Mikha 7:18-20; Jabur 13; Galati 5:2-6
RENA ING PALIMIRMA
“Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka, ingkang ngapunten dosa,
saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak: ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun, nanging ingkang rena dhateng sih palimirma?”
(Mikha 7:18)
Pangucaping juru Mazmur punika minangka wujuding pangocap sokur ingkang ageng, ingkang mijil saking bingahing manah awit sampun ngraosaken bab sih katresnan saha sih piwelasipun Gusti Allah. Sang Yehuwah saestu pancen elok sih piwelasipun, ngeram-eramaken sih palimirmanipun saha ngedap-edapi pakaryanipun. Panjenenganipun kersa ngapunteni dosaning umat saha boten remen menawi dangu-dangu anggenipun duka lan paring paukuman dhateng umat. Penggalihipun kebak ing sih palimirma! Pramila, juru Mazmur lajeng ngendika: “Sinten ilah ingkang saged kabandingaken kaliyan Gusti Allah?” Boten wonten. Awit Gusti Allah punika rena ing palimirma, nresnani umat saha boten salaminipun paring bebendu dhateng umat.
Puji Gusti, Gusti Allah kita punika sanes Gusti ingkang kados juru gebuk, ingkang namung ngawasi kita lan cecawis nggebuk menawi kita nggadahi kalepatan. Gusti Allah kita punika pancen duka tumraping panerak kita ananging Panjenenganipun ugi melasi satemah ngentasaken kita saking sedaya duraka kita. Penggalihipun tansah rena ing sih palimirma. Kanthi mekaten, sampun ngantos kita kajiret raos lepat ingkang lebet satemah boten wantun nyenyuwun sih pangapunten dhumateng Panjenenganipun.
Sih katresnanipun Gusti Allah punika ugi ngatag gesang kita supados ugi mbabar sih palimirma dhateng tiyang sanes. Awit Gusti kita punika ambek welasan mila kita sami ugi kedah nggadahi asipat ambek welasan dhateng sesami. Awit Gusti kita punika rena ing sih palimirma mila kita sami ugi kadhawuhan supados rena ing sih palimirma! Menawi Gusti sampun paring sih samudra pangaksami dhateng kita mila kita ugi kedah mbabar sih pangapunten dhateng sesami ingkang natoni manah kita. I*OHPN