I Para Raja 18:36-39; Jabur 47; I Yokanan 4:1-6
NGADHEPI PAKEWEDING GESANG
“He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake
para wong kang padha mindha-mindha bani iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngukuli roh kang dumunung ana ing jagad”
(I Yokanan 4:4)
Kadospundi tanggapanipun kita, nalika gesang kita punika ngadhepi pakewed? Nglepataken tiyang sanes? Mlajar saking kasunyatan? Nesu saha nglepataken Gusti Allah? Punapa kita lajeng semplah lan kecalan pangajeng-ajeng? Utawi kosokwangsulipun, kita badhe mlajar dhumateng Gusti Allah saha nyuwun pitulunganipun, supados pikantuk margi ingkang padhang?
Tumrap tiyang pitados, kasinggihan bilih gesang punika kedah sumendhe lan gumantung sakwetahipun dhateng Gusti Allah. Mboten namung kaparingan raos kapang utawi kangen nindakaken dhawuhipun Gusti Allah kemawon. Nanging ugi kasantosaning gesang supados saged mujudaken dhawuhipun Gusti Allah. Temtunipun kita sumerep bilih Rohipun Allah piyambak ingkang njalari kita nggadhahi kasantosan lan saged nindakaken dhawuhipun Gusti. Kasantosan punika asalipun saking Roh Suci. Roh Suci Punika ingkang paring kasagedan saha ngiyataken kita kangge nglawan ilining kadonyan. Temahan kita saged gesang kanthi manut karsanipun Gusti Allah.
Sabdanipun Gusti ngengetaken kita sadaya: “He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha bani iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad”. Awit saking punika, mboten wonten pawadan malih tumrap kita kangge wicanthen: kula mboten sagah, kula punika ringkih. Amargi Gusti Allah sampun nyawisi kakiyatan ingkang nglangkungi kakiyataning manungsa ingkang kaparingaken dhateng para tiyang pitados. Kakiyatan kangge ngadhepi lan ngrampungi maneka warni perkawising gesang. Kita sami kasagedaken nglampahi gesang kanthi kekiyatan saking Gusti Allah. I*PS