+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 30 Juni 2023 Minggu Limrah VIII

 II Babad 20:5-12; Jabur 13; Galati 5:7-12

TUMEMEN ING PANYUWUNAN

“Menawi kawula sami katempuh ing bilai, inggih punika pedhang, wewelak, pageblug utawi pailan, kawula sami badhe ngadeg wonten ing sangajenging padaleman punika, wonten ing ngarsa Paduka, amargi asma Paduka dedunung wonten ing padaleman punika, saha ing salebeting karupekan kawula sami badhe sesambat dhumateng Paduka, ngantos Paduka karsa midhangetaken sarta lajeng ngluwari kawula sadaya.”

(II Babad 20: 9)

Punapa Panjenengan nate mirsani peranganing adegan film ingkang nyariyosaken bab kagigihanipun setunggaling nem-neman jaler ingkang namung ngadeg ing ngajengipun griyaning nem-neman estri kancanipun? Ingkang kepingin supados kancanipun estri wau kersa nampeni katresnanipun? Ingkang tetep ngadeg saking enjang ngantos dalu, ing satengahing benter saha jawah? Sinaosa kapireng radi aneh ananging punika mujudaken agenging katresnanipun nem-neman wau dhateng kancanipun estri.

Sang Prabu Yosafat  mimpin pra umat saperlu sowan marek wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung ing ngajeng pedalemaning Gusti. Ngrumaosi bilih ing mangsa saderengipun, umating Gusti sampun nilaraken Sang Yehuwah mila prabu Yosafat matur dhumateng Gusti bilih pra umat sami mratobat sesarengan sacara mirunggan. Pisowananipun umat wonten ing sangajengipun pedalemanipun Gusti punika minangka wujud adreng krenteging sedaya umat nyenyuwun sih piwelas saha pitulunganipun Gusti Allah satemah sedaya duraka mugi kabirat saha sedaya bebendu kasirnakaken saking satengahing pra umat.

Cariyos punika wau estu nrenyuhaken manah kita. Endah sanget menawi kita sami, warganing bangsa, sesarengan sami nglenggana ing ngarsanipun Gusti, ngakeni dosaning bangsa, nyenyuwun samudra pangaksami saha pitulungan saking Gusti. Gusti ingkang Mahamirah temtu badhe nyembadani panyuwunaning umat ingkang tumemen kaesokaken dhumateng Gusti. I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ