Purwaning Dumadi 27:18-29; Jabur 45:10-17; Lukas 10:21-24 NINGALI KABINGAHAN KANG SEYEKTOS “Sawise mangkono Gusti Yesus banjur minger mirsani para sakabate sarta dipangandikani piyambak: Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng” (Lukas 10:23) Gesanging umat manungsa mindhak dinten sangsaya mindhak ngraosaken awrating momotan gesang, sisah, nglokro, semplah. Kadosipun sampun mboten wonten pangajeng-ajeng malih kangge tumuju gesang ing masa ingkang badhe kalampahan. Ingkang mrihatosaken malih, samangke kathah tiyang ingkang mboten saged nampi saha nyumurupi kasunyataning gesang, kapara mboten kagungan raos panuwun dhumateng Gusti Allah. Nalika mrangguli kahanan ingkang kados mekaten, minangka tiyang pitados, temtunipun saged ngraosaken lan sumerep bilih sayektosipun ing sadhengah pambudidaya ingkang katindakaken kathah bab ingkang saged kita sokuri. Kita ngaturaken panuwun sokur awit sih rahmatipun Gusti Allah. Panuwun sokur awit saking sadaya ingkang sampun dumados, punika ingkang dipun wulangaken dening Gusti Yesus dhateng kita. Gusti Yesus karenan saha maringi idi, supados gesang kita manggih kabegjan saha karahayon. Lan ingkang langkung utami saha sampun kapirsan bilih Gusti Yesus sampun numpes panguwaosing iblis, kanthi mekaten sampun nyata bilih dosa lan pati sampun kawon. Kratoning Allah sanyata rawuh lan nyata wonten ing jagad. Gusti Yesus ngendika: ”Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng”. Gusti Yesus paring pangandika ugi bilih sayektosipun kathah nabi lan tiyang pengin sumurup bab ingkang sampun dumados, ananging mboten saged nyumurupi piyambak. Kenging punapa tiyang punika mboten saged sumerep? Awit umat punika sampun wuta lan mangkotaken manahipun. Punapa kita tansah ngaturaken panuwun lan ningali kabingahan ingkang sayektos, awit Gusti Allah sampun paring samukawis ingkang prayogi dhateng kita? Panguwaos saha katresnan lan sih rahmatipun Gusti Yesus tansah kaluberaken ing gesang kita. Mugi kita sami, minangka para kagunganipun Gusti, saged ningali kabingahan ingkang sayektos. I*PS
Standard Operational Procedure (SOP) Administrasi Gereja
Panduan Praktis Untuk Majelis Gereja, Pengurus Komisi, Pegawai Kantor Gereja dan Warga Gereja dalam Menyelenggarakan/Memperoleh Layanan Administrasi Bapelsin XXVI GKJ Bidang PWG SINODE GEREJA-GEREJA KRISTEN JAWA PENGANTAR Pertanyaan berikut sering kita dengar, “Bapak/ibu majelis, anak saya mau menikah. Surat apa saja yang harus saya siapkan dan bagaimana prosedur pengurusannya?” Pertanyaan yang lain, ”Bapak/ibu pendeta, warga jemaat di kelompok pelayanan saya ingin membaptiskan anaknya minggu depan. Apakah bapak/ibu pendeta dapat melayani?” Mungkin ada pula yang bertanya, ”Saya mau bertunangan, bagaimana caranya?” Sementara itu untuk saudara-saudara yang akan dipanggil menjadi pelayanan Tuhan entah sebagai calon anggota majelis atau komisi, mungkin bertanya bagaimana prosedur pemanggilan seseorang menjadi anggota majelis atau komisi. Bagaimana Standard Operational Procedure (SOP) Administrasi Gereja yang secara umum berlaku? Untuk menjawab pertanyaan-pertanyaan tersebut dan pertanyaan-pertanyaan lain yang berkaitan dengan administrasi gereja kiranya buku ini dapat menolong saudara. Buku ini ditulis berdasarkan pengalaman adanya kebutuhan riil gereja-gereja dalam menata dan menyelenggarakan administrasi gereja dengan cara yang sederhana, praktis dan mudah, namun tidak mengesampingkan kaidah-kaidah keadministrasian. Demikian pula kebutuhan warga gereja berkaitan dengan berbagai kepentingan untuk memperoleh pelayanan yang dibutuhkan. Tujuan penulisan buku ini tidak lain untuk membantu gereja-gereja khususnya para anggota majelis gereja, pengurus komisi, tenaga administrasi kantor gereja bahkan warga gereja dalam melaksanakan tugas/memperoleh pelayanan yang dibutuhkan, sekaligus memahami prosedur standar administrasi gereja yang secara umum berlaku. Penulis Standard Operational Procedure (SOP) Administrasi Gereja 2013 Sinode Gereja-gereja Kristen Jawa
Jemuwah, 7 Juli 2023 Minggu Limrah IX
Purwaning Dumadi 27:1-17; Jabur 45:10-17; Rum 7:7-20 AJA TUMINDAK ALA “Sabab kang daklakoni iku dudu bab kang dakkarepake, yaiku bab kang becik, nanging kang daklakoni iku bab kang ala, dudu kang dakkarepake” (Rum 7:19) Saben tiyang temtu nate tumindak lepat lan dosa. Pancen manungsa punika sarwa ringkih saha winates. Manungsa langkung remen tumindak nuruti pepenginan lan pados kauntunganipun piyambak. Mboten preduli malih dhateng tiyang sanes, kapara ugi dhateng sadherekipun piyambak. Kanthi cara lan pawadan punapa kemawon tega tumindak awon lan culika supados saged mujudaken gegayuhanipun. Kados Lelampahan wonten ing gesangipun rama Iskak lan ibu Ribkah nalika sampun yuswa sepuh. Kacariyosaken nalika rama Iskak badhe paring berkah dhateng Esap. Bab punika lajeng kapireng dening ibu Ribkah. Awit ibu Ribkah langkung nresnani Yakub katimbang dhateng Esap, mila ibu Ribkah nggadhahi gegayuhan kados pundi murih berkah ingkang badhe kaparingaken dhateng Esap punika saged katampi dening Yakub. Ing wusananipun kanthi cara apus-apus Yakub ngestokaken dhawuhipun ingkang ibu Ribkah. Ing ayat nats kita samangke, Rasul Paulus mratelakaken pangakenipun: “Sabab kang daklakoni iku dudu bab kang dakkarepake, yaiku bab kang becik, nanging kang daklakoni iku bab kang ala, dudu kang dakkarepake”. Mboten wonten ingkang leres, satunggal tiyang kemawon mboten. Sadaya tiyang sampun nalisir, mboten wonten ingkang tumindak sae. Tegesipun sadaya tindak tandukipun tiyang gesang punika sarwa lepat, jember, lan dosa, ingkang nuju dhateng karisakan lan pepejah. Ganjaraning dosa punika pati. Nanging awit sih rahmatipun Gusti Yesus pinaringan gesang ingkang langgeng. Kados pundi supados kita saged uwal saking dosa lan tumindak ingkang awon? Kanthi kakiyatan kita piyambak temtu mboten saged. Inggih namung awit panguwaosipun Sang Kristus, lumantar pangurbananipun wonten ing kajeng salib. Kita kauwalaken saking blengguning dosa, dados tiyang ingkang mardhika. Saklajengipun kita kedah nggadhahi tekad kangge nilaraken dosa lan tumindak awon. I*PS
Kemis, 6, Juli 2023 Minggu Limrah IX
Purwaning Dumadi 25:19-27; Jabur 45:10-17; Rum 7:1-6 DADOS KAGUNGANIPUN GUSTI “Yen mangkono, para sadhulurku kowe iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Toret, jalaran saka sarirane Sang Kristus, supaya kowe dadia kagunganing liyan, yaiku kagungane Panjenengan, kang wus kawungokake saka ing antarane wong mati, amrih kita padha metokake woh, sumaos kagem Gusti Allah.” (Rum 7:4) Wonten ing jagad punika, ing pundi kita gesang, asring wonten tuntutan ingkang katujukaken dhateng kita, supados saged kados dene gesanging jagad. Manawi kita mboten nuruti pepenginaning jagad, kita rumaos gesang piyambak lan gadhah kanca. Nanging samangke anggen kita gesang wonten ing satengahing jagad ingkang sarwa ewah gingsir, jagad ingkang saya tebih ing katresnan, kita kedah ngengeti dhateng ancas utawi tujuaning gesang kita. Bilih ancasing gesang kita ingkang langkung ageng mboten saged dipun panggihaken wonten ing jagad punika, ananging wonten ing Kratoning swarga. Kita ngengeti bilih gesang kita sayektosipun sampun dados kagunganipun Sang Kristus. Kadosdene Rasul Paulus ingkang mratelakaken bilih gesangipun inggih punika kagunganipun Sang Kristus wiwit nampi kawilujengan lumantar seda lan wungunipun Sang Kristus. Wonten ing waosan kita samangke Rasul Paulus mratelakaken: “Yen mangkono, para sadhulurku kowe iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Toret, jalaran saka sarirane Sang Kristus, supaya kowe dadia kagunganing liyan, yaiku kagungane Panjenengane, kang wus kawungokake saka ing antarane wong mati, amrih kita padha metokake woh, sumaos kagem Gusti Allah” (Rum 7:4). Pratelanipun Rasul Paulus punika jumbuh kaliyan gesangipun wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Sabab Rasul Paulus kanthi temen masrahaken gesangipun kagem kaluhuranipun Gusti. Pramila sumangga, kanthi pitados, kita sumarah sakwetahing gesang kita dhumateng Panjenenganipun. Gesang kita saestu kedah maedahi, ancasing gesang kangge ngedalaken woh, matemah kamulyanipun Gusti Allah sangsaya nyata ing gesang kita. I*PS
Rebo, 5 Juli 2023 Minggu Limrah IX
Yesaya 51:1-3; Jabur 47; Mateus 11:20-24 TIMBALANIPUN GUSTI ALLAH NUWUHAKEN BERKAH “Mawasa Abraham, bapa leluhurira, lan Sara kang nglairake sira kabeh, nalika Abraham ijen, Suntimbali, banjur Sunberkahi lan Sundadhekake akeh”. (Yesaya 51:2) Mbudidaya kanthi temen punika ateges nindakaken satunggaling bab ingkang tinalesan pitados dhateng panganthi lan pitulunganipun Gusti Allah. Mboten saking ngendelaken kakiyatanipun piyambak. Ing satengahing jagad ingkang peteng lan kawengku ing panguwaosing dosa, kebak tumindak awon, tumindak culika; punapa kita kiyat ngadhepi saha nglawan ombyaking jagad ingkang kados mekaten? Timbalan kangge mawas dhateng Rama Abraham mboten ateges bilih Rama Abraham minangka punjering piandel kita. Ananging kosokwangsulipun kita mawas dhateng Rama Abraham supados saged sumerep lan pitados dhateng pakaryanipun Gusti Allah. Kita saged mangertos punapa ingkang sampun katindakaken dening Gusti Allah tumrap Rama Abraham. Bab punika dados piwulang ingkang kedah kaparingaken turun-tumurun tumrap umatipun Gusti Allah. Sae tumrap saben tiyang pitados punapa dene pasamuwanipun Gusti. Kenging punapa mekaten? Amargi Rama Abraham katimbalan dening Gusti Allah lan ing wusanipun dados bangsa ingkang ageng. Sadaya punika awit saking berkah lan prasetyanipun Gusti Allah ingkang nyata. Kadosdene Rama Abraham, saben tiyang pitados saha pasamuwan katimbalan supados sangsaya wuwuh lan ngrembaka wonten ing jagad punika. Temahan dados pirantosing Gusti Allah kangge milujengaken jagad saking pamengkuning pati. Kita sami katimbalan supados saged lelados kagem kaluhuraning Asmanipun Gusti Allah. Punika wujuding sih rahmat ingkang kalangkung ageng. Kita katimbalan kangge ngladosi Gusti Yesus, awit kita sampun kaluwaran saking pamengkuning pati, inggih lumantar pakaryanipun Sang Kristus. Saklajengipun, kita katimbalan supados dados abdining kayekten. Mila kita kedah ngestokaken dhawuh timbalanipun Gusti Allah kanthi sakwetahipun. I*PS
Slasa, 4 Juli 2023 Minggu Limrah IX
I Para Raja 18:36-39; Jabur 47; I Yokanan 4:1-6 NGADHEPI PAKEWEDING GESANG “He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha bani iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngukuli roh kang dumunung ana ing jagad” (I Yokanan 4:4) Kadospundi tanggapanipun kita, nalika gesang kita punika ngadhepi pakewed? Nglepataken tiyang sanes? Mlajar saking kasunyatan? Nesu saha nglepataken Gusti Allah? Punapa kita lajeng semplah lan kecalan pangajeng-ajeng? Utawi kosokwangsulipun, kita badhe mlajar dhumateng Gusti Allah saha nyuwun pitulunganipun, supados pikantuk margi ingkang padhang? Tumrap tiyang pitados, kasinggihan bilih gesang punika kedah sumendhe lan gumantung sakwetahipun dhateng Gusti Allah. Mboten namung kaparingan raos kapang utawi kangen nindakaken dhawuhipun Gusti Allah kemawon. Nanging ugi kasantosaning gesang supados saged mujudaken dhawuhipun Gusti Allah. Temtunipun kita sumerep bilih Rohipun Allah piyambak ingkang njalari kita nggadhahi kasantosan lan saged nindakaken dhawuhipun Gusti. Kasantosan punika asalipun saking Roh Suci. Roh Suci Punika ingkang paring kasagedan saha ngiyataken kita kangge nglawan ilining kadonyan. Temahan kita saged gesang kanthi manut karsanipun Gusti Allah. Sabdanipun Gusti ngengetaken kita sadaya: “He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha bani iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad”. Awit saking punika, mboten wonten pawadan malih tumrap kita kangge wicanthen: kula mboten sagah, kula punika ringkih. Amargi Gusti Allah sampun nyawisi kakiyatan ingkang nglangkungi kakiyataning manungsa ingkang kaparingaken dhateng para tiyang pitados. Kakiyatan kangge ngadhepi lan ngrampungi maneka warni perkawising gesang. Kita sami kasagedaken nglampahi gesang kanthi kekiyatan saking Gusti Allah. I*PS
Senen, 3 Juli 2023 Minggu Limrah IX
Purwaning Dumadi 22:15-18 ; Jabur 47; I Tesalonika 4:9-12 KATRESNANING PASEDHEREKAN “Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis, awit kowe dhewe Wus padha kawulang tresna-tinresan dening Pangeran” (I Tesalonika 4:9) Ing masyarakat Jawi wonten tetembungan: “Mangan ora mangan asal kumpul” Menawi dipun raos-raosaken, tetembungan punika saestu endah, awit wonten maknaning gesang pasedherekan ingkang kawangun. Gesang kanthi nengenaken gesang bebrayan sesarengan. Mboten karem pados kasugihan, bandha kangge nguja hawa nepsu. Mekaten ugi langkung remen bedhamen, nalika wonten prekawis dipun rembag sesarengan. Piwucalipun Gusti Yesus bab katresnan sampun kaparingaken kanthi cetha lan kedah dipun tindakaken adhedhasar kasetyan ngestokaken Pangandikanipun Gusti Allah. Gusti Yesus ugi sampun paring piwucal dhateng kita bilih saben tiyang punika dipun tresnani dening Panjenenganipun. Gusti Yesus boten benten-bentenaken satunggal lan satunggalipun. Pasedherekan ingkang sayekti punika mirengaken saha nindakaken karsanipun Gusti Allah. Ing ayat 9 Rasul Paulus Mratelakaken: “Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis, awit kowe dhewe wus padha kawulang tresna-tinresan dening Pangeran”. Rasul Paulus rumaos bingah awit pasamuwan ing Tesalonika ingkang rumiyin ngabekti dhateng brahala, nanging sampun sami mratobat lan pitados dhumateng Gusti Yesus. Tumrap pasamuwan ingkang sampun nampi Sang Kristus ngalami ewah-ewahaning gesang ingkang sae. Ngrembakaning Iman kapitadosanipun kacihna ing kasetyan anggenipun lelados saha martosaken Injil. Kawontenan gesang samangke, kita raosaken bilih katresnaning pasedherekan sangsaya luntur, kathah tumindak cengkah, nengenaken kapentinganipun piyambak, mboten preduli dhateng sesami. Kawontenaning jagad sampun tebih saking katresnan. Kita kaatag supados kita tansah mbudidaya mbangun katresnaning pasedherekan, mirungganipun kaliyan para sadherek ingkang nunggil pitados kados pasamuwan wiwitan. Mekaten ugi kaliyan para sadherek sanesipun. Katresnan sampun samesthinipun kasebaraken langkung wiyar malih, temah sangsaya kathah tiyang ingkang saged ngraosaken sihipun Gusti Allah. I*PS
Ahad, 2 Juli 2023 Minggu Limrah IX
Purwaning Dumadi 22:1-14; Jabur 13; Rum 6:12-23; Mateus 10:40-42 GESANG WONTEN ING SANG KRISTUS “Samono uga anggonmu mawas iya mangkenea: kowe wus padha mati tumraping dosa, nanging kowe wus padha urip lumados marang Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus” (Rum 6:11) Saben tiyang ingkang gesang wonten ing Sang Kristus, kedah sumanggem saben wekdal kangge sinau nyingkur pepenginaning daging. Tegesipun sadhengah pepenginan ingkang mboten cundhuk kaliyan karsanipun Gusti Allah kedah dipun sirnakaken. Lajeng mbudidaya mangertosi lan tumindak miturut karsanipun Gusti Yesus Kristus. Mila gesang minangka para putraning Allah ingkang sayektos inggih punika gesang ingkang tansah andhap asor lan lumampah manut karsanipun Allah. Mboten tumindak malih namung nuruti hawa nepsu pepenginanipun piyambak. Saben tiyang pitados dipun timbali dening Gusti Yesus supados gesang ndherek panuntunipun Roh Suci, kanthi temen lan setya tuhu dumugi ing wekasanipun. Wusananipun kawilujengaken lan nampeni gesang langgeng, saking Gusti Yesus Kristus. Kita saged nyinau dhateng rama Abraham, ingkang setya tuhu ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah. Kanthi landhesan ing pitados ingkang temen dhumateng Gusti Allah. Rama Abraham tansah netepi dhawuhipun Gusti Allah, saha Gusti Allah pirsa kasetyan lan pangabektinipun rama Abraham. Kapratelakaken mekaten: “… saiki Ingsun mirsa yen sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahake anakira lanang ontang-anting marang Ingsun” (PD 22:12). Sumangga kita niti priksa gesang kita, punapa gesang kita sampun cunduk kaliyan timbalanipun Gusti Allah? Punapa kita ugi pitados kanthi temen dhateng piwucal saha pakaryanipun Gusti Yesus? Sampun ngantos kita nglirwakaken timbalanipun Gusti Allah. Sabab manawi boten netepi timbalanipun Gusti punika, mokal saged karenan ing ngarsanipun Gusti Allah. Ing wusananipun kita mboten dipun keparengaken mlebet ing kratoning swarga, sabab kita mboten dipun akeni minangka putranipun Allah. Amargi ingkang dipun akeni minangka putraning Allah, inggih punika saben tiyang ingkang gesangipun manut ing dhawuhipun Gusti Allah. I*PS
Setu, 1 Juli 2023 Minggu Limrah VIII
II Babad 20:5-12; Jabur 13; Galati 5:7-12 PANGAPUNTENING DOSA “Reksanen awakmu dhewe! Manawa sadulurmu duwe kaluputan welehna; manawa kaduwung apuranen” (Lukas 17:3) Gesang ing era kemajenganing teknologi lan informasi ingkang sarwa tinarbuka, karaosaken kathah bab ingkang jalari tiyang nggadhahi patrap tumindak culika lan nalisir saking pranatan saha kayekten. Temahan mboten sakedhik tiyang ingkang nggadhahi laku nasar lan nasaraken tiyang sanes. Ing wusananipun tumuju ing karisakan. Mboten sakedhik tiyang ingkang kanthi sengaja tumindak nerak paugeran, pranatan, norma lan kayekten. Lajeng sami mratelakaken bilih punapa ingkang katindakaken sampun leres. Kamangka namung leres miturut pikajengipun piyambak. Kawontenan kados punika asring kita prangguli, ananging kita asring mboten wantun ngengetaken utawi melehaken. Pawadanipun mboten sekeca ing manah, ajrih menawi kasinggung lan nesu, mila kita lajeng milih kendel lan ngendelaken kemawon. Waosan kita nelakaken bilih Gusti Yesus paring pepemut dhateng para sakabat, supados saged njagi utawi ngreksa dhirinipun piyambak. Wonten ing ngriki saged kita mangretosi njagi lan ngreksa manah anggen kita ngengetaken tiyang ingkang tumindak nasar. Sumanggem atur pangapunten dhateng tiyang ingkang kaduwung awit tumindakipun lepat. Kita kaatag supados kita saged lan sumadya atur pangapunten kanthi eklas dhateng tiyang sanes ingkang tumindakipun lepat. Kita ugi kedah wantun melehaken kangge mratelakaken bilih tiyang punika lepat kanthi tinalesan sabda pangandikanipun Gusti Allah. Temtu mboten gampil atur pangapunten dhateng tiyang ingkang sampun tumindak lepat, damel cuwa lan gorehing manah. Ananging kita ugi kedah mangertos lan pitados bilih pangapuntening dosa saking Gusti Allah cumawis tumrap saben tiyang ingkang temen-temen purun ngakeni dosanipun wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Awit saking punika Gusti Allah paring pangapunten, nucekaken, ngresiki sadaya dosa lan durakanipun. Awit saking punika kita nyenyuwun dhumateng Gusti Allah supados kita kasantosakaken, kasagedaken nyaosi pangapunten dhumateng tiyang sanes. I*PS
Jemuwah, 30 Juni 2023 Minggu Limrah VIII
II Babad 20:5-12; Jabur 13; Galati 5:7-12 TUMEMEN ING PANYUWUNAN “Menawi kawula sami katempuh ing bilai, inggih punika pedhang, wewelak, pageblug utawi pailan, kawula sami badhe ngadeg wonten ing sangajenging padaleman punika, wonten ing ngarsa Paduka, amargi asma Paduka dedunung wonten ing padaleman punika, saha ing salebeting karupekan kawula sami badhe sesambat dhumateng Paduka, ngantos Paduka karsa midhangetaken sarta lajeng ngluwari kawula sadaya.” (II Babad 20: 9) Punapa Panjenengan nate mirsani peranganing adegan film ingkang nyariyosaken bab kagigihanipun setunggaling nem-neman jaler ingkang namung ngadeg ing ngajengipun griyaning nem-neman estri kancanipun? Ingkang kepingin supados kancanipun estri wau kersa nampeni katresnanipun? Ingkang tetep ngadeg saking enjang ngantos dalu, ing satengahing benter saha jawah? Sinaosa kapireng radi aneh ananging punika mujudaken agenging katresnanipun nem-neman wau dhateng kancanipun estri. Sang Prabu Yosafat mimpin pra umat saperlu sowan marek wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung ing ngajeng pedalemaning Gusti. Ngrumaosi bilih ing mangsa saderengipun, umating Gusti sampun nilaraken Sang Yehuwah mila prabu Yosafat matur dhumateng Gusti bilih pra umat sami mratobat sesarengan sacara mirunggan. Pisowananipun umat wonten ing sangajengipun pedalemanipun Gusti punika minangka wujud adreng krenteging sedaya umat nyenyuwun sih piwelas saha pitulunganipun Gusti Allah satemah sedaya duraka mugi kabirat saha sedaya bebendu kasirnakaken saking satengahing pra umat. Cariyos punika wau estu nrenyuhaken manah kita. Endah sanget menawi kita sami, warganing bangsa, sesarengan sami nglenggana ing ngarsanipun Gusti, ngakeni dosaning bangsa, nyenyuwun samudra pangaksami saha pitulungan saking Gusti. Gusti ingkang Mahamirah temtu badhe nyembadani panyuwunaning umat ingkang tumemen kaesokaken dhumateng Gusti. I*OHPN

