadi lantaraning berkahing Gusti supaya wong wong kang kacingkrangan antuk kacukupan.

Wilangan 11:29b dadi pangucap sokur manawa kabeh umate Gusti Allah pada dadi Nabi, awit kabeh wis pada kaparingan Roh Suci.  Roh Suci kang nuntun awake dhewe antuk kakendelan kanggo dadi utusane Gusti, Roh Suci kang paring ayem tentrem nalika para utusane nemahi reribet lan panandhang, Roh Suci kang tansah nganthi ana ing sauruting uripe wong pracaya. Dadia nabi, awit Roh Suci wis kaparingake marang kita. |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ