Obaja 1:5-21; Jabur 142; Mateus 13:10-17 SUMEREP LAN MIRENG KANTHI PRAYOGI “Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu” (Mateus 13:16) Saestu prihatos manawi mripat kita mboten saged ningali lan talingan kita mboten saged mireng. Wonten ing wekdal samangke kathah tiyang ingkang sami sambat menawi netranipun blawur. Kadosta, kagem tiyang sepuh wonten katarakipun, tiyang ingkang kedangon anggenipun ngadhep komputer utawi HP. Kapara wonten ingkang wiwit lair mboten saged sumerep. Sadaya tiyang badhe rumaos bingah lan ngraosaken kabegjan ingkang ageng, samangsa netranipun punika sehat lan saged sumerep kanthi cetha lan sae. Netra saestu nggadhahi paedah ingkang ageng wonten ing gesanging manungsa. Mekaten ugi talingan ingkang saged mireng kanthi cetha. Ing waosan kita wekdal punika Gusti Yesus ngandika: “Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu” Pangandikanipun Gusti Yesus punika sayektosipun kangge mratelakaken bilih para sakabatipun minangka tiyang ingkang rahayu, karana saged sumerep kanthi nyata pakaryanipun Gusti Yesus ingkang kinanthenan mukjijat. Kajawi para sakabat ingkang saged sumerep, tiyang kathah ugi saged ningali lan mirengaken piwucalipun Gusti Yesus ingkang kebak ing panguwaos, kasebat minangka tiyang ingkang rahayu. Awit saged ningali lan mireng sacara langsung saking Gusti Yesus, bab gesang ing donya lan gesang ingkang langgeng. Minangka para tiyang ingkang pitados dhateng Gusti Yesus, sumangga kita ngaturaken panuwun awit sih-katresnan lan sih kamirahanipun, ingkang sampun kita raosaken wonten ing gesang kita. Sumangga kita temen-temen ngupados kangge martosaken pakaryanipun Gusti Yesus. Temahan sadaya tiyang saged mirsani lan mireng bab karahayon ingkang saking Gusti Yesus. Kitab Obaja ayat 15 mratelakaken: ”Amarga wus cedhak dinane Sang Yehuwah kang tumempuh marang sakehe umat, sira bakal diwales padha kaya kang dadi panggawenira, panggawenira bakal bali nampik marang sira dhewe”. I*PS
Slasa, 18 Juli 2023 Minggu Limrah XI
Yeremia 49:7-11; Jabur 142; Efesus 4:17-5:2 NILAR KAMANUNGSAN LAMI INGKANG KEBAK ING DOSA “Awit kowe wus krungu bab Panjenengane lan nampani piwulang ana ing Panjenengan manut kayekten kang satuhu ana ing Gusti Yesus, yaiku manawa kowe, ing bab lakumu kang biyen, kudu ngrucat kamanungsan lawas, kang nemahi rusak awit saka anane hawa-nepsu kang nasarake” (Efesus 4:21,22) Kathah tiyang namung remen nuntut hak lan ewed kangge atur panuwun sarta mboten purun netepi kuwajibanipun. Gesang sapikajengipun piyambak, mboten mreduli tiyang sanes, ngandhem sengit, brangasan, tumindak awon. Tiyang ingkang kados mekaten, tegesipun taksih kawengku ing gesang lami, dereng uwal saking dosa. Sabab piyambakipun taksih abdining dosa. Ananging tiyang ingkang sampun nampi Sang Kristus minangka Gustinipun, ateges piyambakipun sumanggem nyalibaken, ngubur saha nyingkur kamanungsan laminipun. Lan sampun mboten ngabdekaken dirinipun dhateng dosa lan gesang lami malih. Saben tiyang ingkang badhe ngetut wingking Gusti Yesus, sowan ing ngarsanipun, kedah nilaraken kamanungsan lami, inggih punika bab-bab ingkang dados pepalang tiyang nampi berkah, sih katresnan, lan sih rahmatipun Gusti Allah. Kados ta raos gumunggung, mboten sabar, kumeren, mboten setya sarta nguja hawa nepsu kadonyan. Minangka manungsa anyar ing Sang Kristus, kita kedah purun atur pangapunten, andum katresnan, ngunjukaken panuwun ing sadengah kawontenan. Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan, lumantar serat Efesus 4:21,22: ”Awit kowe wus krungu bab Panjenengane lan nampani piwulang ana ing Panjenengane manut kayekten kang satuhu ana ing Gusti Yesus, yaiku manawa kowe, ing bab lakumu kang biyen, kudu ngrucat kamanungsan lawas, kang nemahi rusak awit saka anane hawa-nepsu kang nasarake”. Rasul Paulus nandhesaken bilih gesanging para pitados punika kedah wonten ewah-ewahan, kaanyaraken, katitahaken malih wonten ing Sang Kristus Yesus. Sumangga kita ingkang sampun dados titah ingkang anyar wonten Sang Kristus punika tansah tumintak becik, temah saged mujudaken citranipun Allah. I*PS
Senen, 17 Juli 2023 Minggu Limrah XI
Mikha 1:1-5; Jabur 142; I Tesalonika 4:1-8 GESANG ING KASUCEN “Awit Gusti Allah anggone nimbali kita iku ora supaya alaku rusuh, nanging supaya nindakake apa kang suci” (I Tesalonika 4:7) Satunggaling bab ingkang linangkung aji tumrap manungsa inggih punika menawi manungsa katimbalan lan kaagem dening Gusti Allah, kangge mujudaken rancanganipun Gusti Allah. Awit manungsa katitahaken kangge nindakaken ingkang dados karsanipun Gusti Allah. Kadosdene satunggaling alat ingkang dipun ginakaken kangge ancas tujuan ingkang mulya, tiyang ingkang kaagem dening Gusti Allah, kedah gesang ing kasucen. Saya resik lan suci gesangipun tiyang, mila piyambakipun sangsaya dipun agem dening Gusti Allah minangka pirantosipun. Gesang ing kasucen ateges gesang wonten ing pakaryanipun Sang Kristus. Lumantar seda lan wungunipun Gusti Yesus, manungsa ingkang dosa kasucekaken lan kaapunten dosanipun. Tiyang ingkang sampun kasucekaken dening rahipun Sang Kristus kaatag supados dados pribadi ingkang mboten tumindak dosa malih. Nalika gesangipun manungsa mrangguli saha ngadhepi maneka warni prakawis, punika dados pirantos kangge kadiwasanipun. Punika minangka proses ngudi kasucen ingkang kedah dipun alami dening saben tiyang pitados sacara nyata. I Tesalonika 4:7 nelakaken: ”Awit Gusti Allah anggone nimbali kita iku ora supaya alaku rusuh, nanging supaya nindakake apa kang suci”. Awit saking punika sinten kemawon ingkang nampik timbalan punika, ateges nampik Gusti Allah ingkang sampun maringaken Rohipun dhateng kita. Pramila sumangga kanthi eklas lan setya tuhu, kita masrahaken gesang kita dipun agem dening Gusti Allah. Kita sumadya dipun sucekaken, kapisahaken saking jagad punika. Dados seksinipun Gusti ing satengahing donya ingkang kebak dosa, kanthi mbabar gesang ing katresnan, kayekten, saha kasucen. Gesang minangka para pendherekipun Sang Kristus. I*PS
Ahad, 16 Juli 2023 Minggu Limrah XI
P. Dumadi 25:19-34; Jabur 119:105-112; Rum 8:1-11; Mateus 13:1-9, 18-23 MBOTEN WONTEN PAUKUMAN MALIH “Sang Roh, kang paring urip, wus ngluwari kowe kabeh ana ing Sang Kristus, saka angger-anggering dosa lan angger-anggering pati” (Rum 8:2) Wonten ing serat Rum, kita saged maos lan sumerep wonten kalih karajan ingkang kalandhesaken ing pranatan utawi angger-angger ingkang lelawanan. Sepisan, angger-angger ing karajaning iblis. Inggih punika angger-angger ingkang njalari dosa lan pejah. Kaping kalih, angger-angger wonten ing Kratoning Allah. Inggih punika angger-anggering Roh ingkang maringi gesang wonten ing Sang Kristus. Samangke kita mboten kawengku malih ing panguwaos lan angger-anggering iblis. Ananging sampun kaluwaran saking panguwaosing iblis, tumuju dhateng Kratoning Allah utawi Kratoning Swarga. Bab punika dumados amargi kita sampun kasucekaken lumantar rahipun Gusti Yesus. Kita sampun sinengker lan katimbalan supados gesang kita kagem Panjenenganipun. Supados sangsya bakuh lan sangsaya kiyat anggen kita lumampah ing margining karahayon, kita kedah tansah sinau bab pangandikanipun Gusti Allah. Sabdanipun Gusti Allah punika dados dilah saha oboring gesangipun tiyang pitados. Lan punika kita tanggapi kanthi prasetya ngestokaken sabdanipun Gusti Allah. Kadosdene sang pemazmur mratelakaken: “Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajengipun suku kawula, sarta pepadhanging margi kawula. Kawula sampun supaos, saha kawula badhe netepi, badhe ngestokaken sarak-sarak paduka ingkang adil” (Jabur 119:105,106). Kadospun pundi patrapipun ing gesang kita, minangka wujud raos sokur anggenipun sampun nampi gesang lan sih rahmatipun Gusti Allah? Temtunipun kita kadosdene pasiten ingkang becik kangge tuwuhing wiji ingkang kasebar inggih punika Sabdaning Allah. Gusti Yesus sampun paring pangandika: “Nanging kang kasebar ing lemah becik iya iku wong kang ngrungokake pangandika lan mangreti, mulane iya banjur metu wohe, ana sing tikel satus, ana sing tikel sawidak, ana sing tikel telung puluh” (Mateus 13:23). I*PS
Jemuwah 14 Juli 2023 Minggu Limrah X
Pangandaring Toret 32:1-10 ; Jabur119:105-112; Rum 15:14-21 KAYEKTEN LAN KAADILANIPUN GUSTI ALLAH “Gunung Parang, kang sampurna pakaryane, jejeg sakehe margine; marga Gusti Allah kang setya-tuhu, ora ana kaculikane, Panjengane iku bener lan adil.” (Pangandaring Toret 32:4) Mirsani pamawasipun tiyang kathah, kayekten punika kahanan ingkang cocok kaliyan kasunyatan, utawi leres tata lair lan batosipun. Kayekten ugi dipun tegesi jejeging manah, jujur, kados karenan. Wonten ing diri pribadinipun umat manungsa, sayektosipun wonten raos kaadilan. Sanajan manungsa nggadhahi raos kaadilan, nanging sayektosipun dosa lan duraka sampun njalari kaadilanipun manungsa punika sirna. Ing waosan kita wekdal punika, nabi Musa paring piwulang satunggaling kekidungan ingkang ngemu suraos bab piwulang-piwulang lan pitedah ingkang wigati, saderengipun umat Israel lumebet ing tanah prasetyan. Satunggaling bab ingkang karembag inggih punika kayekten lan kaadilanipun Gusti Allah. Kaping sepisan, nabi Musa ngengetaken bilih kaadilanipun Gusti Allah punika mahaluhur. Umatipun Gusti Allah kedah nggadhahi pengaken lan pratap sumarah dhateng kaadilanipun Allah, temah nggadhahi pengajeng-ajeng wonten ing Gusti. Kaping kalih; Kaadilanipun Gusti Allah punika ingkang dados tetalesing piandelipun umat, awit Panjenenganipun dados redi parang wonten ing pakaryanipun ingkang sampurna. Redi parang inggih punika mratelakaken minangka pangayoman ingkang santosa lan mboten ewah gingsir. Mila pakaryanipun Gusti Allah punika saestu sampurna. Kaping tiga; Kaadilanipun Gusti Allah tansah mratelakaken kayekten. Kaadilanipun Gusti tansah lumampah sesarengan kaliyan kayektenipun. Kaadilanipun Gusti Allah kapara lumampah sesarengan kaliyan katresnanipun. Awit saking punika, kita kedah sadar lan ngrumaosi bilih nalika kaadilanipun Gusti Allah kita andelaken wonten ing gesang kita, mila kita ugi kedah nggadhahi patrap ingkang adil dhateng sesami kita. Sampun ngantos damel kapitunanipun ngasanes. Ngapusi, pitenah, culika lan sanesipun kedah katebihaken saking gesang kita. Dayaning dosa sampun ngantos nguwaosi gesang kita malih. I*PS
Kemis, 13 Juli 2023 Minggu limrah X
Pangentasan 3:1-6 ; Jabur 119:105-112; Rum 2:12-16 TIYANG INGKANG LERES “Amarga wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allah iku dudu kang ngrungokake angger-anggering Toret, nanging kang netepi angger-anggering Toret” (Rum 2:13) Wonten pitakenan kangge kita sadaya mekaten: pundi ingkang langkung gampil, dados tiyang ingkang sae punapa dados tiyang ingkang leres? Temtunipun langkung gampil dados tiyang sae katimbang dados tiyang ingkang leres. Sabab sae punika dereng tamtu leres. Ananging leres punika mesti sae. Dados tiyang leres ateges kagungan tekad saha wantun nrajang arus ingkang lelawanan kagem kaluhuran asmanipun Gusti Allah. Tiyang ingkang leres, wantun ngadhepi lan nampi panyaruwe, sadaya patraping gesang adhedhasar ing kayekten. Ingkang asring njalari tiyang mboten sumadya dados tiyang ingkang leres inggih punika raos ajrih dipun sengiti, dipun singkiri, kaancam, lan sapiturutipun. Mila ing kasunyataning gesang, para tiyang pitados langkung sumadya nampi lan pitados Gusti Yesus ingkang misuwur awit kasaenanipun katimbang Gusti Yesus ingkang dipun sengiti awit kayektenipun. Tetalesing kasanggemanipun para tiyang pitados tetep setya tuhu lan bekti dhumateng Gusti Yesus, inggih punika awit saking katresnan lan pangurbananipun Sang Kristus. Nanging sampun ngantos lepat anggenipun kita mawas bilih patrap ingkang leres dados tiket kangge sapikajengipun sami atur pangandikan, ngakimi tiyang sanes ingkang kaanggep lepat. Kanthi gumunggung ngukumi tiyang sanes, nanging supe dhateng kekiranganipun piyambak. Rasul Paulus ngengetaken dhateng kita: “Amarga wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allah iku dudu kang grungokake angger-anggering Toret, nanging kang netepi angger-anggering Toret” (Rum 2:13). Tiyang ingkang leres kedah nindakaken kanthi nyata dhawuhipun Gusti Allah wonteng gesang padintenan. Awit saking punika sampun samesthinipun kita mawas dhiri lan nggadhahi patrap andhap asor. Sumangga, kita sami mbudidaya dados tiyang ingkang leres wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Pitadosa bilih kita punika mboten piyambakan, Sang Roh Suci tansah paring pitulungan dhateng tiyang ingkang gesangipun mbangun turut dhumateng Gusti Allah. I*PS
Rebo, 12 Juli 2023 Minggu Limrah X
Purwaning Dumadi 29:31-35; Musthikaning Kidung 2:8-13; Yokanan 13:1-17 KATIMBALAN KANGGE LELADOS “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sawijining abdi iku ora ngungkuli bendarane, utawa sawijining utusan iya ora ngungkuli kang ngutus.” (Yokanan 13:16) Ngajengaken pesta demokrasi inggih punika pemilihan umum sae punika pilkada punapa dene pilpres, asring wonten kadadosan rebatan kalenggahan (perebutan kursi). Maneka warni pambudidaya supados saged pikantuk kalenggahan. Contonipun, wonten tiyang ingkang rila ngedalaken arta milyaran rupiah supados saged pikantuk kursi utawi kalenggahan nuju wonten ing istana. Ing pundi-pundi tiyang sami remen rebatan kursi utawi kalenggahan: wonten ing partai politik, wonten ing perusahaan, kapara ugi wonten ing pasamuwan. Sadaya kaangkah saged dados tiyang ingkang pinunjul, dipun urmati dening tiyang kathah. Nanging Gusti Yesus ngandika bilih tiyang pitados kedah nggadhahi patrap ingkang andhap asor ing gesangipun. Kita katimbalan dening Gusti kanthi maneka warni kanugrahan ingkang bedha-bedha. Sanadyan mekaten sampun ngantos dumados pasulayan, cecongkrahan. Gusti Yesus ngersakaken supados kita saged migunakaken sadaya kanugrahan kangge pirantos lan kangge jangkepi ayahan peladosan. Sadaya katindakaken kagem kaluhuran asmanipun Gusti Allah. Tumrap gesang wonten ing bebrayan agung, sae punika ing satengahing brayat, pasamuwan punapa dene ing satengahing masyarakat, bangsa lan nagari, kabetahaken kasanggeman kangge lelados dhateng saben tiyang. Mboten mbeda-mbedakaken, murih saged sesarengan tuwuh gesang ingkang kebak tentrem rahayu. Mbangun gesang pasedherekan ingkang tansah raket lan rumaket. Nindakaken jejibahanipun tanthi suka bingah ing manah lan kanthi tanggel-jawab. Gusti Yesus sampun paring dhawuh saha tuladha dhateng para kagunganipun supados sami ngladosi. Ing Injil Yokanan 13:14 Gusti Yesus ngandika: ”Dadi manawa Aku iki kang dadi Gusti lan Gurumu wus ngwisuhi sikilmu, dadi kowe iya padha kuwajiban wisuh-winisuhan sikil” Dipun tandesaken ing ayat 16, mekaten, ”Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sawijining abdi iku ora ngungkuli bendarane, utawa sawijining utusan iya ora ngungkuli kang ngutus.” I*PS
Slasa, 11 Juli 2023 Minggu Limrah X
Purwaning Dumadi 29:1-14; Musthikaning Kidung 2:8-13; Rum 3:1-8 GUSTI ALLAH KANG ADIL “Nanging manawa duraka kita iku nelakake kabeneraning Allah, banjur apa kang bakal padha kita kandhakake? Apa Gusti Allah padha kita anggep ora adil yen ta ngetingalake anggone bendu? Calathuku iki cara manungsa.Mesthi bae ora! Yen mangkono kapriye Gusti Allah anggone arep ngadili jagad?” (Roma 3:5-6) Wonten satunggaling siswa Sekolah Dasar ingkang sangaja mboten nggarap tugas saking gurunipun. Piyambakipun namung mesem sumerep kanca-kancanipun mbudidaya kanthi temen anggenipun nggarap tugas. Lare wau rumaos yakin gurunipun mboten badhe ndukani piyambakipun. Kenging punapa? Jebul guru punika bapakipun piyambak. Ananging pamawas lare punika lepat. Gurunipun tetep ndukani lan ngukum piyambakipun. Umat kagunganipun Gusti Allah nggadhahi kaunggulan manawi kabandhingaken kaliyan bangsa sanesipun. Mboten karana kapinteranipun, nanging awit saking timbalanipun Gusti Allah ingkang kaparingaken supados dados umat ingkang saged dados lantaraning berkah tumrap bangsa sanes. Lajeng kados pundi ingkang dumados, manawi umat kagunganipun Gusti Allah punika mboten saged nindakaken rancangan saha karsanipun Gusti? Punapa saged jalari katresnan lan kasetyanipun Gusti Allah punika mboten maujud ing gesangipun umat manungsa? Pranyata mboten. Sih katresnan lan kasetyanipun tetep maujud, kapara sih rahmat saha pangapuntening dosa kaparingaken tumrap manungsa dosa. Gusti Allah estu setya. Kasetyaning Gusti Allah nglangkungi dosanipun manungsa. Temtu mboten ateges manungsa saged tumindak sapikajeningipun piyambak, nglirwakaken jejibahan minangka umat kagunganipun Gusti Allah. Punapa ingkang dipun ngandikakaken dening Rasul Paulus wonten ing waosan kita, ngengetaken bilih Gusti Allah punika adil. Mila Panjenenganipun temtu badhe paring paukuman tumrap sedaya manungsa ingkang dosa. Manawi mekaten, Gusti Allah paring bebendu dhateng manungsa, ing pundi dununging katresnanipun Gusti Allah? Kita sampun pitados bilih Gusti Allah sampun ngutus kang Putra onthang-onthing Gusti Yesus, minangka gantosing manungsa. Punika kaadilanipun Gusti Allah ingkang sampun nyata lan sampun maujud. I*PS
Senen, 10 Juli 2023 Minggu Limrah X
Purwaning Dumadi 27:30-46; Musthikaning Kidung 2:8-13; Rum 1:8-25 WONG BENER KUWI URIPE SAKA PRACAYA “Sabab ing kono kalairake kabeneraning Allah, kang metu saka ing pracaya lan nuntun marang pracaya, kaya kang katulisan, wiraose: Wong kang bener iku bakal urip saka pracaya” (Rum 1:17) Minangka manungsa dosa ingkang saestu ringkih sarta winates, asring rumaos ewed kangge mitadosi satunggaling bab ingkang mboten kita mangertosi piyambak. Ananging Gusti Yesus nimbali kita supados kita nggadhahi piandel dhumateng Panjenenganipun ing sadhengah kawontenan tanpa pawadan punapa kemawon. Pitados dhumateng Gusti Yesus punika kedah dipun cakaken wonten ing gesang padintenan, murih kita pikantuk berkah saha kawilujengan. Mila piandel punika kedah tuwuh ngrembaka. Kita ugi mbetahaken pitulunganipun Gusti Allah supados kita saged nggadahi piandel ingkang kiyat. Nalika kita nembe ngraosaken karibedan, kita kedah mujudaken iman pitados bilih kita nggadhahi Gusti Allah ingkang Maha Agung. Gesangipun tiyang pitados, kedah wonten ing salebeting panuntun lan pangrehipun Gusti Allah. Tegesipun manut ing sakarsanipun Gusti Allah. Gesang tanpa tinuntun ing karsanipun Gusti Allah ateges mboten pitados lan ugi mboten mratelakaken bab kayekten. Kanthi mekaten, pitados ateges mujudaken tumindak ingkang cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Punika iman pitados ingkang leres, kados ingkang sampun katindakaken dening Rama Abraham. Sumangga, kita ingkang sampun pitados saha ngakeni bilih Gusti Yesus punika Juru Wilujeng, kita tansah gesang dados tiyang ingkang leres. Ayat nats kita ngengetaken kita sadaya, “Sabab ing kono kalairake kabeneraning Allah, kang metu saka ing pracaya lan nuntun marang pracaya, kaya kang katulisan, wiraose: Wong kang bener iku bakal urip saka pracaya.” Kita mboten namung remen nampi berkah lan sih rahmat kawilujengan tanpa nggetuni dosa lan duraka. Kita kedah sinau saking kalepatan kita, pasrah dhumateng Gusti Allah, kanthi laku gesang ingkang leres lan pitados dhumateng Sang Kristus. I*PS
Ahad, 9 Juli 2023 Minggu Limrah X
Purwaning Dumadi 24:34-38,42-49,58-67; Jabur 45:11-18 Rum 7:15-25a; Mateus 11:16-19, 25-30 TIMBALANIPUN GUSTI “PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu” (Mateus 11:29) Mboten wonten tiyang ingkang kepengin gesangipun kawengku ing maneka warni karibedan lan momotan. Sadaya tiyang temtu kepengin gesangipun luwar saking sawernining bilahi. Nanging ing kasunyatanipun, gesanging manungsa mboten saged kalis saking sambekala. Tiyang ingkang satata lair kawawas gesangipun kebak ing kabegjan, saged kemawon ing manahipun nyimpen kasisahan. Ananging sanadyan kados mekaten sadaya pepalanging gesang kedah dipun adhepi kanthi patrap ingkang leres. Nalika tiyang ing gesangipun ngraosaken momotan ingkang awrat, saged jalari manahipun raos semplah, stress, depresi saha kecalan pangajeng-ajeng. Ing wusananipun kawontenan ingkang mekaten punika saged ngrisak iman kapitadosanipun. Tiyang punika mboten saged nyumerepi malih pitulunganipun Gusti Allah, saha mboten saged mitadosaken malih ing panganthi saha pangrimatipun Gusti Allah. Wonten ing waosan kita wekdal punika, Gusti Yesus paring pandangu saha piwulang dhateng kita supados anggen kita nanggapi piwucal punika kanthi pener lan bener. Kita katimbalan: Sepisan: sinaosa ngraosaken kasangsaran ingkang awrat, prayogi dipun tanggapi sacara wening kanthi tansah ngugemi iman kapitadosan Kristen. Wonten ing Sang Kristus, momotaning gesang ingkang awrat, saged karaosaken entheng lan sekecha. Kaping kalih: Kita kedah sinau dhateng Gusti Yesus, tegesipun kita saged tepang lan mangertos dhateng karsanipun Gusti Allah ing sadengah kawontenan. Kanthi mekaten kita mboten pareng namung ngendelaken kekiyatan diri kita piyambak. Ananging kita kedah nyuwun panganthi saha pitulunganipun Gusti Yesus Kristus, supados gesang kita boten dipun risak dening momotan. Manawi kita aben ajeng kalian karibedan saha momotan, saged ugi minangka satunggaling sarana kangge kita, ingkang hanjalari iman kapitadosan kita dhumateng Gusti Yesus sangsaya wuwuh lan kiyat. I*PS
