+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 25 Mei 2023 Minggu Paskah VII

Pangentasan 19:1-9a;  Jabur 33:12-22; Lelakone Para. Rasul 2:1-11

BASANE DHEWE-DHEWE

“… kita krungu wong-wong iku padha calathu nganggo basa kita dhewe-dhewe bab pakaryan-pakaryan agung kang katindakake dening Gusti Allah.”

(Lelakone Para Rasul 2:11)

Ing donya iki ana ewonan basa kang digunakake. Miturut situs internet https://www.ethnologue.com/ cacahe basa sakdonya gunggune ana 7.151 basa.  Dene manawa miturut Laboratorium Keanekaragaman Bahasa lan Sastra https://labbineka.kemdikbud.go.id/, cacahe basa dhaerah ing Indonesia ana 718 basa.  Miturut situs internet Yayasan Alkitab Bahasa Kita mung 219 basa dhaerah ing Indonesia sing wis nduwé Alkitab jangkep Prajanjian Lawas lan Prajanjian Anyar apa dene mung perangan-perangane, liyane durung ana terjemahane.

Apa sebabe kok Alkitab ndadak diterjemahke? Apa ora luwih apik manawa pasamuan maca Alkitab ing basa asline? Awit kelompok utawa agama liya sok nganggep terjemahan kasebut ndadekake Alkitab dudu tembung ‘murni’ saka Gusti Allah, lan dianggep palsu. Piyé carané awaké dhewe ngadhepi ”serangan” sing takon bab kesahihan Alkitab?

Prastawa Pentakosta (Lelakone Para Rasul 2:1-12) nggambarake pawarta kaslametan saka Gusti Allah sing diwedharake marang kabeh manungsa miturut basa sing digunakake. Piye awake dhewe bisa ngerti Sabdane Gusti Allah manawa ditulis nganggo basa sing ora dingerteni? Pancen bisa wae awake dhewe sinau basa asli Alkitab, ananging ora saben wong bisa sinau kanthi gampang. Luwih gampang sinau Alkitab mawi basa kang wis dingerteni.

Mulane puji sokur konjuk marang Gusti, lumantar Lembaga Alkitab Indonesia (LAI) awake dhewe wong Jawa bisa maca lan sinau Alkitab nganggo basane awake dhewe. Lha manawa mangkono, kudune ora ana alesan kanggo ora maca lan sinau Alkitab.  Lembaga Alkitab Indonesia uga kudu disengkuyung kanthi pandonga lan dana, supaya suku-suku liyane ing Indonesia uga bisa duwe Alkitab nganggo basane dhewe-dhewe, lan bisa mangerteni Sabdane Gusti kanthi luwih gampang |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ