+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 1 Juli 2023 Minggu Limrah VIII

 II Babad 20:5-12; Jabur 13; Galati 5:7-12

PANGAPUNTENING DOSA

“Reksanen awakmu dhewe! Manawa sadulurmu duwe kaluputan welehna; manawa kaduwung apuranen” (Lukas 17:3)

Gesang ing era kemajenganing teknologi lan informasi ingkang sarwa tinarbuka, karaosaken kathah bab ingkang jalari tiyang nggadhahi patrap tumindak culika lan nalisir saking pranatan saha kayekten. Temahan mboten sakedhik tiyang ingkang nggadhahi laku nasar lan nasaraken tiyang sanes. Ing wusananipun tumuju ing karisakan. Mboten sakedhik tiyang ingkang kanthi sengaja tumindak nerak  paugeran, pranatan, norma lan kayekten.  Lajeng sami mratelakaken bilih punapa ingkang katindakaken sampun leres.  Kamangka namung leres miturut pikajengipun piyambak.  Kawontenan kados punika asring kita prangguli, ananging kita asring mboten wantun ngengetaken utawi melehaken. Pawadanipun mboten sekeca ing manah, ajrih menawi kasinggung lan nesu, mila kita lajeng milih kendel lan ngendelaken kemawon.

Waosan kita nelakaken bilih Gusti Yesus paring pepemut dhateng para  sakabat, supados saged njagi utawi ngreksa dhirinipun piyambak. Wonten ing  ngriki saged kita mangretosi njagi lan ngreksa manah anggen kita ngengetaken  tiyang ingkang tumindak nasar. Sumanggem atur pangapunten dhateng tiyang ingkang kaduwung awit tumindakipun lepat.  Kita kaatag supados kita saged lan sumadya atur pangapunten kanthi eklas dhateng tiyang sanes ingkang tumindakipun lepat. Kita ugi kedah wantun melehaken kangge mratelakaken bilih tiyang punika lepat kanthi tinalesan sabda pangandikanipun Gusti Allah. Temtu mboten gampil atur pangapunten dhateng tiyang ingkang sampun tumindak lepat, damel cuwa lan gorehing manah. Ananging kita ugi kedah mangertos lan pitados bilih pangapuntening dosa saking Gusti Allah cumawis tumrap saben tiyang ingkang temen-temen purun ngakeni dosanipun wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Awit saking punika Gusti Allah paring pangapunten, nucekaken, ngresiki sadaya dosa lan durakanipun. Awit saking punika kita nyenyuwun dhumateng Gusti Allah supados kita kasantosakaken, kasagedaken nyaosi pangapunten dhumateng tiyang sanes. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ