+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 28 Juni 2023 Minggu Limrah VIII

Yeremia 42:18-22;  Jabur 86:11-17; Mateus 10:5-23

BARESA TUR NGATI-NGATIA!

“Lah kowe padha daklakokake kayadene gembel menyang ing satengahing

asu ajag, mulane sing-ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.”

(Mateus 10: 16)

Kados pundi sikep ingkang kedah kita wujudaken nalika nglampahi gesang ing antawisipun pra tiyang ingkang boten remen dhateng kita? Langkung-langkung ingkang badhe ngrisak gesang kita? Punapa punika ing pedamelan utawi wonten ing lingkungan sakiwa tengen griya kita? Punapa kita namung mendel kemawon? Punapa kita kedah nglawan dhateng pra tiyang wau?

Gusti Yesus maringi seserepan supados kita punika nindakaken gesang ingkang limrah kados dene gesang ing satengah masyarakat. Kita boten ndelik nanging ugi boten nglawan. Kita mbudidaya sesrawungan ingkang limrah. Kita kedah njejegaken gesang ingkang tulus, ingkang jujur, ingkang ‘bares’ kados dene peksi dara. Peksi dara punika nggambaraken asipat ingkang tulus, jujur lan blaka. Boten beda ing antawisipun tetembungan kaliyan tumindak.

Ananging Gusti ugi ngemutaken supados kita sami kadhawuhan ngatos-atos kados dene sawer. Sawer punika sato kewan ingkang nggambaraken asipat pinter saha wasis ngendhaleni kawontenan. Kanthi mekaten kita sami kasagedna wasis, landhep ing pamawas supados kita boten dipun jiret kaliyan niating manahipun pra tiyang ingkang mengsahi kita. Kedah waspada! Menawi kita namung tulus kemawon, kita gampil kajiret. Menawi namung wasis, kita boten nggadahi manah ingkang suci. Pramila kita sami kedah mujudaken kalih-kalihipun sacara sesarengan: tulus lan waspada! Kita kedah tansah nyenyuwun kawicaksanan sarta kesagedan saking sang Roh Suci.

Gusti Yesus Kristus, Sang Pangen Utami, badhe nunggil kaliyan kita sami ngantos salami-laminipun. I* OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ