+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 9 Juli 2023 Minggu Limrah X

Purwaning Dumadi 24:34-38,42-49,58-67; Jabur 45:11-18

Rum 7:15-25a; Mateus 11:16-19, 25-30

TIMBALANIPUN GUSTI

PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua

 marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal

padha oleh ayeming nyawamu (Mateus 11:29)

Mboten wonten tiyang ingkang kepengin gesangipun kawengku ing maneka warni karibedan lan momotan. Sadaya tiyang temtu kepengin gesangipun luwar saking sawernining bilahi. Nanging ing kasunyatanipun, gesanging manungsa mboten saged kalis saking sambekala.  Tiyang ingkang satata lair kawawas gesangipun kebak ing kabegjan,  saged kemawon ing manahipun nyimpen kasisahan. Ananging  sanadyan kados mekaten sadaya pepalanging gesang kedah dipun adhepi kanthi patrap ingkang leres. Nalika tiyang ing gesangipun ngraosaken momotan ingkang awrat, saged jalari manahipun raos semplah, stress, depresi saha kecalan pangajeng-ajeng. Ing wusananipun kawontenan ingkang mekaten punika saged ngrisak iman kapitadosanipun. Tiyang punika mboten saged nyumerepi malih pitulunganipun Gusti Allah, saha mboten saged mitadosaken malih ing panganthi saha pangrimatipun Gusti Allah.

Wonten ing waosan kita wekdal punika, Gusti Yesus paring pandangu saha piwulang dhateng kita supados anggen kita nanggapi piwucal punika kanthi pener lan bener. Kita katimbalan: Sepisan: sinaosa ngraosaken kasangsaran ingkang awrat, prayogi dipun tanggapi sacara wening kanthi tansah ngugemi  iman kapitadosan Kristen. Wonten ing Sang Kristus, momotaning gesang ingkang awrat, saged karaosaken entheng lan sekecha. Kaping kalih: Kita kedah sinau dhateng Gusti Yesus, tegesipun kita saged tepang lan mangertos dhateng karsanipun Gusti Allah ing sadengah kawontenan. Kanthi mekaten kita mboten pareng namung ngendelaken kekiyatan diri kita piyambak. Ananging kita kedah nyuwun panganthi saha pitulunganipun Gusti Yesus Kristus, supados gesang kita boten dipun risak dening momotan. Manawi kita aben ajeng kalian karibedan saha momotan, saged ugi minangka satunggaling sarana kangge kita, ingkang hanjalari iman kapitadosan kita dhumateng Gusti Yesus sangsaya wuwuh lan kiyat.  I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ