+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 3 Juli 2023 Minggu Limrah IX

Purwaning Dumadi 22:15-18 ; Jabur 47; I Tesalonika 4:9-12

KATRESNANING PASEDHEREKAN

Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis, awit kowe dhewe

Wus  padha  kawulang tresna-tinresan dening Pangeran” (I Tesalonika 4:9)

Ing masyarakat Jawi wonten tetembungan: “Mangan ora mangan asal kumpul” Menawi dipun raos-raosaken, tetembungan punika saestu endah, awit wonten maknaning gesang pasedherekan ingkang kawangun. Gesang kanthi nengenaken gesang bebrayan sesarengan. Mboten karem pados kasugihan, bandha kangge nguja hawa nepsu. Mekaten ugi langkung remen bedhamen, nalika wonten prekawis dipun rembag sesarengan.

Piwucalipun Gusti Yesus bab katresnan sampun kaparingaken kanthi cetha lan kedah dipun tindakaken adhedhasar kasetyan ngestokaken Pangandikanipun Gusti Allah. Gusti Yesus ugi sampun paring piwucal dhateng kita bilih saben tiyang punika dipun tresnani dening Panjenenganipun. Gusti Yesus boten benten-bentenaken satunggal lan satunggalipun. Pasedherekan ingkang sayekti punika mirengaken saha nindakaken karsanipun Gusti Allah. Ing ayat 9 Rasul Paulus Mratelakaken: “Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis, awit kowe dhewe wus padha kawulang tresna-tinresan dening Pangeran”. Rasul Paulus rumaos bingah awit pasamuwan ing Tesalonika ingkang rumiyin ngabekti dhateng brahala, nanging sampun sami mratobat lan pitados dhumateng Gusti Yesus. Tumrap pasamuwan ingkang sampun nampi Sang Kristus ngalami ewah-ewahaning gesang ingkang sae. Ngrembakaning Iman kapitadosanipun kacihna ing kasetyan anggenipun lelados saha martosaken Injil.

Kawontenan gesang samangke, kita raosaken bilih katresnaning pasedherekan sangsaya luntur, kathah tumindak cengkah, nengenaken kapentinganipun piyambak, mboten preduli dhateng sesami. Kawontenaning jagad sampun tebih saking katresnan. Kita kaatag supados kita tansah mbudidaya mbangun katresnaning pasedherekan, mirungganipun kaliyan para sadherek ingkang nunggil pitados kados pasamuwan wiwitan.  Mekaten ugi kaliyan para sadherek sanesipun. Katresnan sampun samesthinipun kasebaraken langkung wiyar malih, temah sangsaya kathah tiyang ingkang saged ngraosaken sihipun Gusti Allah. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ