Yesaya 51:1-3; Jabur 47; Mateus 11:20-24
TIMBALANIPUN GUSTI ALLAH NUWUHAKEN BERKAH
“Mawasa Abraham, bapa leluhurira, lan Sara kang nglairake sira kabeh,
nalika Abraham ijen, Suntimbali, banjur Sunberkahi lan Sundadhekake akeh”. (Yesaya 51:2)
Mbudidaya kanthi temen punika ateges nindakaken satunggaling bab ingkang tinalesan pitados dhateng panganthi lan pitulunganipun Gusti Allah. Mboten saking ngendelaken kakiyatanipun piyambak. Ing satengahing jagad ingkang peteng lan kawengku ing panguwaosing dosa, kebak tumindak awon, tumindak culika; punapa kita kiyat ngadhepi saha nglawan ombyaking jagad ingkang kados mekaten?
Timbalan kangge mawas dhateng Rama Abraham mboten ateges bilih Rama Abraham minangka punjering piandel kita. Ananging kosokwangsulipun kita mawas dhateng Rama Abraham supados saged sumerep lan pitados dhateng pakaryanipun Gusti Allah. Kita saged mangertos punapa ingkang sampun katindakaken dening Gusti Allah tumrap Rama Abraham. Bab punika dados piwulang ingkang kedah kaparingaken turun-tumurun tumrap umatipun Gusti Allah. Sae tumrap saben tiyang pitados punapa dene pasamuwanipun Gusti.
Kenging punapa mekaten? Amargi Rama Abraham katimbalan dening Gusti Allah lan ing wusanipun dados bangsa ingkang ageng. Sadaya punika awit saking berkah lan prasetyanipun Gusti Allah ingkang nyata. Kadosdene Rama Abraham, saben tiyang pitados saha pasamuwan katimbalan supados sangsaya wuwuh lan ngrembaka wonten ing jagad punika. Temahan dados pirantosing Gusti Allah kangge milujengaken jagad saking pamengkuning pati. Kita sami katimbalan supados saged lelados kagem kaluhuraning Asmanipun Gusti Allah. Punika wujuding sih rahmat ingkang kalangkung ageng. Kita katimbalan kangge ngladosi Gusti Yesus, awit kita sampun kaluwaran saking pamengkuning pati, inggih lumantar pakaryanipun Sang Kristus. Saklajengipun, kita katimbalan supados dados abdining kayekten. Mila kita kedah ngestokaken dhawuh timbalanipun Gusti Allah kanthi sakwetahipun. I*PS