+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 2 Juli 2023 Minggu Limrah IX

Purwaning Dumadi 22:1-14; Jabur 13; Rum 6:12-23; Mateus 10:40-42

GESANG WONTEN ING SANG KRISTUS

Samono uga anggonmu mawas iya mangkenea: kowe wus padha mati tumraping dosa, nanging kowe wus padha urip lumados marang Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus

 (Rum 6:11)

Saben tiyang ingkang gesang wonten ing Sang Kristus, kedah sumanggem saben wekdal kangge sinau nyingkur pepenginaning daging. Tegesipun sadhengah pepenginan ingkang mboten cundhuk kaliyan karsanipun Gusti Allah kedah dipun sirnakaken. Lajeng mbudidaya mangertosi lan tumindak miturut  karsanipun Gusti Yesus Kristus. Mila gesang minangka para putraning Allah ingkang sayektos inggih punika gesang ingkang tansah andhap asor lan lumampah manut karsanipun Allah. Mboten tumindak malih namung nuruti hawa nepsu pepenginanipun piyambak.  Saben tiyang pitados dipun timbali dening Gusti Yesus supados gesang ndherek panuntunipun Roh Suci, kanthi temen lan setya tuhu dumugi ing wekasanipun. Wusananipun kawilujengaken lan nampeni gesang langgeng, saking Gusti Yesus Kristus.  Kita saged nyinau dhateng rama Abraham, ingkang setya tuhu ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah. Kanthi landhesan ing pitados ingkang temen dhumateng Gusti Allah. Rama Abraham tansah netepi dhawuhipun Gusti Allah, saha Gusti Allah pirsa kasetyan lan pangabektinipun rama Abraham. Kapratelakaken mekaten: “… saiki Ingsun mirsa yen sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahake anakira lanang ontang-anting marang Ingsun” (PD 22:12). 

Sumangga kita niti priksa gesang kita, punapa gesang kita sampun cunduk kaliyan timbalanipun Gusti Allah? Punapa kita ugi pitados kanthi temen dhateng piwucal saha pakaryanipun Gusti Yesus? Sampun ngantos kita nglirwakaken timbalanipun Gusti Allah. Sabab manawi boten netepi timbalanipun Gusti punika, mokal saged karenan ing ngarsanipun Gusti Allah. Ing wusananipun kita mboten dipun keparengaken mlebet ing kratoning swarga, sabab kita mboten dipun akeni minangka putranipun Allah. Amargi ingkang dipun akeni minangka putraning Allah, inggih punika saben tiyang ingkang gesangipun manut ing dhawuhipun Gusti Allah. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ