+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 8 Juli 2023 Minggu Limrah IX

Purwaning Dumadi 27:18-29; Jabur 45:10-17; Lukas 10:21-24

NINGALI KABINGAHAN KANG SEYEKTOS

Sawise mangkono Gusti Yesus banjur minger mirsani para sakabate

sarta dipangandikani piyambak: Begja mripat kang ndeleng

apa kang padha kokdeleng

(Lukas 10:23)

Gesanging umat manungsa mindhak dinten sangsaya mindhak ngraosaken awrating momotan gesang, sisah, nglokro, semplah. Kadosipun sampun mboten wonten pangajeng-ajeng malih kangge tumuju gesang ing masa ingkang badhe kalampahan. Ingkang mrihatosaken malih, samangke kathah tiyang ingkang mboten saged nampi saha nyumurupi kasunyataning gesang, kapara mboten kagungan raos panuwun dhumateng Gusti Allah.

Nalika mrangguli kahanan ingkang kados mekaten, minangka tiyang pitados, temtunipun saged ngraosaken lan sumerep bilih sayektosipun ing sadhengah pambudidaya ingkang katindakaken kathah bab ingkang saged kita sokuri. Kita ngaturaken panuwun sokur awit sih rahmatipun Gusti Allah. Panuwun sokur awit saking sadaya ingkang sampun dumados, punika ingkang dipun wulangaken dening Gusti Yesus dhateng kita.

Gusti Yesus karenan saha maringi idi, supados gesang kita manggih kabegjan saha karahayon.  Lan ingkang langkung utami saha sampun kapirsan bilih  Gusti Yesus sampun numpes panguwaosing iblis, kanthi mekaten sampun nyata bilih dosa lan pati  sampun kawon. Kratoning Allah sanyata rawuh lan nyata  wonten ing jagad. Gusti Yesus ngendika: ”Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng”. Gusti Yesus paring pangandika ugi bilih sayektosipun kathah nabi lan tiyang pengin sumurup bab ingkang sampun dumados, ananging mboten saged nyumurupi piyambak. Kenging punapa tiyang punika mboten saged sumerep? Awit umat punika sampun wuta lan mangkotaken manahipun.

Punapa kita tansah ngaturaken panuwun lan ningali kabingahan ingkang sayektos, awit Gusti Allah sampun paring samukawis ingkang prayogi dhateng kita? Panguwaos saha  katresnan lan sih rahmatipun Gusti Yesus tansah kaluberaken ing gesang kita. Mugi kita sami, minangka para kagunganipun Gusti, saged ningali kabingahan ingkang sayektos. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ