Purwaning Dumadi 25:19-27; Jabur 45:10-17; Rum 7:1-6
DADOS KAGUNGANIPUN GUSTI
“Yen mangkono, para sadhulurku kowe iya wis padha mati tumrap ing
angger-anggering Toret, jalaran saka sarirane Sang Kristus, supaya kowe
dadia kagunganing liyan, yaiku kagungane Panjenengan, kang wus kawungokake saka ing antarane wong mati, amrih kita padha metokake woh,
sumaos kagem Gusti Allah.” (Rum 7:4)
Wonten ing jagad punika, ing pundi kita gesang, asring wonten tuntutan ingkang katujukaken dhateng kita, supados saged kados dene gesanging jagad. Manawi kita mboten nuruti pepenginaning jagad, kita rumaos gesang piyambak lan gadhah kanca. Nanging samangke anggen kita gesang wonten ing satengahing jagad ingkang sarwa ewah gingsir, jagad ingkang saya tebih ing katresnan, kita kedah ngengeti dhateng ancas utawi tujuaning gesang kita. Bilih ancasing gesang kita ingkang langkung ageng mboten saged dipun panggihaken wonten ing jagad punika, ananging wonten ing Kratoning swarga.
Kita ngengeti bilih gesang kita sayektosipun sampun dados kagunganipun Sang Kristus. Kadosdene Rasul Paulus ingkang mratelakaken bilih gesangipun inggih punika kagunganipun Sang Kristus wiwit nampi kawilujengan lumantar seda lan wungunipun Sang Kristus. Wonten ing waosan kita samangke Rasul Paulus mratelakaken: “Yen mangkono, para sadhulurku kowe iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Toret, jalaran saka sarirane Sang Kristus, supaya kowe dadia kagunganing liyan, yaiku kagungane Panjenengane, kang wus kawungokake saka ing antarane wong mati, amrih kita padha metokake woh, sumaos kagem Gusti Allah” (Rum 7:4). Pratelanipun Rasul Paulus punika jumbuh kaliyan gesangipun wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Sabab Rasul Paulus kanthi temen masrahaken gesangipun kagem kaluhuranipun Gusti.
Pramila sumangga, kanthi pitados, kita sumarah sakwetahing gesang kita dhumateng Panjenenganipun. Gesang kita saestu kedah maedahi, ancasing gesang kangge ngedalaken woh, matemah kamulyanipun Gusti Allah sangsaya nyata ing gesang kita. I*PS