+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 7 Juli 2023 Minggu Limrah IX

Purwaning Dumadi 27:1-17; Jabur 45:10-17; Rum 7:7-20

AJA TUMINDAK ALA

Sabab kang daklakoni iku dudu bab kang dakkarepake, yaiku bab kang becik, nanging kang daklakoni iku bab kang ala, dudu kang dakkarepake

(Rum 7:19)

Saben tiyang temtu nate tumindak lepat lan dosa. Pancen manungsa punika sarwa ringkih saha winates. Manungsa langkung remen tumindak nuruti pepenginan lan pados kauntunganipun piyambak. Mboten preduli malih dhateng tiyang sanes, kapara ugi dhateng sadherekipun piyambak. Kanthi cara lan pawadan punapa kemawon tega tumindak awon lan culika supados saged mujudaken gegayuhanipun. Kados Lelampahan wonten ing gesangipun rama Iskak lan ibu Ribkah nalika sampun yuswa sepuh.

Kacariyosaken nalika rama Iskak badhe paring berkah dhateng Esap. Bab punika lajeng kapireng dening ibu Ribkah. Awit ibu Ribkah langkung nresnani Yakub katimbang dhateng Esap, mila ibu Ribkah nggadhahi gegayuhan kados pundi murih berkah ingkang badhe kaparingaken dhateng Esap punika saged katampi dening Yakub. Ing wusananipun kanthi cara apus-apus Yakub ngestokaken dhawuhipun ingkang ibu Ribkah.

Ing ayat nats kita samangke, Rasul Paulus mratelakaken pangakenipun: “Sabab kang daklakoni iku dudu bab kang dakkarepake, yaiku bab kang becik, nanging kang daklakoni iku bab kang ala, dudu kang dakkarepake”. Mboten wonten ingkang leres, satunggal tiyang kemawon mboten. Sadaya tiyang sampun nalisir, mboten wonten ingkang tumindak sae. Tegesipun sadaya tindak tandukipun tiyang gesang punika sarwa lepat, jember, lan dosa, ingkang nuju dhateng karisakan lan pepejah. Ganjaraning dosa punika pati. Nanging awit sih rahmatipun Gusti Yesus pinaringan gesang ingkang langgeng.

Kados pundi supados kita saged uwal saking dosa lan tumindak ingkang awon? Kanthi kakiyatan kita piyambak temtu mboten saged. Inggih namung awit panguwaosipun Sang Kristus, lumantar pangurbananipun wonten ing kajeng salib. Kita kauwalaken saking blengguning dosa, dados tiyang ingkang mardhika.  Saklajengipun kita kedah nggadhahi tekad kangge nilaraken dosa lan tumindak awon. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ